Surate Yudas
Yudas
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Yudas iki duduk muride Yesus sing nglakoni jahat nang Yesus. Yudas iki dulure Yesus sing dadi percaya sak'marine Yesus tangi teka pati. Yudas nulis surat iki kurang luwih taun 68 Masehi kanggo nuturi wong sing percaya nang Yesus ngenek'i guru-guru agama sing gorohan. Masalahe, uripe guru-guru iku jahat. Guru-guru iku srakah ambek nglakoni sak'karepe soal kumpul kebo, sampek wong percaya sing liyane melu pisan. Dadi Yudas kepingin wong-wong sing maca surat iki pada jejaga nang guru-guru sing orak bener, terus iling nang wulangan sing tau diterima. Kabar Apik kudu dadi dasare imane wong percaya.
Tema : Jaganen imane kene ngliwati nirok'en uripe Gusti Yesus sing suci.
Ayat kunci: 1:3 - Reang kepingin nuturi sira cekne tetep njaga wulangan sing bener, sing orak bisa malih. Wulangan iku wis disampek'en nang wong-wong sing suci merga percaya nang Yesus.
Isine
1. Salam (1:1-2)
2. Guru-guru sing nggorohi bakale diukum (1:3-16)
3. Kabar Apik sing dadi dasare imane kene (1:17-23)
4. Yudas nutup surat nggawe dunga (1:24-25)