Cara sembahyang ning Kemah Suci ndunyawi
9
Janji sing kawitan nduweni aturan gawe sembahyang sing dilakoni ning Kemah Suci ning ndunya. 2 Kemah Suci iku digawe biyen pas wong Ibrani ana ning ara-ara amba. Ning Kemah Suci, liwat slambu sing kawitan, ana enggon kawitan dijenengi Papan Suci. Ning njero Papan Suci iku ana cagak sing duwe damare pitu. Ana pisan meja gawe ndelehen rolas iji roti suci.
Oncor, meja, ambek mesbah dupa (9:1-2)
3-4 Terus ana mesbah emas gawe ngobong dupa. Ning mburine slambu nomer loro ana siji enggon maneh sing dijenengi Papan Maha Suci. Ning papan iku ana peti kayu sing dilapisi emas, yaiku Peti Janjine Pengeran. Ning njerone ana telung bekakas, yaiku: kendi emas sing di'isi manna, tekene Harun sing mupus, ambek watu lebek loro. Ning duwure watu lebek loro iku ana ukirane tulisan janji.5 Peti Janji iku ditutup mbarek kayu sing dilapisi emas pisan. Tutup iku dijenengi, “tahta welas asihan.” Biyen kamulyane Pengeran netep ning kono. Panggonan iku diayomi suwiwi-suwiwi loro malaekat sing diarani kerubim. Tapi nanak wayah kanggo ngomongen kabeh iku sak'iki.
Peti Janji (9:5)
6 Ya ngono kabeh iku wis diatur ning Papan Suci. Pengarep-pengarepe sembahyang mlebu Papan Suci saben wayah gawe nglakoni penggaweane sing ditentok'en ning janji kawitan gawe Pengeran karo wong liyane. 7 Tapikne mek pengarepe sembahyang agung sing mlebu nang Papan Maha Suci, terus mek sak'taun sepisan. Pengarepe sembahyang agung iku orak tau mlebu mbarek orak nggawa getih. Apa maneh, pengarepe sembahyang agung iku kudu nggawa getihe kewan gawe awak'e dewe ambek getih gawe dusa-dusane uwong-uwong sing orak sengaja dilakoni. 8 Ngliwati getihe korban-korban sing kudu dikorbanen pengarepe sembahyang nurut janji sing kawitan, Rohe Pengeran ndudohen nek'e Pengeran durung mbukak dalan nang Papan Maha Suci. Dalan iku durung dibukak sak'wene kemah sing kawitan gek digunak'en. 9 Iku ngono tenger antarane janji sing lawas ambek janji sing anyar. Nurut janji sing lawas, korban-korban ambek sesajen-sesajen sing digewehi nang Pengeran orak bisa nyucek'en atine wong sing nyembah nang Pengeran. 10 Janji lawas iku mek mentingen panganan, ombenan, karo macem-macem cara ngrijik'i ragane wong. Kabeh iku mek aturan kanggo njabane wong sampek Janji Anyar teka.
Penggaweane Kristus ning swarga
11 Tapikne Kristus wis teka, terus dadi Pengarepe Sembahyang Agung kanggo ngatur sak'kabehe sing apik ning Janji Anyar sing wis teka. Kristus wis mlebu nang Kemah Suci sing luwih gede ambek luwih apik. (Kemah iku orak dibangun nang tangane menungsa, ya orak digawe ambek paran wae ning ndunya iki.) 12 Kristus mlebu Kemah Suci sing sempurna iku orak ambek getihe domba karo anak'e sapi. Kristus mlebu Papan Maha Suci iku ambek getihe dewe. Kristus nglakok'en iku sepisan gawe sak'lawase. Nggawe cara iki, Kristus nebus kene teka ukumane dusa sak'lawase.
