Masia cilik, ilate wong bisa nggarai masalah sing gede
3
Dulur kabeh, ajo sira kabeh kepingin dadi gurune wong percaya. Merga gurune wong percaya bakale diadili nggawe ukuran sing luwih abot. 2 Kabeh wong tau nglakoni salah. Tapi nek ana wong sing orak tau guneman elek, wong iku nanak cirine. Wong iku tegese bisa ngendalek'en sak'kabehe awak'e.3 Nek kene bisa masang kendali cilik ning cangkeme jaran, jaran sing gede iku kate nuruti kene. 4 Ngono uga prau gede sing disurung angin banter. Tapikne sing ngarahen prau iku kendali cilik sing digawe teka kayu ning mburitan, sing dikendalek'en supire prau iku nang tujuan sing dikarepen.

Kendali sing cilik ning mburitan prau gede (3:4)
7 Menungsa bisa nguwasani sembarang kalire kewan, manuk, kewan sing kemreyep, karo kewan segara. 8 Tapikne nanak sesijia wong sing bisa nggawe nguwasani ilate. Ilat iku sumbere jahat sing dibek'i racun sing bisa mateni. 9 Ngliwati ilat, kene muji Gusti Pengeran, yaiku Bapakne kene. Tapi ngliwati ilat uga kene nyedani wong, sing didadek'en nurut rupane Pengeran dewe. 10 Guneman sing ngajeni ambek nyedani metu teka cangkem sing pada. Dulure reang, kudune sira ajo sampek ngono. 11 Apa bisa banyu seger karo banyu asin metu teka sumber sing pada? 12 Dulure reang, apa bisa wit ara uwoh saitun? Utawa wit anggur uwoh ara? Ya orak bisa! Ya ngono uga, sumber banyu asin orak bisa ngetok'en banyu sing seger.
Rong maceme hikmat
13 Apa ana ning antarane sira sing bijak terus ngerti? Wong iku bisa mbuktek'en hikmate nggawe urip sing apik. Kudune wong iku urip orak gendak nglakoni sing apik, sing asale teka hikmat iku. 14 Nek sira atine iri sampek njanget, mentingen awak'e dewe, sira ajo nggedek'en awak'e dewe. Ajo kempus mbarek nolak paran sing bener. 15 Hikmat sing kaya ngono iku duduk teka swarga. Tapi, hikmat iku teka bumi, teka napsune menungsa, ya teka Iblis. 16 Merga ning endi ana iri ambek mentingen awak'e dewe, uripe bakal orak kekaruan, ya bakal ngasilen macem-macem sing jahat.