2
Dadi singkirna paran wae sing jahat, ya mandeka nggoroh. Ajo api-api sing orak pada karo awak'e sira dewe. Ajo kepingin paran sing wong liya duweni, ya ajo mitnah. 2 Ngelak'a nang Sabdane Pengeran persis bayi sing gek entas lair ngelak susu murni teka makne. Sabdane Pengeran iku bisa nulung imane sira tambah kuwat suwene ngenteni dislameten. 3 Sira mesti kepingin Sabdane Pengeran merga sira wis ngrasak'en nek Gusti Yesus iku apik temenan.
Sira digambaren watu sing urip ning njerone Umahe Pengeran
4 Sira wis marek'i Yesus Kristus. Kristus iku digambaren watu sing urip ning Umahe Pengeran. Yesus iku watu sing ditolak menungsa, tapikne Pengeran wis milih Yesus dadi watu sing larang regane, sing orak bisa dinilae. 5 Sira ya dadi watu sing urip pisan. Pas sira percaya nang Kristus, sira dibangun ning njerone Umahe Pengeran memper Yesus, watu sing paling penting. Sira didadek'en pengarepe sembahyang sing suci kanggo ngorbanen korban rohani. Pengeran pancene seneng nerima korban penggaweane sira merga paran sing wis dilakoni Yesus Kristus. 6 Kitab Suci guneman ngene,
“Delengen! Reang nepak'en Watu ning Sion.
Iku mau Watu pilihan sing paling diajeni,
Watu ancer-ancere umah sing larang.
Wong sing percaya nang Watu iku orak kira di'isin-isini.” (Yesaya 28:16)
7 Watu iki larang regane gawe sira sing percaya. Tapikne gawe wong sing orak percaya,
“Watu sing dibuang tukang-tukang bangunan,
wis dadi Watu ancer-ancere umah.”a (Masmur 118:22)
8 Karo,
“Iki watu sandungan,
Iki watu sing nggawe wong-wong rotoh.” (Yesaya 8:14)
“Tukang-tukang,” yaiku pemimpin-pemimpin Ibrani, kesandung terus tiba merga orak patuh nang wekasane Pengeran. Wong sing tiba iku melu dalan sing ditentok'en Pengeran gawe wong-wong iku.
9 Tapikne sira dipilih dadi umate Pengeran dewe. Sira kabeh dadi pengarepe sembahyang sing ngladeni Sang Raja, dadi bangsa sing suci, ya dadi dunya brana sing paling larang gawe Pengeran. Sira dadi kabeh iku mau cekne sira nyampek'en penggaweane Pengeran sing gede. Pengeran iku sing nyeluk sira metu teka pepeteng, terus mlebu nang padange sing ajaib.
10 Biyen sira duduk bangsa sing dianggep nang sapa wae,
tapi sak'iki sira dadi umate Pengeran.
Biyen sira orak nerima welas asih,
tapikne sak'iki sira nerima welas asihe Pengeran. (Hosea 2:23)
Uripa bener ning antarane wong sing orak percaya
11 Dulur kabeh sing tak tresnani, sira iku duduk warga ndunya iki. Sira mek mampir ning ndunya iki. Dadi reang njaluk sira ajo pasrah nang napsune raga sing dusa. Kepinginan iku nglawan jiwane sira. 12 Bisa dadi wong sing orak percaya ngelok'en nek sira nglakoni barang sing salah. Tapikne uripa sing apik ning antarane wong-wong iku cekne wong-wong iku ndeleng kelakuane sira sing apik. Terus wong-wong iku kate mulyak'en Pengeran pas dina tekane gawe ngakimi ndunya iki.
13 Ajenana kabeh wong sing nduwe kuwasa ning ndunya iki. Lakonana iku mau merga ngajeni Gusti Yesus. Manuta nang raja gede Roma, merga kuwasane gede. 14 Manuta karo gubernur-gubernur. Wong-wong iku digewehi kuwasa kanggo ngukum wong-wong sing nglakoni paran sing salah. Sewalik'e, gubernur-gubernur iku mau bisa muji nang wong-wong sing lakune bener. 15 Pengeran kepingin sira ngendek'en omongan kosong teka wong-wong sing goblok ngliwati nglakoni sing apik. 16 Uripa memper wong sing bebas teka aturane menungsa. Tapikne bebase sira iku mau ajo digawe nutupi paran sing jahat. Uripa dadi wong sing ngladeni Pengeran. 17 Ajenana kabeh wong. Welas asihana dulur-dulure sak'iman. Wedia nang Pengeran. Ajenana pisan raja gede Roma.
Yesus Kristus: Panutane kene
18 Gawe wong sing dadi budak, nuruta nang jeragane sira cekne dadi aji sing temenan gawe Pengeran. Ajo mek nuruti jeragan sing apik mbarek ramah. Tapi ya nurut nang jeragan sing jahat. 19 Nek'e sira kenek sara sing orak adil merga kepingin nuruti Pengeran, sira pantes diajeni. 20 Tapi, umpamane sira nglakoni salah sampek kenek ukuman sing sara. Nek sira sabar nahan sara iku, nanak ajine merga sira sing salah. Tapikne, umpamane sira nglakoni paran sing apik, terus sira diukum sing sara. Nek sira betah nahan, Pengeran bakale ngajeni sira. 21 Sira dipilih nglakoni paran sing apik masia sira disiksa. Iku mau persis kaya Kristus sing disiksa gawe sira. Kristus nggewehi sira conto kepe sira bisa nirok'en. 22 Kitab Suci guneman:
“Yesus orak nglakoni dusa paran wae,
ya nanak kempusan sing metu teka lambene.” (Yesaya 53:9)
23 Pas dilok'en, Yesus orak ngetok'en guneman sing elek. Pas disiksa, Yesus orak mbales. Sewalik'e, Yesus percaya Pengeran bakal ngakimi sing adil.
24 “Yesus dewe wis nanggung dusane kene kabeh” ning njero awak'e ning kayu salib. (Yesaya 53:5)
Yesus nglakoni iki cekne kene dibebasen teka dusa, terus kene urip sing bener.
“Catu-catune wis marasen sira.” (Yesaya 53:5)
25 Biyen “sira ngentah domba sing kesasar.” (Yesaya 53:6)
Tapikne sak'iki sira wis mbalik nang Sing Ngangon sira, ya Sing Ngayomi jiwane sira.