13 Nurut cara sembahyang ning janji lawas, getihe domba utawa getihe anak'e sapi lanang mbarek awune sapi enom kudu dicipraten ning duwure wong-wong sing diarani “najis.” Wong-wong iku diciprati kepe awak'e disucek'en. Wong-wong iku diarani “rijik” tapi mung njabane. 14 Tapi Kristus nggewehen Awak'e dewe, sing nanak cirine, nang Pengeran. Kristus nglakoni iki liwat kuwasane Roh Suci sing langgeng. Getihe Kristus bakale ndadek'en kene luwih rijik maneh! Getih iku ngilangen rumangsa salah ning batine kene merga tau nglakoni dusa. Dusa mesti nuju nang pepati. Tapi sak'iki kene bisa ngladeni Pengeran sing urip.
15 Merga Kristus ngorbanen Awak'e dewe, Kristus ndadek'en Janji Anyar antarane Pengeran ambek menungsa. Sak'iki wong-wong sing diceluk Pengeran dewe bakale nerima warisan langgeng sing wis dijanjek'en. Kabeh iku kedaden merga Kristus wis mati gawe mbebasen wong-wong iku teka dusa sing dilakoni pas janji lawas gek kanggo.
Janjine Pengeran entah surat wasiat
16 Umpamane ana uwong sing nggawe surat wasiat, terus mati. Sing kudu dibuktek'en, uwong sing nggawe surat wasiat iku mau pancene mati, 17 merga surat iku orak dikanggok'en nek'e wong sing nggawe surat iku mau gek urip. Tapi, nek uwong sing nggawe surat wasiat iku wis mati, surat iku dikanggok'en. 18 Mangkane janji sing kawitan orak sah nek nanak getihe kewan. 19 Musa kekawitane nyampek'en sak'kabehe prentah hukum agama nang kabeh uwong. Terus Musa njupuk getihe anak'e sapi. Musa njupuk pisan banyu, wulune domba sing disumba abang breh karo nggawe suket alang-alang.a Musa nyiprati Kitab Janji ambek nyiprati kabeh uwong. 20 Musa guneman, “Iki ngono getihe janjine Pengeran sing kudu dipatuhi.” 21 Musa nyiprati Kemah Suci nggawe getih, ya nyiprati pisan sak'kabeh alat sing digawe nurut cara sembahyang teka janji lawas. 22 Tibak'e, aturane janji lawas guneman nek meh sembarang kalir kudu disucek'en nggawe getih. Nek nanak kutahe getih, nanak sing bisa disepurani.
23 Kabeh alate agama Ibrani iku mek gambaran teka sing sak'temene ana ning swarga. Alat agama iku kudu disucek'en ambek korban belehan. Tapikne kabeh alat iku sing sak'temene ning swarga mbutuh korban sing temenan luwih apik'e. 24 Kristus orak mlebu Kemah Suci sing digawe tangane menungsa. Kemah iku ning ndunya mek gambaran teka kemah sing asline. Kristus mlebu swarga sejati terus ngadek ning ngarepe Pengeran kanggo nulung kene. Kristus ana ning kana sak'iki. 25 Pengarepe sembahyang agung sing biasa ngleboni Papan Maha Suci saben taun, terus nggawa getih sing duduk duwek'e dewe. Tapi Kristus orak mlebu swarga kanggo bolak-balik ngorbanen Awak'e dewe. 26 Nek Kristus kudu melu cara iku, tegese Kristus kudu sara bolak-balik sak'jeke ndunya iki didadek'en. Tapi nyatane, pas pungkasane jaman, Kristus wis teka sepisan kanggo ngilangen dusa ngliwati ngorbanen Awak'e Yesus dewe. 27 Kabeh menungsa kudu mati sepisan. Maringono, Pengeran bakale ngadili kabeh wong. 28 Nggawe cara sing pada, Kristus dikorbanen sepisan. Kristus nanggung dusane wong akeh. Kristus pisan bakale teka ping pindone. Pas iku Kristus orak bakale sara merga dusa. Sewalik'e, Kristus bakale teka kanggo nyelameten wong-wong sing nemen ngenteni Kristus.