Surate Petrus sing kawitan
1 Petrus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Petrus, utusane Yesus, nulis surat iki nang umate Yesus ning Asia Cilika kurang luwih taun 65 Masehi. Wong percaya sing terima surat iki duduk wong Ibrani, tapi disiksa merga percaya nang Yesus. Wong sing nyiksa iku orak ngerti ngapa kok wong percaya uripe apik, ya orak nglakoni dusa masia disiksa. Petrus mulang nek'e wong percaya kudune ngalami susah pada karo Yesus, ya kudu nirok'en uripe Yesus.
Tema : Wong percaya kudu urip bener ning antarane wong sing orak kenal Pengeran, masia disengiti karo disiksa.
Ayat kunci: 2:11-12 : Dulur kabeh sing tak tresnani, sira iku wong sing duduk warga ndunya iki. Sira mek mampir ning ndunya iki. Dadi reang njaluk sira ajo pasrah nang napsune raga sing dusa. Kepinginan iku nglawan jiwane sira. Bisa dadi wong sing orak percaya ngelok'en nek sira nglakoni barang sing salah. Tapikne uripa sing apik ning antarane wong-wong iku cekne wong-wong iku ndeleng kelakuane sira sing apik. Terus wong-wong iku kate mulyak'en Pengeran pas dina tekane gawe ngakimi ndunya iki.
Isine
1. Salam teka Petrus (1:1-2)
2. Urip anyar teka Bapak, Anak, karo Roh Suci (1:3-12)
3. Sira kudu urip sing apik merga dadi anak'e Pengeran (1:13 - 2:10)
4. Pesen-pesen gawe rakyat, budak, wong bebojonan, ya nang kabeh wong (2:11 - 3:12)
5. Pesen gawe wong sing disiksa merga percaya nang Yesus (3:13 - 4:19)
6. Pesen gawe pemimpin karo umat (5:1-11)
7. Salam sing pungkasan (5:12-14)