Surate Yakobus
Yakobus
Salam teka Yakobus
1
Reang Yakobus sing nulis surat iki. Reang ngladeni Pengeran karo Gusti Yesus Kristus.
 
Reang ngirim surat iki nang sira kabeh, rolas sukua sing nyebar nang endi-endi ning ndunya.
Njare ngadepi masalah sembarang kalir
2 Dulur kabeh, sira kudu tetep bungah pas sira ngadepi masalah paran wae sing nguji imane sira. 3 Merga sira weruh nek imane sira diuji, sira bakale tambah sabar. 4 Maringono sira bakal tambah kuwat terus, sampek ngasilen woh sing mateng, yaiku sira dijangkepi, nanak ciri watek'e, ya orak kurang peparan.
5 Tapikne kok beleh ning antarane sira ana sing mbutuhen hikmat, wong iku kudu njaluk nang Pengeran sing orak nyalahen, tapi seneng nggewehi nang kabeh uwong. Terus sing dijaluk bakal digenehi. 6 Tapi wong sing njaluk iku kudu nggawe iman, orak oleh bimbang, merga wong sing bimbang iku ngentah ombak'e segara sing disebul angin mrana-mrene. 7 Uwong sing entah iku ajo arep-arep nerima peparan teka Gusti. 8 Uwong sing atine rong arah orak kira damang sak'dawane uripe.
Sugih sing sak'temene
9 Wong percaya sing uripe orak duwe kudu bungah merga Pengeran wis nduwuren wong iku. 10 Tapi wong sing sugih iku kudu bungah merga derajate sing cilik. Wong iku ngentah kembang alas sing ilang sak'wewayah. 11 Merga, cukule sengenge sing panas tang-tang iku nggaringen suket, kembange rontok, ilang apik'e. Paribasan iku pada karo wong sugih sing bakale dimusnahen ning tengah-tengahe penggaweane.
Pengguda iku orak teka Pengeran
12 Bungaha uwong sing uripe tetep kuwat pas diguda. Sak'marine imane diuji, wong iku bakale nerima mahkota, yaiku urip sing langgeng. Mahkota iku wis dijanjek'en nang kabeh wong sing nresnani Pengeran. 13 Nek'e ana wong sing diguda, ajo sampek wong iku guneman, “Pengeran sing ngguda reang.” Merga Pengeran orak bisa diguda nang paran sing jahat, ya Pengeran iku orak ngguda sapa wae. 14 Tapikne, saben uwong iku diguda nang kekarepan jahate dewe. Kekarepan iku ngumpani karo nyeret wong iku nang dalan sing orak bener. 15 Nek'e kekarepan iku dijaren wae, mesti nggarai dusa. Terus, nek dusa iku dijaren pisan, mesti nggarai pepati.
16 Dulur kabeh sing tak tresnani, ajo ngejaren sapa wae nyesaten sira. 17 Paran sing apik, sing sempurna, sing digewehen nang sira iku, asale teka swarga. Welas ngentah iki, kene oleh teka Bapak sing gawe sembarang kalire padang. Terus Bapakne kene orak kira malih ngetah ayang-ayangan. 18 Nurut kekarepane Dewe, Bapakne kene nggewehi kene urip anyar ngliwati pesen sing bener. Pengeran kepingin kene dadi uwoh paling utama teka kabeh sing wis digawe ning ndunya.
Ngrungok'en ambek nglakoni kekarepane Pengeran
19 Dulur kabeh sing tak tresnani, gatekna paran sing tak tulisen. Sira kudune ngrungok'en dikek, ajo kesusu guneman. Sira ajo gampang memoringan. 20 Merga memoringe menungsa orak ngasilen urip suci sing dikarepen Pengeran. 21 Dadi, singkirna kabeh sing orak suci. Singkirna sembarang kalir sing jahat. Terimanen pesene Pengeran sing ditandur ning njero atine sira. Terimanen pesen iku nggawe ati sing orak gendak. Pesen iku sing bisa nyelameten sira.
22 Sira kudu nglakoni pesene Pengeran, ajo mek ngrungok'en tok. Nek sira orak nglakoni, sira pada wae nggorohi awak'e dewe. 23 Bayangna uwong sing ngrungok'en pesene Pengeran, tapikne orak nglakoni paran sing disampek'en mau. Wong iku ngentah wong sing ndeleng raine dewe ning kaca. 24 Tapi mari dideleng, budal, terus lali ngentah paran raine. 25 Sewalik'e, bayangna uwong sing ndeleng apik Hukume Pengeran sing sempurna iku, sing ngeculen kene teka dusa. Wong iku ngentah wong sing orak nglalek'en paran sing wis dirungok'en, tapi wong iku nglakoni paran sing disampek'en hukum iku. Wong iku mau bakale diberkahi ning paran wae sing dilakoni.
Sembahyang sing bener nang Pengeran
26 Nek ana wong sing mikir nek'e awak'e dewe wis apik nglakoni agama, tapi gek orak bisa njaga gunemane, wong iku wis nggorohi atine dewe. Agamane wong iku malih nanak gunane. 27 Sembahyang sing murni ambek nanak celane ning ngarepe Pengeran, yaiku nyambangi lare yatim ambek randa-randa sing uripe sara. Terus, jejaga cekne uripe dewe orak dinajisen ndunya.