Surate Yohanes ping pindo
2 Yohanes
Bebuka
Ngapa surat iki ditulis?
Nurut wong Kristen biyen, surat iki ditulis Yohanes, muride Yesus sing paling ditresnani. Nurut ahli Kitab Suci, surat iki ditulis nang umate Yesus ning Asia Cilik, yaiku sing kumpul ning kota Efesus, Smirna, Pergamus, Tiatira, Sardis, Filadelfia, ambek Laodikia. Nurut ahli Kitab Suci, surat iki ditulis ning antarane taun 65-95 Masehi.
Yohanes nulis surat iki cekne wong percaya orak nerima guru-guru palsu sing orak ngakoni Yesus iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran.
Tema : Ajo nerima guru-guru palsu.
Ayat kunci: 1:10 - Nek ana wong sing teka nang sira, tapi orak nggawa wuruk'an iki, ajo nerima wong iku ning njerone umahe sira, ya ajo nggewehi salam paran wae.