Urip gawe Pengeran
4
Kristus wis ngalami sara ning njero ragane. Dadi siapna awak'e sira kepe pikirane sira persis pikirane Kristus. Lakonana iki merga sapa wae sing sara ning njero ragane, merga melu Kristus, wis orak nglakoni dusa maneh. 2 Maringono, sira orak bisa nglakoni karene uripe ning ndunya nurut napsune raga sing jahat. Sewalik'e, sira urip kanggo nglakoni paran sing dikarepi Pengeran. 3 Sira biyen wis ngentek'en akeh wektu gawe nglakoni paran sing dilakoni wong sing orak kenal Pengeran. Uripe sira biyen nuruti napsune raga tok, yaiku mabuk-mabuk'an kumpul kebo sak'karepe pas acara slametan ambek nyembah reca dewa sing najis.
4 Sak'iki wong sing mek muasen napsune gawok merga sira wis orak kemlecer mbarengi wong-wong iku maneh. Dadi wong-wong iku mitnah sira. 5 Tapikne wong-wong iku kudu nanggung kelakuane nang Sang Hakim sing siap ngakimi kabeh wong sing urip mbarek sing mati. 6 Kabeh wong bakale pada diadili nurut kelakuane dewe. Merga kabeh iku, Kristus wis nyampek'en Kabar Apik nang wong-wong mati. Kabar Apik iku disampek'en cekne rohe wong-wong iku mau bisa urip sak'lelawase ngliwati Rohe Pengeran.
Gawe'en welase Pengeran
7 Pungkasane sembarang kalir wis parek. Dadi ati-atia mbarek nguwasani awak'e dewe, kepe sira bisa dedunga. 8 Ning nduwure iku kabeh mau, welas asihana siji nang sijine sak'temene. Welas asih iku bisa nutupi akeh dusa. 9 Terimanen wong liya ning njero umahe sira mbarek ajo nggrundel. 10 Welase Pengeran ana macem-macem wujute. Saben wong digewehi karunia kanggo ngladeni wong liya. Gawe'en karunia iku sing setia. 11 Nek'e ana wong sing guneman, gunemana tiru wong sing nyampek'en wekasane Pengeran dewe. Nek'e ana wong sing ngladeni, wong iku kudu dikuwaten gawe kuwasa sing digenehen Pengeran. Dadi ning sembarang kalir, Pengeran bakale dipuji ngliwati Yesus Kristus. Kamulyan mbarek kuwasa iku duwek'e Pengeran sak'lelawase. Amin.
Urip sing sara merga melu Kristus
12 Dulur kabeh sing tak tresnani, ajo gawok nek uripe sira dijajal entah wesi ning geni. Masalah sing sira adepi wis teka gawe nguji sira. Dadi ajo ngrumangsa ana sing aneh nang sira. 13 Sewalik'e, dadia bungah merga sira digewehi bagean ning njerone sarane Kristus. Dadi sira bakale oleh bungah sing luwih akeh pas Kristus balik ning kamulyane. 14 Misale wong gunemen barang-barang elek soal uripe sira merga percaya nang Kristus. Teka ngono sira diberkahi, merga Roh sing mulya, yaiku Rohe Pengeran urip ning njerone sira.
15 Tapi, nek'e sira sara, ajo sampek merga sira dadi tukang mateni, utawa sing nyolong, utawa wong jahat. Ajo sampek merga sira ngganggu urusane wong liya. 16 Tapi, nek sira sara merga dadi wong Kristen, ajo dadi isin. Sewalik'e, pujien Pengeran merga sira diarani wong sing percaya Kristus. 17 Wis tiba wayahe Pengeran molai ngakimi ndunya. Terus sing diakimi kawitan, yaiku umat pilihane Pengeran. Nek'e kene bakal diakimi dikek, paran sing bakal kedaden nang wong-wong sing orak nuruti Kabar Apik teka Pengeran? 18 Kitab Suci guneman,
“Nek'e ewoh gawe wong-wong bener dislameten,
Paran sing bakal kedaden nang wong-wong jahat karo wong-wong sing duwe dusa?” (Amsal 11:31)
19 Merga iku, sing kene kudu lakoni pas ngalami sara sing nurut kekarepane Pengeran: kene kabeh kudu mercayak'en jiwane kene nang Sing Gawe Ndunya, sing setia iku. Terus kene kudu tetep nglakoni sing apik.