Ajo wangkot
4
Janjine Pengeran kanggo ngrasak'en wayah leren gek pancet kanggo. Mulane sing pada ati-ati! Ajo sampek ana ning antarane sira sing orak nerima janji iku. 2 Kabar Apik wis dituturen nang mbah buyute kene biyen. Kabar iku ya tau dibritak'en nang kene. Tapi, kabar sing dirungok'en wong-wong iku biyen nanak gunane. Masalahe, wong-wong iku ngrungok'en wekasan iku tapikne orak percaya. 3 Na, kene dewe sing wis percaya nang janji iku, sak'iki ngrasak'en wayah leren iku. Pengeran guneman,“Dadi, pas memoring, Reang sumpah,
‘Wong iku kabeh orak bakal tau ngrasak'en wayah leren sing wis Tak cawisen!’ ” (Masmur 95:11)
Tapikne, penggaweane Pengeran wis mari pas kawitane Pengeran gawe ndunya iki. 4 Ning Kitab Suci Pengeran guneman ngenek'i dina ping pitune ngene, “Pas dina sing ping pitune Pengeran mandek teka sak'kabehe penggaweane.”† 5 Terus kene iling maneh, ning ayat iku mau Pengeran guneman, “Wong iku kabeh orak bakal tau ngrasak'en wayah leren sing wis Tak cawisen!”
6 Dadi gek ana wayah kanggo akeh wong ngrasak'en wayah leren iku. Tapikne mbah buyute kene sing nerima janji iku biyen orak mlebu nang negri sing dijanjek'en iku kanggo leren. Wong-wong iku mati ning ara-ara amba merga orak percaya. 7 Sepisan maneh, Pengeran wis milih dina liyane kanggo leren. Dina sing ditentok'en iku diarani, “Dina Iki.” Pengeran nentok'en dina iki suwe temenan sak'wise guneman nang mbah buyute kene biyen. Pengeran guneman ngliwati Raja Daud ngene,
“Dina iki, nek sira ngrungok'en suwarane Reang,
ajo wangkot.” (Masmur 95:7)
8 Biyen Yosua mimpin bangsa Ibrani sing kari, sing orak mati ning ara-ara amba, yaiku sing mlebu nang negri Kanaan. Ning kono wong-wong iku ahire leren teka mlaku suwene petang puluh (40) taun. Tapi nek wayah mlebu Kanaan iku sing dimaksuten Pengeran pas njanji ‘wayah’ leren, ngapa kok Pengeran guneman ngenek'i ‘dina’ leren sing liyane? 9 Tibak'e gek ana dina lerena kanggo umate Pengeran. 10 Pengeran leren teka penggaweane nggawe ndunya pas dina ping pitune. Wong-wong iku sing ngrasak'en dina lerene Pengeran, uga leren teka penggaweane. 11 Dadi ayo usaha sing mantep cekne ngrasak'en wayah leren iku, yaiku urip sing percaya nang Pengeran, cekne nanak sing bakale mati. Tapi, sira bakale mati nek melu lakune mbah buyute kene biyen sing orak percaya.
12 Sabdane Pengeran iku urip karo duwe kuwasa. Sabdane Pengeran iku luwih landep ketimbang wedung sing nduweni landep isor nduwur. Sabdane Pengeran iki mlebu nang atine menungsa, ya bisa misahen jiwa karo roh. Sabdane Pengeran bisa misahen belung teka ugel-ugel. Sabdane Pengeran bisa nimbang pikiran karo tujuan atine menungsa. 13 Nanak sing digawe Pengeran sing bisa disingeten teka Pengeran. Sembarang kalir katok ning ngarepe Pengeran. Ning ngarepe Pengeran kene kabeh kudu tanggung jawab.
Yesus - Pengarepe Sembahyang Agunge kene
14 Sak'iki kene kabeh nduweni Pengarepe Sembahyang Agung sing munggah nang swarga, yaiku Yesus, Anak'e Pengeran. Dadi ayo pada gendelan sing siset nang paran sing kene yakini. 15 Kene duweni Pengarepe Sembahyang Agung sing bisa ngerti watese kene sing orak kuwat. Kene duweni Pengarepe Sembahyang Agung sing wis tau dicobai nang paran wae, pada karo kene. Tapikne Yesus orak tau dusa. 16 Dadi ayo pada sing kendel marek'i tahtane Pengeran, sumbere welas. Kene bakale disepura ambek nemok'en welas pas wayahe dibutuhen.