Surate Yohanes ping telu
3 Yohanes
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Nurut wong Kristen biyen, surat iki ditulis Yohanes, muride Yesus sing paling ditresnani. Nurut ahli Kitab Suci, surat iki ditulis ning antarane taun 65-95 Masehi. Yohanes nulis surat iki nang wong sing jenenge Pak Gayus. Yohanes kepingin Gayus iku siap nerima ambek ngrewangi wong percaya sing nyampek'en Kabar Apik. Apa maneh, Gayus kudu ati-ati nang salah sijine wong sing jenenge Pak Diotrefes. Diotrefes iku orak gelem nerima sapa wae, masia wong sing nyampek'en Kabar Apik utawa dadi utusane Yesus memper Yohanes.
Tema : Kene kudu ngrewangi wong sing penggaweane nyampek'en Kabar Apik, cekne kene pisan duwe bagean nyampek'en paran sing bener.
Ayat kunci: 1:8 - Merga iku, kene kabeh kudu ngrewangi wong-wong sing memper iku kepe kene dadi kancane nyambut gawe ning dalan sing bener.