Sarah nglairen Isak
21
Sing Gawe Urip mberkahi Sarah, kaya sing wis dijanjek’en nang Pengeran. 2 Mulane iku Sarah meteng. Pas wayah sing ditetepen Pengeran, pas Abraham wis tuwek, Sarah nglairen anak lanang kaya sing wis dijanjek’en Pengeran. 3 Abraham njenengen anak’e sing dilairen Sarah iku, Isak.a 4 Maringono, pas Isak umur wolung dina, iku disunat nang Abraham. Abraham nglakok’en ngono iku, persis kaya sing dikongkonen nang Pengeran. 5 Pas Isak lair, umure Abraham 100 taun. 6 Sarah guneman, "Pengeran nggawe Esun ngguyu merga oleh bayi. Saben wong sing krungu nek wong tuwek iki wis nglairen bayi kate ngguyu pisan karo esun." 7 Terus Sarah guneman maneh, "Nanak wong sing bisa percaya nek’e esun, wong tuwek iki, bisa nglairen anak. Tapikne esun wis nglairen lare lanang gawe Abraham pas wis tuwek."
8 Lare iku tambah suwe tambah gede sampek orak ngombe susune makne maneh. Pas iku Abraham nganak'en slametan gede rame-ramenan.
Hagar ambek Ismael ditundung
9 Dina liya Sarah nguwasen Ismael ngenyek Isak pas dolanan. Isak iku anak’e dewe, tapi Ismael iku anak’e Abraham karo Hagar, babu sing teka Mesir iku. 10 Terus Sarah guneman nang Abraham, "Esun orak lega nek anak’e babu iku oleh warisan bareng-bareng karo anak’e esun sing dijanjek’en Pengeran. Tundungen babu iku karo anak’e pisan."
11 Abraham orak seneng nang kekarepane Sarah, merga Ismael ya anak’e pisan. 12 Tapi Pengeran guneman nang Abraham, "Atine sira ajo mangkel nang Sarah. Sira kudu nuruti paran sing dikarepen Sarah, merga turunane sira sing diarani bener iku pancen teka Isak, anak'e Sarah. 13 Tapikne teka anak’e babune sira ya kate Tak gawe bangsa sing gede. Merga Ismael iku ya anak’e sira pisan."
14 Terus sesok’e isuk-isuk temenan, Abraham nggenehi nang Hagar mbontotan karo kantong kulit sing diiseni banyu. Maringono Abraham nyerahen Ismael nang Hagar, terus ngongkon Hagar budal. Sak’marine ngono Hagar budal nglayap ning gurun Bersyba.
15 Sak’wise banyu sing dibontoten iku wis entek, anak’e ditinggalen ning sesuketan. 16 Kira-kira 100 meter teka anak’e iku, Hagar lungguh, terus guneman ning atine, "Nek ngene iki, esun orak tega ndeleng anak’e esun mati." Maringono Hagar nangis.
17 Pengeran krungu tangisane lare iku. Mergane iku ngongkon malaekate nyampui Hagar. Terus malaekat iku guneman teka langit, "Paran sing sira susahen Hagar? Sira ajo wedi merga Pengeran wis krungu tangisane anak’e sira teka enggone ditinggalen mau. 18 Tangia, parek’ana karo bimbingen anak’e sira iku, merga keturunane lare iku kate Tak gawe dadi bangsa sing gede."
19 Maringono Pengeran ndudohen nang Hagar nek ana sumur. Terus Hagar marek’i sumur iku karo ngiseni kantong kulit iku mau. Mari iku anak’e diombeni.
20 Pengeran njaga lare iku sampek tambah suwe tambah gede. Akhire manggon netep ning padang gurun. Anak iku dadi tukang panah sing pinter. 21 Padang gurun iku diarani ‘Paran’.b Maringono Hagar nggolek’en lare wedok teka Mesir dadi bojone Ismael.