Surate Yohanes sing kawitan
1 Yohanes
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Surat iki ditulis Yohanes, muride Yesus sing paling ditresnani. Nurut ahli Kitab Suci, surat iki dikirim nang umate Yesus ning daerah Asia Cilik, yaiku wong percaya sing nglumpuk ning kota Efesus, Smirna, Pergamus, Tiatira, Sardis, Filadelfia, ambek Laodikia. Nurut ahli Kitab Suci, surat iki ditulis ning antarane taun 65-95 Masehi.
Yohanes nulis surat iki kanggo nglawan guru-guru palsu. Guru-guru iku muruk'i, “Yesus iku orak menungsa temenan, tapi mek roh sing duwe rupane menungsa.” Ya muruk'i pisan, “Orak ngapa kene nglakoni jahat, merga iku mek raga tok, jiwane kene wis suci.”
Yohanes nglawan wuruk'an iku terus nulis, “Yesus iku Anak'e Pengeran sing dadi menungsa temenan. Nek kene ngenal Pengeran, kene bakal urip memper Yesus, ya nglakoni paran sing bener.”
Tema : Ciri-cirine wong sing percaya nang Yesus kudune entah paran?
Ayat kunci: 5:13 - Reang wis nulisen surat iki gawe sira sing percaya nang jenenge Anak'e Pengeran kepe sira weruh nek sira nduweni urip sing langgeng.
Isine
1. Salam teka Yohanes (1:1-4)
2. Kene urip ning padange Pengeran (1:5 - 2:27)
3. Kene dadi anak'e Pengeran (2:28 - 4:6)
4. Percaya nang Yesus tegese welas asih nang wong liya (4:7-21)
5. Wong percaya ngalahen ndunya (5:1-5)
6. Urip langgeng ning njerone Yesus (5:6-21)