Surat nang wong-wong percaya teka suku
Ibrani
Sabdane Pengeran sing pungkasan wis disampek'en liwet Anak Lanange
1
Jaman biyen Pengeran guneman nang mbah buyute kene ngliwati nabi-nabi. Pengeran guneman bolak-balik nggawe macem-maceme cara. 2 Tapikne pas dina-dina pungkasan iki, Pengeran wis guneman nang kene kabeh ngliwati Anak Lanange. Anak iku mau sing wis dipilih Pengeran kanggo marisi sembarang kalir. Pengeran ya gawe ndunya sak'isine ngliwati Anak iku mau. 3 Anak iku mancaren kamulyane Pengeran ambek nggambaren persis watek'e Pengeran. Anak iku ngrumati sembarang kalir sing ana ning jagad iki ngliwati sabdane sing gede kuwasane. Anak iku nyawisen dalan kanggo wong-wong sing bakale dirijik'i teka dusa. Maringono Anak'e Pengeran iku lungguh ning swarga, ning tahta kuwasa, ning sisih tengene Pengeran sing Maha Mulya. 4 Dadi, derajate Anak Lanang iku luwih duwur teka kabeh malaekat-malaekat sing ana, merga jeneng sing diwarisi Anak iku luwih apik teka jenenge malaekat-malaekat.
Anak Lanang iku luwih gede ketimbang sak'kabehe malaekat
5 Pengeran orak tau guneman nang malaekat endi wae ngene,
“Sira iki Anak'e Reang.
Dina iki Reang wis dadi Bapakne Sira.” (Masmur 2:7)
Utawa,
“Reang bakal dadi Bapakne Lare iku.
Terus Lare iku bakal dadi Anak Lanange Reang.” (2 Samuel 7:14)
6 Pas Pengeran ngutus Anak'e sing tembarep iku nang ndunya, Pengeran guneman, “Kepe kabeh malaekate Pengeran nyembah Lare iki.”
7 Iki sing digunemen Pengeran ngenek'i malaekate, “Pengeran gawe malaekat-malaekat dadi entah angin. Pengeran gawe malaekat sing ngabdi iku memper urupe geni.”
8 Tapikne iki mau sing digunemen Pengeran ngenek'i Anak Lanange,
“Sira iku Pengeran. Tahta kuwasane Sira bakale ana sak'lelawase.
Kerajaane Sira bakale diprentah nggawe cara sing adil.
9 Sira wis nresnani paran sing bener mbarek nyengiti paran sing jahat.
Merga iku Reang, Pengerane Sira, wis milih Sira dadi raja,
ya mbungahen mbarek ngajeni Sira luwih teka kanca-kancane.” (Masmur 45:6,7)
10 Pengeran ya guneman ngenek'i Yesus,
“Pas kekawitan, ya Gusti, Sira iku sing gawe dasare ndunya.
Terus langit iku penggaweane tangane Sira.
11 Ndunya iki bakale ajur. Tapikne Sira bakale ana sak'lelawase.
Ndunya iku bakale rusak persis klambi sing lawas.
12 Sira bakale nggulung bumi iku memper nglempit klambi.
Jagad bakale diganti entah uwong salin klambine.
Tapikne Sira bakale orak owah.
Taun-taune Sira orak kira bisa entek.” (Masmur 102:25-27)
13 Pengeran orak tau guneman nang malaekat ngene,
“Lungguha ning sisih tengene Reang sampek Reang ndeleh musuhe Sira ning isore sikile Sira.” (Masmur 110:1)
14 Kabeh malaekat iku roh sing ngladeni. Pengeran ngutus malaekat-malaekat iku kanggo ngladeni wong-wong sing bakale marisi janji dislameten.