Yesus bakal teka maneh
3
Dulur kabeh sing tak tresnani, iki ngono surat sing ping pindone teka reang. Reang, Petrus, nulis surat iki kanggo sira. Ning surat lelorone iki, reang kepingin ngilingen sira. Reang usaha nggugah sira cekne mikir sing murni. 2 Reang kepingin sira iling omongan biyen sing wis disampek'en nabi-nabi suci. Reang ya kepingin sira iling prentah-prentahe Gusti sing nyelameten kene. Prentah-prentah iku digewehen nang kene liwat utusan-utusane.3 Sing paling penting, sira kabeh kudu weruh, pas dina sing pungkasan mbesok, wong-wong sing seneng ngenyek wulangan bener bakale teka karo nuruti napsu ragane dewe sing jahat. 4 Wong-wong iku bakale guneman, “Jere Gusti kate teka maneh? Kok suwe orak teka-teka? Merga molai ndunya iki didadek'en sampek jamane mbah buyute kene mati, ya sampek sak'iki, kabeh ning ndunya gek pada wae.”
5 Merga wong iku wis nyeja nglalek'en iki: molai kawitan biyen ngliwati Sabdane Pengeran langit didadek'en. Terus bumi didadek'en teka banyu, ya katek banyu. 6 Teka banyu iku pisan, ndunya sing wis ana molai kawitane ya dimusnahen katek banjir sing gede. 7 Tapikne, ngliwati Sabdane Pengeran sing pada, langit ambek bumi iki bakale diobong ambek geni, pas dinane wong jahat bakal diadili terus dimusnahen.
8 Dulur kabeh sing tak tresnani, ajo nglalek'en paran sing nyata iki: Wayahe Gusti orak pada karo wayahe menungsa. Gawe Gusti, sak'dina iku pada karo sewu taun, terus sewu taun pada karo sak'dina. 9 Gusti orak tau telat njangkepi janjine, yaiku teka maneh kanggo ngakimi ndunya, entah sing wis disangka pepirang wong. Tapikne, Gusti iku sabar, ya orak duwe kekarepan sapa wae dimusnahen. Tapikne Gusti kepingin kabeh uwong pada tobat teka dusa-dusane.
10 Dina Ukumane Gusti iku bakale teka persis tekane maling. Langit bakale musnah mbarek ngetok'en suwara sing gede gemblegar. Paran sing ana ning langit bakale entek kobong terus leleh kenek panase geni sing mongah-mongah. Terus ndunya sak'isine bakale entek kobong.
11 Merga kabeh sing ana ning ndunya iki bakale dimusnahen mbarek geni, terus njare kudune sira kabeh pada urip? Kudune sira kabeh pada urip suci karo ngabdi nang Pengeran. 12 Nek sira urip memper iku mau, sira bakal gawe dina tekane Pengeran ndang-ndang teka. Dina iku sing sira enteni. Pas dina iku, langit bakale kobong entek, terus paran sing ana ning langit bakale leleh merga panase geni. 13 Tapikne, nurut janjine Gusti, kene kabeh ngenteni langit karo bumi sing anyar. Ning enggon iku, mek dienggoni wong sing bener.
Salam sing pungkasan
14 Dulur kabeh sing tak tresnani, merga awak'e sira dewe pada ngenteni dina iku, usaha sing temen kepe uripe sira nanak dusane, ya nanak cirine ning ngarepe Pengeran. Usaha cekne sira nanak alangan dadi siji ambek Pengeran. 15 Anggepen sabare Gusti iku mau nggewehi wektu cekne ana sing dislameten. Pesen iku pada karo sing ditulis Paulus, dulure kene sing kene tresnani, nurut pengerten sing digewehen Pengeran. 16 Paulus ya nulis ngenek'i kabeh iki ning njero surat-surat sing liyane. Pancene ana tulisane Paulus sing ewoh dingerteni, diwolak-walik sampek keliru nang wong-wong sing orak ngerti karo sing orak kuwat imane. Wong-wong iku ya ngocar-ngaciren Kitab-kitab Suci liyane pisan. Wong sing nglakoni ngono bakal dimusnahen.
17 Dulur kabeh sing tak tresnani, merga sira wis weruh kabeh iku mau, sing ati-ati kepe sira ajo digawa keblasuh ngliwati salahe wong-wong sing orak karuan. Ajo sampek sira mundur teka dasare sira sing kuwat, terus mandek percaya nang Yesus. 18 Tapikne, sira kudu tambah kuwat ning njero welase Pengeran, ya tambah kenal Yesus Kristus, Gustine kene sing nyelameten kene. Kanggo Yesus kabeh kamulyan sak'iki sampek sak'lelawase! Amin.