Surate Petrus ping pindo
2 Petrus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Petrus nulis surat sing ping pindo iki kurang luwih taun 67 Masehi nang umate Yesus sing duduk Ibrani ning Asia Cilik.a Pas iku Petrus wis weruh orak kosi suwe maneh awak'e dewe bakal dihukum mati, merga pas iku Petrus dibui ning Roma. Tapi sak'durunge mati, Petrus kepingin ngilingen wong percaya cekne tambah mantep pengerten sak'njerone Yesus. Nek ngono, wong percaya bisa nglawan guru-guru palsu sing wuruk'ane ambek uripe orak bener. Guru palsu iku mulang nek menungsa orak bakal diakimi Pengeran, ya Yesus orak bakal teka maneh. Wuruk'an iku mek digawe nutupi cara uripe sing jahat, yaiku nglakoni jinah ambek mentingen picis.
Tema : Ajo ninggalen wuruk'an sing bener teka utusane Yesus.
Ayat kunci: 3:2 - Reang kepingin sira iling omongan biyen sing wis disampek'en nabi-nabi suci. Reang ya kepingin sira iling prentah-prentahe Gusti sing nyelameten kene. Prentah-prentah iku digewehi nang kene liwat utusan-utusane.
Isine
1. Salam teka Petrus (1:1-2)
2. Imane kene kudu ditambahi urip sing apik (1:3-21)
3. Sing ati-ati nang guru-guru agama sing palsu (2:1-22)
4. Gusti Yesus pancene bakale teka maneh (3:1-13)
5. Salam sing pungkasan (3:14-18)