Surate Yohanes ping telu
3 Yohanes
Yohanes nggewehi salam ambek ngajeni Pak Gayus
1
Teka sesepuh,nang Gayus sing diwelasi, sing tak tresnani sak'njerone paran sing bener.
2 Dulure reang sing tak tresnani, reang ndedunga mandar muga sira apik-apik wae ning njerone sembarang kalir. Mandar muga raga jiwane sira seger waras. 3 Merga reang bungah temenan nang dulur-dulur sing teka terus nyeritak'en ngenek'i paran sing bener ning uripe sira, ya uga nek uripe sira sak'iki ning dalan sing bener. 4 Nanak bungah sing luwih gede ketimbang krungu nek'e anak-anak'e reang urip ning dalan sing bener.
5 Dulure reang sing tak tresnani, sira wis setia nglakoni sak'kabehe penggaweane sira kanggo wong percaya, masia wong percaya iku durung tau kenal. 6 Wong-wong iku tau nyeritak'en ngenek'i welas asihe sira ning ngarepe umate Yesus. Sira bakal nglakoni paran sing apik nek'e nulung wong-wong percaya iku nerusen dalane, gawe cara sing nyenengen Pengeran. 7 Wong-wong iku pantes ditulung merga wong percaya iku wis budal kate nyeritak'en jenenge Yesus tapi orak nerima peparan wae teka wong sing orak percaya. 8 Merga iku, kene kabeh kudu ngrewangi wong-wong sing memper iku kepe kene dadi kancane nyambut gawe ning dalan sing bener.
Pak Diotrefes ambek Pak Demetrius
9 Reang wis nulis surat nang umate Yesus, tapi Diotrefes, sing seneng ngejok'en awak'e ning ngarepe wong percaya, orak gelem nerima kene. 10 Merga iku, nek reang teka, reang kate ngilingen wong iku soal paran sing dilakoni, sing mitnah kene gawe guneman sing jahat! Orak mek ngono tok, tapi wong iku uga orak gelem nerima dulur-dulur sing teka, terus nggolek penginepan. Diotrefes iku ngalang-ngalangi wong kene sing kepingin nerima dulur-dulur iku. Apa maneh, wong sing kepingin nerima dulur iku malah ditok'en teka kumpulane wong percaya.
11 Dulure reang sing tak tresnani, sira ajo niru sing jahat iku, tapi nirua sing apik. Wong sing nglakoni apik asale teka Pengeran, tapi wong sing nglakoni jahat durung tau weruh Pengeran. 12 Kabeh wong wis ngajeni Pak Demetrius. Apa maneh wis kebukten cara uripe bener. Kene uga nyaksek'en nek Demetrius iku apik. Terus sira weruh pisan, nek paran sing disaksek'en kene iku pancene bener.
Yohanes nutup surat nggawe salam
13 Gek ana akeh sing kepingin tak tulis nang sira, tapi reang orak gelem nulis nang sira gawe kertas karo mangsi. 14 Reang kepingin ndang-ndang campuh terus guneman adu-arep.
15 Ayem tentrem kanggo sira. Kanca-kanca ning kene kirim salam kanggo sira pisan. Sampekna salam teka kene nang saben dulur ning kana nggawe jenenge dewe-dewe.