Abraham dikongkon ngorbanen Isak
22
Sak’wise pepirang taun engkas, Pengeran kepingin weruh imane Abraham. Pengeran nyeluk Abraham terus Abraham semaur, "Ya, Pengeran."
2 Pengeran ngongkon Abraham, "Budala nang nggon sing jenenge ‘Muria.’ Jak’en anak’e sira sing ontang-anting, sing sira senengi, yaiku Isak. Ning gunung sing kate Tak dudohen nang sira, belehen anak’e sira dadi korban obongan nang Reang."
3 Sesok’e, isuk-isuk Abraham tangi, masang lapak’e keledenea terus ngajak buruhe loro kanggo barengi, karo anak’e Isak pisan. Maringono Abraham nyigar kayu akeh kanggo korban obongan. Kayu iku ditaleni, ditumpangen ning keledene, terus budal nang nggon sing didudohen nang Pengeran iku mau.
4 Pas mlaku oleh telung dina, Abraham wis katok nggon iku teka kadohan. 5 Abraham guneman nang buruhe, "Menenga sira ning kene ambek kelede iki. Reang karo anak’e reang kate nyembah Pengeran ning kana. Maringono kene mbalik maneh."
6 Abraham njupuk kayu kanggo korban sing kate diobong iku, terus dideleh ning pundak’e Isak. Terus Abraham dewe nggawa oncor karo wedung, terus mlaku kloron. 7 Pas ning ndalan Isak takon nang bapakne, "Pak, Bapak."
Abraham semaur, "Ngapa nak?"
Isak terus takon, "Sak’iki wis ana genine, ana pisan kayune, tapi ning endi weduse sing kate dibeleh?"
8 Abraham semaur, "Nak, Pengeran dewe sing kate nyawisi wedus gawe korban sing kate diobong iku."
9 Maringono lelorone mlaku terus. Sak’wise teka ning nggon sing ditentok’en Pengeran, Abraham nggawe enggon pengobongan korban sing diarani ‘mesbah.’ Terus Abraham nyusun kayu obong sing digawa Isak iku mau. Maringono anak iku ditaleni, terus diturok’en ning duwure kayu sing ana ning enggon pengobongan iku mau. 10 Terus Abraham ngetok’en wedunge kanggo mbeleh anak’e. 11 Tapikne malaekate Pengeran bebengok, "Abraham! Abraham!"
Semaure Abraham, "Ya, Pengeran."
12 "Anak’e sira ajo sira pateni! Ajo sira kapak-kapak’en anak’e sira! Merga sak’iki reang weruh, nek sira iku wong sing patuh nang Pengeran, karo sira orak eman nyerahen anak'e sira, sing ontang-anting, nang Reang."
13 Pas iku Abraham noleh mburi nguwasen wedus lanang sing sungune kecantol wit-witan. Wedus iku dijupuk, digawe korban obongan, digawe gantine anak’e. 14 Terus, merga Pengeran nyawisen wedus iku, Abraham njenengi nggon iku ‘Sing Gawe Urip nyawisen’.
Na, merga iku ana bebasan: "Ning nduwure gunung ‘Pengeran kate nyawisen.’"
15 Maringono gunemane malaekate Sing Gawe Urip nang Abraham ping pindone, 16 "Merga sira orak eman ngorbanen anak’e sira sing ontang-anting nang Reang, Reang sumpah demi jenenge Reang dewe. 17 Reang bakale mberkahi sira nggawe turunane sira wuakeh temenan, kaya lintang ning langit, karo kaya wedi ning pinggire segara. Terus anak putune sira bakale ngalahen musuhe. 18 Merga sira patuh nang kongkonane Reang, ngliwati turunane sira, kabeh bangsa ning bumi kate diberkahi."