Ajo mbena
2
Dulur-dulure reang, sira kabeh iku wong sing percaya nang Gustine kene sing mulya, Yesus Kristus. Dadi ajo mbena. 2 Umpamane ana wong teka ning kumpulane wong percaya sing nggawe ali-ali emas ambek klambi sing apik. Umpamane pisan ana wong sing orak duwe melu mlebu, nggawe klambi sak'anane sing elek. 3 Ngapa sira kok merhatek'en sing nggawe klambi apik mau? Apa mestine guneman, “Iki kerosi sing apik gawe sira!” Terus sira bakale guneman nang wong sing orak duwe iku, “Sira ngadek'a ning kana,” utawa “Lungguha ning jogan parek sikile reang?” 4 Nek iya, apa sira nganggep salah sijine wong luwih apik teka sing liyane? Nek'e ngono sira persis hakim sing pikirane jahat.
5 Dulur kabeh sing tak tresnani, rungokna reang. Pengeran wis milih wong-wong sing orak duwe ning ndunya cekne dadi sugih imane, ya kanggo marisi Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en nang kabeh wong sing nresnani Pengeran. 6 Tapikne sira ngremehen wong sing orak duwe. Wong sing sugih ngakali sira! Wong sugih iku nyeret sira nang pengadilan! 7 Wong-wong iku ya wis guneman sing jahat sing ngenyek jenenge Yesus sing mulya, sing nduweni sira.
8 Hukum Kerajaane Pengeran ditemok'en ning njero Kitab Suci. Unine ngene,
“Welas asihana dulure sira, memper sira melasi awak'e sira dewe.” (Imamat 19:18)
Nek'e sira matuhi temenan prentah iku, sira bakale nglakoni paran sing bener. 9 Tapikne sira nglakoni dusa nek'e sira mbena. Hukum iku mau bakale ngadili sira merga sira wis nglanggar hukum iku. 10 Nek sira nglakoni aturane hukum iku, tapikne mek nglanggar salah sijine prentah iku, sira pada wae nglanggar kabeh hukum iku. 11 Pengeran guneman, “Ajo jinah.” Pengeran ya guneman, “Ajo mateni.” Nek sira orak nglakoni barang sing jinah tapikne sira mateni wong liya, sira pada wae nglanggar sak'kabehe hukum.
12 Gunemana mbarek lakonana persis wong-wong sing bakale diakimi nang hukum sing mbebasen kene kabeh. 13 Wong sing orak melasi wong orak bakale diwelasi pas diakimi Pengeran. Tapi welase Pengeran mesti ngalahen ukuman.
Dudohna imane sira ngliwati paran sing sira lakoni
14 Dulur-dulure reang, paran gunane nek ana wong sing guneman, “Reang duwe iman,” tapikne orak nglakoni paran sing dituturen imane iku? Apa bisa iman ngono iku nyelameten? 15 Umpamane ana dulur lanang utawa wedok orak nduwe klambi utawa panganan. 16 Umpamane pisan sira guneman nang wong iku, “Budala sing damang atine, gawea klambi sing anget, mbarek mangana sing wareg,” tapikne sira orak nggewehi peparan sing dibutuhen. Dadi paran gunane? 17 Pada wae mbarek iman. Nek iman orak nggarai awak'e dewe nglakoni peparan, iman iku mati.
18 Tapikne bakale ana uwong sing guneman, “Sira iki duwe iman. Tapi reang nglakoni paran sing apik.”
Dudohna nang reang imane sira sing orak nglakoni paran sing apik, terus reang bakal ndudohen imane reang liwat kelakuan-kelakuan apik sing tak lakoni. 19 Sira percaya nek Pengeran iku Esa. Iku apik. Tapi roh-roh jahat ya percaya anane Pengeran pisan! Apa maneh roh-roh iku gemeter keweden!
20 Sira iku wong goblok! Apa sira kepingin weruh buktine nek'e iman sing orak nglakoni apik iku nanak gunane? 21 Bapakne kene Abraham masrahen anak'e, Isak, ning nduwur mesbah. Abraham iku diarani bener nang Pengeran merga paran sing dilakoni. 22 Delengen, iman ambek kelakuan iku kudu pada-pada dilakoni, kepe lelorone nyambut gawe bareng. Paran sing dilakoni iku mau ndadek'en imane jangkep. 23 Iku mau maksute Kitab Suci sing unine ngene, “Abraham percaya nang Pengeran, dadi Pengeran ngarani Abraham iku bener.” Apa maneh, Pengeran nyeluk Abraham iku kancane dewe. 24 Dadi, teka conto iku mau kene ngerti nek percaya tok orak cukup. Tapi kene uga diarani bener nang Pengeran merga paran sing kene lakoni.
25 Ilinga Rahab, senok iku. Ngapa Rahab iku diarani bener ning ngarepe Pengeran? Rahab dianggep bener merga paran sing dilakoni gawe wong-wong Ibrani sing penggaweane ndedepi enggone musuh. Rahab nggewehi wong-wong iku enggon gawe singetan, terus nulung wong-wong iku kepe bisa lolos teka musuhe. 26 Dadi, memper raga sing orak duwe nyawa iku pada wae mati, ya ngono pisan iman sing orak nduwe kelakuan apik pada wae mati.