Surate Petrus ping pindo
2 Petrus
1
Reang, Simon Petrus, sing nulis surat iki. Reang ngladeni Yesus, ya dadi utusane Yesus Kristus.
 
Reang nulis surat iki nang sira kabeh sing wis percaya nang Yesus pada karo kene sing percaya nang Yesus. Sira wis percaya merga paran sing bener teka Pengerane kene sing nyelameten kene, yaiku Yesus Kristus.
 
2 Mandar muga Pengeran nggenehi welas ambek ayem tentrem sing akeh, memper banyu sing amber nang sira kabeh, merga sira kenal Pengeran ambek Anak'e, Yesus, Gustine kene.
Gusti Yesus nggenehi paran sing dibutuhen
3 Kuwasane Yesus wis nggenehi sembarang kalir sing dibutuhen cekne bisa urip suci, ya nurut kekarepane Pengeran. Sembarang kalir iku digenehen ngliwati pengerten ngenek'i Yesus. Pengeran iku sing wis milih kene ngliwati kamulyan karo apik'e sing teka Pengeran. 4 Teka pilihan iku, Pengeran wis nggenehi kene janji-janjinea sing larang ambek gede temenan. Tujuane, teka janji-janji iku mau sing kene nduweni merga percaya nang Gusti Yesus, sira keduman watek'e Gusti dewe. Sira ya diayomi teka ndunya sing tambah rusak merga akeh maceme napsu sing jahat.
5 Merga sira wis dipilih kepe percaya nang Yesus, usahakna sing temenan cekne percayane sira tambah jangkep ngliwati:
nglakoni paran sing bener,
kepingin ngerti kekarepane Pengeran,
6 nguwasai awak'e dewe,
dadi sabar masia susah,
urip nurut kekarepane Pengeran,
7 melasi nang dulur-dulur sing percaya Yesus,
ambek welas asih nang sak'kabehe wong.
8 Merga nek kabeh iku tambah terus-terusan ning uripe sira, uripe sira ana gunane, ya bakal ana asile ngliwati pengerten nang Gustine kene, Yesus Kristus. 9 Tapikne, wong sing orak nduweni iku kabeh, jenenge wong sing orak bisa ndeleng peparan. Wong iku wis dadi picek merga lali awak'e wis dirijik'i teka dusa-dusane biyen.
10 Merga iku, dulur-dulure reang, usaha sing luwih mantep maneh kanggo mastek'en nek sira bener-bener diceluk karo dipilih Gusti. Merga nek nglakoni ngono, sira orak bakale rotoh. 11 Gawe cara iku, lawange kerajaan langgeng bakal dibukak amba sak'iki kanggo sira kabeh. Kerajaan iku sing diduweni Gustine kene, yaiku Yesus Kristus sing nyelameten kene.
12 Merga iku, reang duwe maksut kanggo teterusan ngilingen sira ngenek'i kabeh sing tak sampek'en mau, masia sira wis weruh terus wis dibangun teguh sak'njerone paran sing bener. Sira sak'iki duweni paran sing bener. 13 Sak'wene reang gek urip ning raga iki,b apik'e reang neguhen sira ambek teterusan ngilingen sira. 14 Merga reang wis weruh orak kosi suwe reang kate ninggalen raga iki, persis sing wis didudohen Gustine kene, Yesus Kristus. 15 Dadi reang kate usaha temenan nggawe sak'kabehe cara kanggo ngrewangi sira cekne tetep iling, sak'marine reang wis nanak.
Reang dewe ndeleng Yesus ning pusung suci
16 Pas reang nyeritak'en kuwasane karo tekane Gustine kene, Yesus Kristus, reang orak gawe dongeng-dongeng sing dikarang wong pinter, tapikne reang ndeleng dewe keagungane. 17 Pengeran, yaiku Sang Bapak, ngajeni Yesus, Anak'e, nggawe padang teka swarga. Terus Pengeran sing Maha Agung guneman ngenek'i Yesus, “Ikilo Anak'e Reang sing Tak tresnani, sing nyenengen atine Reang.” 18 Kene ya krungu suwara iku sing teka swarga pas kene bareng-bareng Yesus ning duwure pusung suci iku.
19 Kedadean iku gawe kene tambah percaya nang paran sing tau disampek'en ngliwati nabi-nabi sing urip sak'durunge Yesus biyen. Apik'e sira nggatek'en temenan kitabe nabi-nabi iku, memper ndeleng teplok sing madangi pepeteng. Gatek'en padang iku sampek tekane Yesus sing bakale memper cukule sengenge. Yesus bakal madangi atine sira memper lintang isuk sing semorot. 20 Sing kudu sira ngerteni, nanak sing diramalen nabi-nabi biyen sing asale teka akale menungsa, 21 merga nanak sesijia ramalan sing muncul teka kekarepe menungsa. Sewalik'e, nabi-nabi iku guneman nurut kekarepane Pengeran, ya dipimpin Rohe Pengeran sing suci.