Di'ilingen kepe ajo mundur
2
Merga Pengeran wis guneman ngliwati Yesus, kene kudu ati-ati nggatek'en wulangan sing kene wis rungok'en. Nek ngono, kene orak bakal kegawa aruse ndunya. 2 Biyen pesen sing disampek'en Pengeran ngliwati malaekat-malaekate kudu dianut wong jaman iku. Biyen iku, saben wong sing nglanggar hukum iku nerima ukuman sing adil. 3 Dadi njare kene bisa luput teka ukuman merga orak percaya, nek kene nolak berkah gede iki, yaiku kene dislameten? Kawitane Gusti Yesus sing nyampek'en kabar njare carane kene bisa dislameten. Maringono, wong-wong sing ngrungok'en pesen iku, nyaksek'en nang kene nek kabar iku pancen bener. 4 Apa maneh, Pengeran ndudohen nek pesen iku mau bener nggawe akeh mujijat, tenger-tenger, ambek karunia-karunia teka Roh Suci sing digewehen nurut karepe Pengeran dewe.Yesus dadi menungsa cekne bisa nyelameten menungsa
5 Pengeran orak milih malaekat-malaekat kanggo nguwasai ndunya anyar sing bakale teka, sing kene omongen sak'iki. 6 Ana sing disaksek'en ning Kitab Suci ngene,
“Menungsa iku paran, duh Pengeran, sampek Rika nggatek'en?
Terus ngapa Rika kok mesak'en kene, keturunane Adam?
7 Mek diluk wae Rika nggawe ajine menungsa setitik ning isore malaekat.
Rika ngajeni menungsa merga nggewehi jabatan sing mulya.
8 Rika wis nyelehen sembarang kalir ning isore kuwasane menungsa.” (Masmur 8:4-6)
Nek'e Pengeran wis nyelehen sembarang kalir ning isore kuwasane menungsa, kudune nanak sing orak dikuwasai menungsa. Tapikne sak'iki durung nyata menungsa nguwasai sak'kabehe sing ana. 9 Tapikne kene wis weruh ajine Yesus digawe ning isore malaekat-malaekat kanggo wayah sing endek sampek alami sarane pepati. Mangkane Yesus digewehen mahkota kamulyan ambek kagungan. Ngliwati welase Pengeran, Yesus wis ngrasak'en pepati gawe sak'kabehe uwong.
10 Sembarang kalir wis digawe nang Pengeran, ya digawe kanggo Pengeran. Dadi pancene pantes Pengeran nyempurnak'en Yesus liwat sara sing dialami. Yesus iku sing mbukak dalan cekne wong bisa dislameten. Maksute Pengeran, yaiku akeh anak-anak'e digawa nang kamulyane Pengeran dewe. 11 Yesus, sing ndadek'en wong suci, karo uwong sing disucek'en Yesus, lelorone iku dadi anggota sak'keluarga sing pada, ya dadi anak'e Bapak sing siji. Mulane Yesus orak bimbang ngakoni wong-wong iku dadi dulur-dulure. 12 Yesus guneman,
“Reang bakale mbritak'en jenenge Pengeran nang dulur-dulure Reang.
Reang bakale ngidungen pujian nang Pengeran ning antarane wong-wong sing nyembah Pengeran.” (Masmur 22:22)
13 Pisan maneh Yesus guneman,
“Reang bakal ngenteni pitulungan teka Pengeran.” (Yesaya 8:17)
Terus maneh,
“Reang ana ning kene,
bebarengan anak-anak sing digewehen Pengeran nang Reang.” (Yesaya 8:17-18)
14 Anak-anak'e menungsa nduweni raga sing digawe teka daging karo getih. Yesus ya pisan dadi menungsa sing uripe persis anak-anak iku sing bisa mati. Liwat patine iku mau, Yesus ngejuren kuwasane Iblis, sing nguwasai pepati iku. 15 Sak'dawane urip, menungsa ditawan dadi budak merga keweden pepati. Tapi Yesus bisa mbebasen wong-wong sing wedi mati.
16 Mestine anak putune Abraham sing ditulung, duduk malaekat-malaekat. 17 Mangkane Yesus kudu dadi persis menungsa, sak'wutuhe menungsa ning sembarang kalire. Nek ngono, Yesus bisa ngladeni Pengeran dadi Pengarepe Sembahyang Agung sing setia, ya seneng nyepura wong. Nek ngono, Yesus bisa nebus dusa-dusane umate ngliwati patine. 18 Dadi Yesus sanggup nulung umate sing sak'iki diguda, merga Yesus dewe ya tau ngrasak'en sara pas keguda.