Yesus luwih mulya ketimbang Nabi Musa
3
Dadi gatekna Yesus teterusan, dulur-dulur sing suci, sing dipilih Pengeran dadi umate. Kene ngakoni nek Yesus iku Utusane Pengeran karo Pengarepe Sembahyang Agunge kene. 2 Biyen, Musa iku setia nang paran wae sing kudu dilakoni kanggo umate Pengeran. Ambek cara sing pada, Yesus ya setia nang Pengeran sing milih Yesus dadi Pengarepe Sembahyang Agung. 3 Pikiren conto iki: biasane wong sing mbangun umah diajeni luwih gede ketimbang umah iku mau. Nek ngono, Yesus pantes diajeni luwih gede ketimbang Musa. 4 Saben umah mesti dibangun uwong. Tapikne Pengeran iku sing mbangun sembarang kalir. 5 Musa setia dadi wong sing ngladeni ning Umahe Pengeran.† Musa iku ya nyampek'en paran sing bakale digunemen Pengeran ning wektu sing bakale teka. 6 Tapikne Kristus setia dadi Anak Lanange sing nguwasani Umahe Pengeran. Pancene kene kabeh sing dadi Umahe Pengeran, nek'e kene gendelan sing siset nang paran sing kene enteni, ya sing kene ajeni.Di'ilingen cekne tetep percaya
7 Ngliwati Kitab Suci, Roh Suci guneman,
“Dina iki, nek sira rungok'en suwarane Reang,
8 ajo wangkot,
ngentah wong Ibrani sing nglawan Reang,
sing wis kedadean ning ara-ara amba.
9 Ning kana, wong Ibrani biyen njajal Reang.
Masia suwene petang puluh (40) taun wong iku kabeh ndeleng dewe paran sing Tak lakoni kanggo wong-wong iku.
10 Iku ngono sing ndadek'en Reang memoring nang wong iku kabeh.
Reang guneman, ‘Atine wong-wong iki teterusan keblasuh.
Wong-wong iki durung weruh cara-carane Reang.’
11 Dadi, pas memoring, Reang sumpah,
‘Wong iku kabeh orak bakal tau ngrasak'en wayah leren sing wis Tak cawisen!’ ” (Masmur 95:7-11)
12 Dulur kabeh, sing ati-ati cekne nanak ning antarane sira kabeh sing nduweni ati sing dusa, sing orak percaya, sing mlengus teka Pengeran sing urip. 13 Tapikne, saben dina pada'a ngilingen siji nang sijine cekne marek'i Pengeran. Lakonana mumpung gek ana wektu. Ajo sampek ana salah sijine sira dadi wangkot nang Pengeran cekne sira orak diapusi nang dusa. 14 Pancene kene wis dadi rewange Kristus nek'e kene gendelan sing siset nang iman sing kene duweni sampek pungkasane. 15 Ilingna tulisan iku mau,
“Dina iki, nek sira rungok'en suwarane Reang,
ajo wangkot,
ngentah wong Ibrani sing nglawan Reang.” (Masmur 95:7-8)
16 Sapa iku sing ngrungok'en tapi orak manut? Pancene iku kabeh wong Ibrani sing dipimpin Musa metu teka Mesir. 17 Terus Pengeran iku memoring nang sapa suwene petang puluh (40) taun lawase? Mestine wong Ibrani sing nglakoni dusa terus mati ning ara-ara amba. 18 Terus maneh Pengeran gawe sumpah nang sapa sing orak bakal tau ngrasak'en wayah leren sing dicawisen Pengeran? Mestine wong-wong Ibrani sing orak patuh. 19 Dadi kene ngerti wong-wong iku orak bisa ngrasak'en wayah leren sing dicawisen Pengeran merga orak percaya.