Melkisedek, Pengarepe Sembahyang sing liyane
7
Melkisedek biyen iku Rajane kota Salem. Melkisedek ya pisan dadi pengarepe sembahyang kanggo Pengeran Sing Maha Duwur. Melkisedek ketemu Abraham, sing gek entas menang teka perang nglawan raja-raja,† terus mberkahi Abraham. 2 Abraham nggenehi Melkisedek sepersepuluh (¹⁄₁₀) teka olehe rampasane. Na, jeneng Melkisedek iki tegese “Raja sing bener,” terus Rajane Salem tegese “Rajane damang.” 3 Melkisedek orak duwe bapak emakne, ya orak duwe riwayate keturunan. Nanak tulisan sing ndudohen kapan laire utawa kapan matine. Melkisedek dadi pengarepe sembahyang sak'lawase. Tenger-tenger iku kabeh persis Anak'e Pengeran.4 Pikirna agunge Melkisedek iku! Abraham, leluhure kene, nggenehi Melkisedek persepuluhane teka olehe rampasane perang. 5 Sak'iki hukum agama Ibrani netepen aturan kanggo anak-anak'e Lewi sing dadi pengarepe sembahyang. Wong-wong iku kudu nglumpuk'en persepuluhane teka rakyat, yaiku wong Ibrani liyane. Wong-wong iku kudu nglakoni iki masia wong-wong iku kabeh ya keturunane Bapak Abraham. 6 Tapi Melkisedek iki duduk keturunane Lewi. Masia ngono, Melkisedek nerima persepuluhane teka Abraham, terus mberkahi Abraham sing wis nerima janji-janjine Pengeran. 7 Nanak bantahan, biasane wong sing luwih penting mberkahi wong sing kurang penting. 8 Biasane, sepersepuluh diklumpuk'en nang pengarep-pengarepe sembahyang sing bakale mati. Tapikne Melkisedek iki gek urip, terus nerima sepersepuluh pisan. 9 Biyen keturunane suku Lewi nglumpuk'en sepersepuluh merga wong-wong iku dadi pengarepe sembahyang. Tapikne bisa disampek'en nek Lewi, masia durung dilairen, mbayar sepersepuluh nang Melkisedek ngliwati Abraham. 10 Iki kabeh kedadean pas Melkisedek ketemu Abraham, merga Lewi gek ana ning njerone ragane Abraham.
Yesus persis Melkisedek
11 Hukum agama Ibrani digenehen nang wong Ibrani liwat pimpinan pengarep-pengarepe sembahyang teka suku Lewi. Tapi pengarep-pengarepe sembahyang iku nglakoni penggaweane sing orak bisa sempurna. Dadi sing dibutuhen, pengarepe sembahyang liya, sing persis Melkisedek, duduk teka keturunane Harun.a 12 Na, nek ana pengarepe sembahyang liya sing teka, hukum agama Ibrani kudu diubah. 13 Kene guneman ngenek'i pengarepe sembahyang sing asale teka suku sing orak pada. Nanak sesijia wong teka suku iku sing tau ngladeni ning ngarepe mesbah. 14 Wis jelas Yesus, Gustine kene, asale teka keturunane suku Yehuda. Tapi Musa durung tau ngomong peparan ngenek'i wong Yehuda sing oleh dadi pengarepe sembahyang. 15 Sing diubah iku luwih jelas maneh nek ana pengarepe sembahyang liya sing teka memper Melkisedek. 16 Yesus orak dipilih dadi pengarepe sembahyang nurut aturan agama sing nentok'en keturunane Lewi. Yesus wis dadi pengarepe sembahyang nurut kuwasane urip sing orak bisa dimusnahen. 17 Ning Kitab Suci ana unine ngene,
“Sira iku pengarepe sembahyang sak'lawase,
nurut carane Melkisedek.” (Masmur 110:4)
18 Aturan sing lawas disingkiren merga aturan iku orak kuwat, terus nanak gunane. 19 Hukum agama Ibrani orak bisa gawe paran wae dadi sempurna. Sak'iki kene ngenteni janji sing luwih apik, sing ndadek'en kene bisa marek'i Pengeran.
20 Yesus didadek'en pengarepe sembahyang liwat sumpahe Pengeran. Tapikne pengarepe sembahyang biasa orak dipilih liwat sumpah. 21 Mek Yesus sing dadi pengarepe sembahyang liwat sumpah. Pengeran guneman nang Yesus,
“Gusti Pengeran wis gawe sumpah, terus orak bakal rubah pikire.
Gusti Pengeran guneman, ‘Sira iku pengarepe sembahyang sak'lelawase.’ ” (Masmur 110:4)
22 Mangkane Yesus wis mastek'en janji sing luwih apik.
23 Akeh pengarepe sembahyang teka liwat keturunane Lewi merga akeh sing mati, terus orak bisa nerusen penggaweane. 24 Tapikne Yesus iku urip sak'lelawase. Dadi Yesus teterusan dadi pengarepe sembahyang. 25 Sak'iki sapa wae bisa teka nang Pengeran ngliwati Yesus. Terus Yesus bisa nyelameten wong-wong iku kabeh, uga sak'lelawase. Yesus urip sak'lelawase, terus ndedunga kanggo wong-wong iku.
26 Yesus, Pengarepe Sembahyang Agung iki, bener-bener bisa nyukupi kebutuhane kene kabeh. Uripe Yesus iku suci, nanak salahe, ya nanak cirine. Yesus iku orak pada karo wong sing dusa. Yesus munggah nang swarga sing paling duwur. 27 Yesus orak tiru pengarepe sembahyang biasa. Pengarepe sembahyang iku kudu nggewehi korban saben dina. Sepisan kudu nggawa korban kanggo dusa-dusane dewe, terus kudu nggewehi korban kanggo dusa-dusane rakyat. Tapikne Yesus nggenehi siji korban, yaiku ragane dewe, kanggo dusane kabeh wong. Terus korban iku ya kanggo sak'lelawase. 28 Hukum agama Ibrani sing nentok'en pengarep-pengarepe sembahyang agung, tapi sing dipilih iku wong menungsa sing orak kuwat. Tapikne janji karo sumpahe Pengeran teka sak'wise hukum agama iku. Ngliwati janjine Pengeran, Sang Anak ditentok'en. Sang Anak wis didadek'en sempurna sak'lawase.