5
Saben pengarepe sembahyang agung dipilih teka antarane menungsa. Penggaweane, yaiku ngladeni Pengeran karo makili umate. Kudune nggewehi sesajen karo korban kanggo nebus dusa-dusane menungsa. 2 Merga pengarepe sembahyang agung iku dewe mek menungsa biasa sing kewates dayane, bisa nduweni mesak'en nang wong sing orak ngerti karo wong sing nglakoni salah. 3 Tapi merga pengarepe sembahyang agung mek menungsa biasa, wong iku kudu nggewehi korban kanggo dusa-dusane dewe, ya kanggo umate Pengeran pisan. 4 Nanak sesijia wong sing bisa nentok'en awak'e dewe dadi pengarepe sembahyang. Tapi wong iku dipilih Pengeran. Iku sing kedaden nang Harun, pengarepe sembahyang agung sing kawitan biyen.
5 Kristus uga dipilih pada karo Harun. Kristus orak ngajeni awak'e dewe dadi Pengarepe Sembahyang Agung. Tapikne Pengeran guneman nang Yesus,
“Sira iku Anak'e Reang.
Dina iki Reang dadi Bapakne Sira.” (Masmur 2:7)
6 Ning Masmur liyane Pengeran guneman,
“Sira iku Pengarepe Sembahyang sak'lawase,
nurut carane Melkisedek.” (Masmur 110:4)
7 Suwene urip ning ndunya, Yesus ndedunga ambek njaluk temenan nggawe tangisan karo eluh. Yesus ndedunga nang Pengeran sing bisa nyelameten Awak'e teka pepati. Pengeran nyemauri Yesus merga Yesus bener-bener nurut ambek ngajeni nang Pengeran. 8 Masia Yesus iku Anak'e Pengeran, tapikne ngliwati ngrasak'en sara, Yesus ngenal paran tegese patuh. 9 Ngliwati cara iku, Yesus digawe sempurna. Terus Yesus dadi sumber siji-sijine kanggo wong sing patuh nang Yesus cekne dislameten sak'lelawase. 10 Pengeran milih Yesus dadi Pengarepe Sembahyang Agung, nurut carane Melkisedek.
Ajo memper bayi, tapi dadia wong gede
11 Ana akeh sing bisa kene gunemen ngenek'i iki, tapikne ewoh njelasen nang sira. Masalahe sira kesuwen ngerti. 12 Sak'kudune sira wis dadi guru. Tapikne nyatane sira gek mbutuh wong liya kanggo mulang dasar-dasar wulangane Pengeran nang sira maneh. Sira memper bayi sing gek mbutuh susu, terus gek orak bisa mangan panganane wong gede. 13 Sapa wae sing ngombe susu tok tegese gek bayi. Wong iku durung ngerti wulangan ngenek'i paran sing bener nurut Pengeran. 14 Panganan atos iku kanggo wong gede. Wong sing imane gede wis nglatih awak'e dewe kanggo mbedak'en paran sing apik karo paran sing jahat.