Pasrahna uripe sira nang Pengeran
4
Ngapa sira kok tukaran karo begedekan mbarek dulure sira dewe? Mestine merga napsune sira dewe. Napsu-napsu iku sing gelut ning njerone awak'e sira dewe. 2 Sira orak bisa nduweni paran sing sira karepen, dadine sira mateni wong. Sira iri nang paran sing diduweni wong liya, tapi orak bisa olehi. Sira gelut karo tukaran. Sira orak bisa nduweni paran sing sira karepen. Ngapa? Merga sira orak ndunga nang Pengeran! 3 Apa maneh, nek ndunga, sira orak nerima paran sing sira jaluk, merga dungane sira salah. Sira mek kepingin nyenengen napsune sira sing jahat.4 He sira wong-wong sing orak setia nang Pengeran! Weruh tah sira, nek welas asih nang ndunya iki pada karo musuhi Pengeran? Mergane iku, sapa wae sing luwih milih ndunya pada wae nyengiti Pengeran. 5 Apa sira orak ngerti nek Kitab Suci mesti nduwe maksut pas guneman ngene? “Pengeran nggarai Rohe dewe manggon ning njero awak'e kene kabeh. Roh iku kepingin kene setia nang Pengeran.” 6 Tapi, welase Pengeran tambah gede nang kene kabeh. Mergane iku Kitab Suci guneman,
“Pengeran nglawan wong sing angkuh,
tapi nggenehi welas nang uwong sing orak gendak.” (Amsal 3:34)
7 Dadi, pasrahna uripe sira nang Pengeran. Lawanen Iblis, terus Iblis bakale mlayu teka sira. 8 Marek'a nang Pengeran, terus Pengeran marek nang sira. He wong dusa, tobata teka dusa ngentah wong sing wisuh tangane. Sucekna atinira, he sira sing atine bimbang melu Pengeran apa melu ndunya. 9 Nangisa ambek getunana sing temenan, merga dusane sira. Guyune sira kudu malih dadi tangisan. Bungahe sira kudu malih dadi susah. 10 Ajo gendak ning ngarepe Gusti Pengeran, terus Gusti Pengeran bakal mulyak'en sira.
11 Dulur kabeh, ajo mitnah siji nang sijine. Merga sapa wae sing mitnah kancane, pada wae mbarek mitnah hukume Pengeran. Tegese wong iku nyalahen hukume Pengeran, ya ngakimi hukume Pengeran. Terus nek sira ngakimi hukum iku, sira orak nglakoni aturane hukum, tapi mek ngakimi hukum iku mau. 12 Mek ana Siji sing bisa gawe hukum ambek ngakimi, yaiku Pengeran sing bisa nyelameten ambek musnahen menungsa. Sira iku sapa kok kosi kate ngakimi kancane?
Sombong nang dina sesok
13 He sira sing guneman, “Dina iki, utawa sesok, kene kate budal nang kota iku utawa kota ika. Kene bakale ana sak'taun ning kana gawe dagang. Kene kate ngasilen picis sing akeh.” Rungokna! 14 Sira wae ya orak weruh paran sing bakal kedaden sesok. Paran tegese uripe sira? Uripe sira ngentah kukus sing diluk katok terus ilang. 15 Sewalik'e sira kudu guneman, “Nek pancene iku wis kekarepane Gusti, kene bakale urip terus nglakoni iki utawa iku.” 16 Nek orak ngono, sira angkoh. Angkuh iku jahat. 17 Dadi, nek ana wong sing weruh paran sing apik sing kudu dilakoni, tapikne orak dilakoni, iku pada karo dusa.