Surate Petrus sing kawitan
1 Petrus
Salam teka Petrus
1
Reang, Petrus, nulis surat iki. Reang utusane Yesus Kristus.
 
Reang ngirim surat iki nang sira, wong-wong sing dipilih Pengeran. Sira iku wong-wong sing dianggep wong asing ning ndunya iki merga mek manggon sak'wetara ning ndunya iki. Sira sing nyebar ning sak'kabehe daerah Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia Cilik karo Bitinia. 2 Sira wis dipilih nurut sing direncanak'en nang Pengeran, Bapakne kene. Iku kabeh ngliwati penggaweane Rohe Pengeran cekne sira murni karo suci. Merga iku kabeh, sira patuh nang Yesus Kristus, terus ngliwati getihe Yesus sira disucek'en.
 
Mandar muga Pengeran nggenehi welas ambek ayem tentrem nang sira.
Dilairen maneh cekne uripe bungah ambek suci
3 Pujien Pengeran, yaiku Bapakne Yesus Kristus, Gustine kene. Merga welas sing gede nang kene, kene dilairen maneh cekne mantep ngenteni warisane kene. Lelorone iku asale teka Yesus Kristus sing urip maneh teka pepati. 4 Yesus wis nggenehi urip anyar cekne kene marisi paran sing diduweni Yesus, yaiku ganjaran sing gede, sing orak bisa dijuren, orak bisa rusak karo orak bisa ilang. Iku ana ning swarga dicawisen kanggo sira. 5 Merga percaya nang Yesus sira dijaga tetep slamet nang kuwasane Pengeran. Kabeh iku bakal dinyatak'en pas dina-dina pungkasan. 6 Mangkane sira nduweni bungah masia sira sak'wene wayah sing setitik kudu susah sak'njerone macem-macem masalah. 7 Sara sing sira alami sak'iki bakal mbuktek'en nek imane sira iku bener. Imane sira dijajal sak'iki memper emas dijajal ya dimurnek'en ning geni. Tapi imane sira luwih larang regane ketimbang emas. Pas Yesus Kristus teka maneh, sira bakale dipuji, diajeni, karo dimulyak'en nang Pengeran. 8 Masia sira durung tau ndeleng Yesus, sira welas asih nang Yesus. Masia sira orak ndeleng Yesus sak'iki, sira percaya nang Yesus. Saking gedene bungah sing sira alami iku, nanak kata-kata sing bisa negesen. 9 Sira bakale terima asil teka imane sira, yaiku jiwane sira bakal dislameten.
10 Jaman biyen, nabi-nabi ndongengen nang kene welas sing nyelameten. Nabi-nabi iku pada usaha temenan nggolek weruh njare welase Pengeran kate nyelamaten menungsa. 11 Nabi-nabi iku kepingin weruh kapan terus njare welas iki bakale teka. Tapi durung wayahe. Rohe Kristus ning njerone nabi-nabi iku mek nggenehi weruh ngenek'i sarane Raja Pilihane Pengeran ambek kamulyane sing sak'marine. 12 Nabi-nabi iku ya digenehi weruh nek kabeh iku orak kanggo nabi-nabi iku dewe. Tapi sewalik'e, nabi-nabi iku ngladeni sira pas nyampek'en paran sing sira rungok'en sak'iki. Nabi-nabi iku wis nyeritak'en Kabar Apik nang sira, ngenek'i kedadean iku mau. Roh Suci, sing diutus teka swarga, ngrewangi nabi-nabi nyeritak'en kabeh iku. Masia kepingin weruh pisan, malaekat-malaekat wae orak ngerti kabeh iki.
Sira dipilih kanggo urip suci
13 Sira kudu jejaga. Awasana awak'e sira dewe sing temenan. Ngliwati cara iki, entenana sing temenan welas sing bakal digawa nang sira engko, pas Yesus Kristus wis teka maneh. 14 Patuhana nang Gusti persis karo anak nang bapakne dewe. Ajo nyerahen awak'e dewe nang kekarepan sing jahat. Biyen, pas sira gek orak weruh peparan, sira gek dikuwasani napsune. 15 Pengeran sing milih sira iku suci. Dadi, sak'kabehe sing sira lakoni, kudune suci. 16 Ana tetulis ning Kitab Suci, “Dadia suci, merga Reang iki suci.”
17 Sira nyeluk Pengeran iku “Bapak.” Bapak iku sing ngakimi penggaweane saben wong. Terus cara ngakimi orak mbeda-mbedak'en. Dadi, anggepen awak'e dewe wong asing sak'wene sira urip ning ndunya iki. Junjungen sing duwur jenenge Gusti ning uripe sira. 18 Sira wis ditebus teka urip sing nanak gunane. Urip sing salah iku sira marisi teka mbah buyute sira biyen. Sira lak wis weruh, nek sira iku dituku orak nggawe barang-barang sing bisa rusak entah emas karo perak. 19 Sewalik'e sira dituku nggawe getihe Kristus sing larang, sing orak bisa dinilae. Yesus iku memper korban domba sing sempurna. Yesus iku nanak cirine blas. 20 Yesus dipilih sak'durunge Pengeran ndadek'en ndunya iki. Tapikne Yesus teka nang ndunya kanggo nyelameten sira pas dina-dina sing pungkasan iki. 21 Merga paran sing dilakoni Kristus, sira dadi percaya nang Pengeran. Pengeran iku sing nguripen maneh Yesus teka pepati, terus mulyak'en Yesus. Mangkane sira percaya, ya ngenteni paran sing dijanjek'en Pengeran.
22 Merga sira wis patuh nang paran sing bener, sira disucek'en teka dusane. Dadi sira nduweni welas asih sing jujur ambek sejati kanggo siji nang sijine. Dadi welas asihana siji nang sijine sing temenan teka sak'njerone atine sira. 23 Uripe sira wis dianyaren entah wong sing dilairen maneh ngliwati Sabdane Pengeran sing urip, ya sing langgeng. Sabda iku entah wiji. Sira orak dilairen maneh teka wiji sing bakale mati. Sira dilairen teka wiji sing orak bisa mati. 24 Ana tulisan ning Kitab Suci ngene,
“Kabeh menungsa memper suket.
Kabeh kamulyane menungsa memper kembang ning gaga.
Suket iku bakale garing. Kembang bakale rotoh nang lemah.
25 Tapikne Sabdane Gusti Pengeran iku tetep sak'lelawase.” (Yesaya 40:6-8)
Terus pesen iku mau dadi Kabar Apik sing disampek'en nang sira.