Ukuman kanggo guru-guru palsu
2
Pas jaman biyen, ana nabi-nabi palsu ning tengah-tengahe mbah buyute wong Ibrani. Persis iku, sak'iki ana guru-guru palsu ning tengah-tengahe sira. Wong iku meneng-menengan muruk'i wulangan sing orak bener, ya sing ngrusak'en pengertene wong. Malah wong iku nolak Kristus Yesus sing duwe kuwasa, ya sing wis nebus awak'e dewe. Guru-guru palsu iku ngundang blai nang awak'e guru iku dewe. 2 Terus bakale ana akeh uwong sing kate ngetuten cara uripe wong-wong sing bejat iku. Merga wong-wong iku mau, dalan wong dibeneren ngliwati Yesus bakale diremehen. 3 Wong-wong sing srakah iku bakale njupuk untung teka sira gawe omongan sing kempus. Ukuman gawe wong-wong iku wis disiapen molai biyen. Ukuman iku orak turu tapi ngenteni wayah sing tepak.4 Biyen, Pengeran orak melasi malaekat-malaekat sing gawe dusa, tapikne nguncalen malaekat iku mau ning njero neraka terus dirante ning enggon sing paling buret dedet kepe ditahan sampek tekane wayahe diakimi.
5 Biyen, Pengeran orak ngeman ndunya lawas, tapikne nekak'en banjir sing gede. Mek Nuh, sing nyeritak'en paran sing bener, bareng pitung dulure sing dislameten.

Praune Nuh sing nyelameten keluargane teka banjir gede (Kejadian 6-9) (2:5)
6 Biyen, Pengeran ngukum kota Sodom karo kota Gomora nggawe geni diobong sampek dadi awu. Wong-wong iku dadi pengiling paran sing bisa kedadean nang sapa wae sing kepingin urip jahat.
7 Biyen, Pengeran nyelameten Lot, wong bener iku, teka kota Sodom. Lot iku kesiksa merga cara uripe wong-wong mek melu napsu ragane tapi orak manut nang paran sing bener. 8 Pas iku, Lot sing bener iku urip ning tengah-tengahe wong-wong iku saben dina. Batine kesiksa temenan merga ndeleng mbarek ngrungok'en kelakuan-kelakuan sing jahat.
9 Mangkane Gusti Pengeran mesti gek weruh njare carane ngeculen wong-wong bener teka pengguda jaman sak'iki. Pengeran weruh pisan njare nahan wong-wong jahat gawe diukum pas tekane dinane wong diakimi. 10 Ya iku pada karo wong-wong sing melu napsu ragane dewe karo sing ngremehen sapa wae sing duwe kuwasa.
Guru-guru palsu iku lancang karo gendak. Wong iku orak wedi ngelok'en makluk-makluk swarga. 11 Tapi malaekat-malaekat wae, sing luwih kuwat karo luwih nduwe kuwasa timbang guru-guru palsu iku mau, orak ngelok'en makluk-makluk swarga pas dituduh ning ngarepe Gusti.
12 Guru-guru palsu iki persis kewan sing orak duwe akal, sing dilairen gawe dicekel karo dipateni. Wong-wong iku ngremehen paran sing orak dingerteni, terus bakal dimusnahen merga salahe dewe. 13 Wong-wong iku bakal terima upah sing blai merga kelakuan-kelakuane sing jahat.
Guru-guru palsu iku seneng nek mabuk pas awan. Wong-wong iku entah barang rosok'an karo akeh cirine. Wong iku nyenengen napsune sing orak bener pas mangan bareng-bareng karo sira sing nglumpuk kanggo muji nang Yesus. 14 Mripate wong-wong iku wis bek napsu medok, ya orak mandek gawe dusa. Wong-wong iku ngguda wong sing orak kuwat batine, karo atine wong-wong iku wis kulina urip srakah. Wong-wong iku sing paling dikutuk!
15 Guru-guru palsu iku ninggalen dalan sing bener karo melu dalan sing keblasuh, yaiku dalane Nabi Bileam bin Beor.† Nabi Bileam iku sing seneng picis sampek nglakoni jahat merga dibayar. 16 Tapikne, wong iku ditutur sing nemen merga kelakuan sing salah. Sing nutur iku kewan kelede sing bisu tapikne sing bisa guneman gawe suwarane menungsa. Ahire kelakuane nabi sing gendeng iku diendek'en.
17 Guru-guru palsu iku ngetah ndase banyu sing asat karo ngetah mendung sing kegawa angin gede. Enggon sing paling buret wis disiapen gawe wong-wong iku. 18 Wong-wong iku nggawe guneman sing gemede, tapikne nanak isine. Terus, merga napsune raga sing jahat, wong-wong iku njiret wong liya sing gek entas dibebasen teka cara uripe sing orak bener. 19 Guru-guru palsu iku njanjek'en kate mbebasen wong teka dusa, tapi orak bisa merga guru-guru palsu iku dewe wis dadi budak'e paran sing bejat. Merga, paran wae sing nguwasai uwong, wong iku dadi budak'e.
20 Ngliwati kenal Gusti sing nyelameten kene, Yesus Kristus, kene bisa diculen teka ndunya iki sing tambah bosok. Tapi, umpamane ana wong sing mari diculen terus mbalik maneh nang ndunya sing jahat iku sampek dikuwasani maneh. Wong iku bakal dadi luwih blai teka sak'durunge. 21 Wong sing ninggalen dalan sing mbeneren wong ning ngarepe Pengeran bakale rugi sing gede. Luwih apik nek orak tau ngerti prentah suci kanggo percaya nang Yesus timbangane nerima paran sing disampek'en, terus nolak prentah iku. 22 Guru-guru palsu iku digambaren paribasan sing bener iki : “Kerek sing muntah seneng mbalik nang mutahe dewe,”† karo “Babi sing wis dirijik'i seneng mbalik maneh nang ledog.”