Gawe wong sugih
5
Gawe wong sing sugih, rungokna reang! Nangisa karo susaha, merga sira bakale sara. 2 Sugihe sira wis rusak, ya klambinira dipangan rayap. 3 Emas ambek perak'e sira wis dipangan kropos. Kropos iku bakal mbuktek'en nek sira iku srakah. Apa maneh, kropos iku bakale mangan ragane sira ngentah geni. Sira wis srakah nglumpuk'en dunya brana tapi nanak gunane merga wis pungkasane jaman. 4 Rungokna! Kolinira sing nyambut gawe ning gaganira orak digewehi buruhane. Buruhan sing durung dibayar iku memelung nglawan sira, ya wis dirungok'en pisan nang Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa. 5 Sira wis urip ning ndunya enak-enak'an, ya nyenengen awak'e sira dewe. Sira wis nglemok'en awak'e dewe entah kewan sing kate dibeleh. 6 Sira wis ngukum, ya mateni wong sing orak duwe salah peparan. Apa maneh wong bener iku orak nglawan sira.
Sabara pas sira sara
7 Dulur-dulure reang, sabara sampek dina tekane Gusti Yesus maneh. Delengen wong tani sing ngenteni woh sing apik teka gagane. Wong tani iku mesti ngenteni udan sing kawitan ambek sing pungkasan. 8 Dadia sabar. Kuwatna atine sira merga tekane Gusti Yesus wis orak suwe maneh. 9 Dulur-dulure reang, ajo golek salah siji nang sijine kepe sira orak diukum. Delengen! Sang Hakim wis ngadek ning ngarepe lawang!
10 Dulur-dulure reang, pikiren nabi-nabi biyen sing nyampek'en pesene Gusti Pengeran. Wong-wong iku dadi conto sing sabar masia sara. 11 Sira wis weruh kene anggep wong-wong sing madep mantep pas susah bakal diberkahi. Sira lak wis weruh mantepe Ayuba sing biyen iku. Ahire Gusti Pengeran nglakoni apik nang Ayub, merga Gusti iku duwe welas asih, ya loman temenan.
12 Dulur-dulure reang, sing paling penting, ajo gawe sumpah, masia nyebut swarga, bumi, utawa jenenge peparan wae. Wis cukup nek guneman, “Ya” utawa “Orak” cekne sira orak diukum pas orak sanggup nyaur sumpah iku mau.
Dunga sing dasare iman
13 Apa ana ning antarane sira sing susah?
Ndunga'a.
Apa ana ning antarane sira sing bungah?
Nyanyia kidung pujian.
14 Apa ana ning antarane sira sing lara?
Nyeluk'a pepirang sesepuh umate Yesus teka nang umah kanggo ndungak'en, ya diolesi lenga wangi nang wong sing lara iku gawe jenenge Gusti Yesus.
15 Dunga sing disampek'en nggawe iman bakale marasen wong sing lara iku. Gusti Yesus sing bakal nangek'en wong iku. Nek wong iku nglakoni dusa, bakale disepura. 16 Merga iku, ayo pada ngakoni dusane dewe, siji nang sijine. Ndungak'en siji nang sijine cekne dadi waras. Dungane wong sing bener duwe kuwasa sing gede.
17 Nabi Elia iku menungsa biasa memper kene. Elia iku ndedunga temenan kepe orak udan. Terus udan orak mudun suwene telung taun enem wulan. 18 Maringono, Elia ndedunga maneh, langit kebukak, udan mudun, terus bumi ngasilen wohe.
19 Dulur-dulure reang, nek ana salah sijine wong ning antarane sira sing nyimpang teka dalan sing bener, kudu ana sing nulung wong iku mbalik. 20 Ngertenana, kanca iku sing nggawa wong dusa mau mbalik nang dalan sing bener, ya nyelameten wong iku teka pepati. Terus akeh dusa bakal disepura.