Bojo sing wedok karo sing lanang
3
Gawe cara sing pada, bojo-bojo sing wedok, manuta bojone sira dewe. Nek ana wong lanang sing orak percaya nang wekasane Pengeran, jaren wong iku digawa nang Kristus orak mbarek omongan, tapikne ngliwati ndeleng njare carane bojone dewe nglakoni urip sing bener. 2 Jaren bojone sira iku ndeleng cara uripe sira sing suci, terus bisa ndeleng nek uripe sira iku ngajeni Gusti. 3 Dandanan sing menor, sandangan sing apik utawa nggawe mas-masan sing larang orak njamin sira iku ayu. 4 Sewalik'e, ayune sira iku asale teka njero atine sira dewe. Iki ngono ayu sing temenan: teka watek sing alus ambek ayem tentrem. Ayu sing ngene iki orak kira luntur. Iki ngono sing nyenengen Pengeran. 5 Merga ya wis ngono iku uripe wong wedok sing suci jaman biyen sing diarani ayu. Wong wedok iku ngenteni pitulungan teka Pengeran, terus nurut nang bojone. 6 Biyen Sarah ya ngono, yaiku manut nang Abraham, bojone, sampek nyeluk Abraham iku 'tuan'. Sira iku dadi anak-anak'e Sarah, nek sira nglakoni apik terus orak wedi nang paran wae.
7 Gawe bojo-bojo sing lanang, welas asihana nang bojone sira, merga bojonira iku luwih lemah ketimbang sira. Ajenana bojone dewe ngentah wong sing pada duwe hak marisi urip langgeng bebarengan sira. Nek sira ngajeni bojone sira, dungane sira orak kedangan.
Lakonana sing bener masia disiksa
8 Ringkese, reang kepingin sira kabeh pada sepikir wong siji ambek liyane. Welas asihana wong siji karo liyane. Welas asiha dulur-dulur sak'iman. Lakonana sing apik ambek orak gendak. 9 Ajo mbales sing jahat gawe paran sing jahat. Ajo mbales guneman sing elek gawe guneman sing elek. Sewalik'e, mberkahi wong liya, merga sira dipilih cekne marisi berkah. 10 Kitab Suci unine ngene,
“Nek ana wong sing nyenengi uripe
ambek gelem ndeleng dina-dina sing becik,
wong iku kudune njaga ilate teka guneman sing jahat,
wong iku kudune njaga lambene teka kempusan.
11 Wong iku kudune ya ngedohi paran sing jahat
terus mbalik nglakoni paran sing apik.
Wong iku kudune nggolek'i damang ambek wong liya,
terus usahak'en sampek oleh damang iku.
12 Mripate Gusti Pengeran nguwasen wong-wong sing uripe bener,
terus Gusti Pengeran mberkahi wong iku.
Kupinge ya ngrungok'en dungane wong-wong suci iku mau.
Tapi Gusti Pengeran nglawan wong sing nglakoni jahat.” (Masmur 34:13-17)
13 Sapa sing kate nglarani sira nek'e sira temenan nglakoni paran sing apik? 14 Tapi nek sira kudu sara merga nglakoni paran sing bener, sira kate diberkahi. “Ajo wedi paran sing wong liya gunemen sing kate dilakoni gawe nglarani sira. Ajo wedi.”
15 Tapikne, pastekna ning njero atine sira nek'e Kristus dadi Gustine sira. Sira kudu siap nyauri nang sapa wae sing takon ngenek'i paran sing sira enteni. 16 Tapi pas semaur, gawe cara sing alus karo sopan, ambek ati sing suci, cekne wong sing wis mitnah sira dadi isin merga uripe sira sing bener ning njerone Kristus.
17 Luwih apik sengsara merga nglakoni paran sing bener, nek'e iku pancen sing dikarepen Pengeran, timbangane urip sengsara merga nglakoni paran sing jahat. 18 Kristus wis mati merga dusane kene, sepisan kanggo wong kabeh. Kristus sing bener mati kanggo wong-wong sing orak bener, cekne Kristus nggawa kene kabeh nang Pengeran. Ragane Kristus dipateni, tapi diuripen maneh ngliwati Roh.
19 Sak'marine iku, Kristus budal nyampek'en Kabar Apik nang jiwa-jiwa sing dijaga sampek diakimi. 20 Biyen, pas Nuh gek nggawe prau sing gede, jiwa-jiwa iku gek urip. Tapi Pengeran kudu sabar merga wong-wong iku orak gelem manut. Terus mek pepirang uwong sing mlebu nang njerone prau iku, yaiku mek wong wolu. Wong wolu iku sing diselameten ngliwati banyu gede iku. 21 Banyu iku gambaran baptisan. Baptisan iku sing nyelameten sira. Maksute, duduk ngrijik'i paran sing rusuh ning awak'e sira. Sewalik'e baptisan iku dadi penjaluk'ane sira nang Pengeran cekne batine sira disucek'en. Baptisan iki nyelameten sira ngliwati kuwasa sing pada karo kuwasa sing nguripen maneh Yesus Kristus teka pepati. 22 Yesus wis munggah nang swarga, terus lungguh ning sisih tengene Pengeran. Kabeh malaekat, roh-roh sing duwe kuwasa, ambek sembarang kalir maceme kuwasa, ana ning isore kuwasane Yesus.