Yesus, Pengarepe Sembahyang Agung sing nggawa Janji Anyar
8
Paran sing tau tak tulis nuju nang iki: Kene kabeh nduwe Pengarepe Sembahyang Agung sing sempurna, yaiku Yesus. Yesus iku wis lungguh ning enggon sing paling kuwasa ning swarga, yaiku ning sisih tengene Pengeran, sing Maha Mulya. 2 Yesus ngladeni ning Kemah Suci ning swarga sing sejati, sing dibangun nang Gusti Yesus dewe, duduk dibangun menungsa.3 Saben pengarepe sembahyang agung dipilih teka wong Ibrani kanggo nggewehi sesajen karo korban. Ya ngono Yesus sing dadi Pengarepe Sembahyang uga kudu siap nggenehi korban. 4 Nek Pengarepe Sembahyang iki ana ning ndunya, orak bakal dadi pengarepe sembahyang biasa, merga wis ana akeh pengarepe sembahyang ning Umahe Pengeran sing nggenehi korban-korban nurut hukum agama Ibrani. 5 Tapi, pengarepe sembahyang iku ngladeni ning Umahe Pengeran sing mek gambaran ambek wewayangane teka Kemah Suci ning swarga. Mangkane Musa di'ilingen Pengeran biyen cekne mbangun Kemah Suci iku, “Persis gambaran sing didudohen sira ning nduwure pusung.”† 6 Tapikne Yesus wis digewehi penggaweane ning ngarepe Pengeran sing luwih penting. Yesus ana ning antarane menungsa karo Pengeran, terus makili siji nang sijine cekne setia nang Janji Anyar. Janji Anyar iki luwih apik timbangane janji sing lawas, terus didasaren janji-janji sing luwih apik.
7 Umpamane nanak sing salah nurut janji sing kawitan iku. Nek ngono, nanak gunane nggolek janji sing liyane. 8 Tapikne Pengeran ndeleng wong Ibrani iku orak setia. Pengeran guneman,
“Dina-dina bakale teka, guneme Gusti Pengeran,
Reang kate gawe Janji Anyar bareng sak'kabehe wong Ibrani,
yaiku sing manggon ning sisih lor ning Israel,
ambek sing manggon ning sisih kidul ning Yudea.
9 Janji Anyar iki orak pada karo janji sing tau Reang gawe
ambek mbah buyute wong Ibrani.
Pas iku Tak gecek'i tangane mbah buyute wong Ibrani,
terus Tak tuntun wong-wong iku metu teka negri Mesir.
Tapi wong-wong iku orak nurut nang janji lawas teka Reang.
Dadi Reang nolak wong-wong iku, guneme Gusti Pengeran.
10 Ikilo janji sing kate Tak gawe kanggo wong-wong Ibrani.
Sak'marine iku, guneme Gusti Pengeran,
Reang kate ndeleh hukume Reang sak'njerone pikire wong iku.
Reang kate nulis hukume Reang sak'njerone atine wong iku.
Reang bakale dadi Pengerane wong-wong iku,
terus wong-wong iku bakale dadi umat pilihane Reang.
11 Wong-wong iku orak bakal mulang maneh nang kancane,
utawa mulang nang dulure ngene, ‘Kenalna Gusti Pengeran.’
Merga sak'kabehe umate Reang bakale kenal Reang,
molai sing paling cilik, sampek sing paling gede.
12 Reang bakale nyepura kelakuane sing jahat.
Reang bakale nglalek'en dusa-dusane.” (Yeremia 31:31-34)
13 Pengeran sing ngarani Janji iku “anyar.” Dadi Pengeran wis ndadek'en janji sing kawitan iku “lawas.” Terus paran wae sing lawas nanak gunane maneh, ya orak kosi suwe bakale ilang.