Kepe imane sira kabeh tambah gede
6
Merga iku mau, ayo pada nambah pengertene kene teka dasar-dasar wulangan ngenek'i Raja Pilihane Pengeran, terus tambah gede sampek imane sira mateng. Ajo buang wektu terus pasang maneh pondasi, yaiku:
tobat teka kelakuan-kelakuan sing nanak gunane,
percayane nang Pengeran,
2 macem-macem cara dibaptis,
tumpangan tangan ning duwure wong cekne diberkahi,
wong mati bisa urip maneh,
karo ukuman sing kanggo sak'lelawase.
3 Nek'e Pengeran ngestoni, kene bakal nerusen wulangan sing luwih jero.
4-6 Tapi, sak'wise uwong ninggalen Raja Pilihane Pengeran, orak kira sira bisa gawe wong iku tobat maneh!
Umpamane ana wong sing pengertene wis dipadangi cekne weruh paran sing bener,
terus tau ngrasak'en welase Pengeran,
tau ngalami penggaweane Roh Suci,
tau ngrungok'en paran sing apik teka Sabdane Pengeran,
tau ngrasak'en kuwasane Pengeran teka jaman anyar sing bakale teka,
tapi marine iku kabeh, wong iku ninggalen Raja Pilihane Pengeran.
Wong memper iku wis nyaliben Anak'e Pengeran maneh, ya ngelok'en Anak'e Pengeran ning ngarepe wong.
7 Menungsa bisa digambaren gaga. Gaga iku bisa nyedot udan sing mudun ning nduwure. Gaga iku ngasilen tanduran sing ana gunane gawe wong tani. Gaga iku nerima berkahe Pengeran. 8 Tapikne ana gaga liya sing ngasilen eri karo suket alas. Gaga iku nanak gunane. Gaga iku kenek kuwalat teka Pengeran. Terus, pungkasane gaga iku bakale diobong.
9 Kanca-kanca sing ditresnani, masia disampek'en, kene sing nulis surat iki yakin nang paran sing luwih apik kanggo sira. Kene yakin sira bakale dislameten. 10 Pengeran iku adil. Pengeran iku orak bakale nglalek'en paran sing wis sira lakoni. Pengeran bakale iling nang welas asih sing wis sira dudohen nang Pengeran dewe. Sira ndudohen welas asih iku pas sira nulungi, ambek nerusen nulungi umat pilihane Pengeran. 11 Kene kepingin sira dadi setia sampek pungkasan. Nek'e iya, paran sing sira enteni bakale diterima. 12 Kene orak kepingin sira dadi males. Kene kepingin sira dadi persis wong-wong sing nerima paran sing wis dijanjek'en Pengeran. Wong-wong iku oleh sing dijanjek'en iku, merga percaya karo sabar.
Pengeran mesti njangkepi janjine
13 Pas Pengeran nggewehi janji nang Abraham, Pengeran gawe sumpah pisan. Nanak sing luwih gede teka Awak'e Pengeran dewe kanggo ndasari sumpah iku mau. Dadi Pengeran gawe sumpah katek jenenge Awak'e Dewe. 14 Pengeran guneman,
“Reang mesti gewehi berkah nang sira,
Reang bakal gewehi sira keturunan sing akeh.” (Kejadian 22:17)
15 Abraham ngenteni karo sabar sampek ndeleng janjine iku dijangkepi. Mangkane Abraham nerima paran sing dijanjek'en Pengeran iku mau.
16 Biasane, menungsa nggawe jenenge wong sing luwih gede ketimbang awak'e dewe kanggo gawe sumpah. Tujuane, mbuktek'en nek sing digunemen iku mau bener. Nek nggawe sumpah, wong bisa ngendek'en bebantahan paran wae. 17 Pengeran kepingin mbuktek'en nek janjine iku bener. Pengeran mbuktek'en janji iku mau nang wong-wong sing bakale marisi paran sing wis dijanjek'en. Dadi wong-wong iku bisa ngerteni temenan nek rencanane Pengeran orak tau malih. Pengeran guneman janji iku bakal kedaden. Terus Pengeran mbuktek'en paran sing digunemen iku mau katek sumpah. 18 Janji karo sumpah iku mau orak bisa malih, merga Pengeran orak bisa nggorohi. Terus nek Pengeran gawe sumpah, mesti bakal kedaden. Merga iku, kene sing diayomi Pengeran dikuwaten cekne gendelan sing siset nang paran sing dienteni kene, ya sing dicawisi Pengeran. 19 Slamet sing kene enteni iku entah jangkar sing kuwat karo sing mesti. Jangkar iku mlebu ning Umahe Pengeran ning swarga, liwat slambu gede,a ning Papan Maha Suci. 20 Yesus wis mlebu nang kana, terus mbukak dalan gawe kene. Yesus dadi Pengarepe Sembahyang Agung sampek sak'lelawase, nurut carane Melkisedek.