Surate Yudas
Yudas
Salam
1
Reang iki Yudas,a sing dadi abdine Yesus Kristus. Reang ya pisan dulure Cak Yakobus. Reang nggewehi salam terus nulis surat iki nang wong-wong sing dipilih ambek ditresnani Pengeran, Bapakne kene, ya diagem nang Yesus Kristus. 2 Mandar muga, welas asih karo ayem tentrem teterusan amber memper banyu ning uripe sira.Guru-guru palsu bakale diukum
3 Dulur kabeh sing tak tresnani, reang wis suwe kepingin nulis nang sira ngenek'i njare kene kabeh wis dislameten. Tapi sak'iki reang kudu nulis surat iki nang sira ngenek'i masalah liyane. Reang kepingin nuturi sira cekne tetep njaga wulangan sing bener. Wulangan iku wis disampek'en nang umat pilihane Pengeran sepisan kanggo sak'lawas-lawase. 4 Nyatane ana wong sing nyusup ning tengah-tengahe kene. Guru-guru palsu iki nggawe welase Pengerane kene kanggo nyenengen napsune dewe. Wong-wong iku orak karuan, ya nolak pisan sing siji-sijine duwe kuwasa, yaiku Gustine kene, Yesus Kristus. Wong-wong iku sak'jane wis suwe ditentok'en kanggo diukum.
5 Masia sira kabeh wis weruh cerita iki, reang kate ngilingen wae:
Pengeran sing nyelameten wong Ibrani teka pulasarane ning Mesir. Tapi marine ngono, ya musnahen pepirang wong iku sing orak percaya.
6 Sira lak wis weruh, malaekat-malaekat biyen sing digewehi kuwasa tapi orak njaga tanggungane. Merga ninggalen enggon penggaweane, malaekat-malaekat iku dicekel, terus dirante sak'lelawase ning enggon sing peteng sampek diakimi ning dina Kiamat.
7 Pada wae entah kota Sodom karo kota Gomora, ambek kota-kota sing parek'e biyen, sing diukum.† Wong-wong iku nglakoni sembarang kalire jinah, apa maneh nguber kekarepane sing aneh-aneh, yaiku kumpul kebo bareng paran wae sing ana, sing aneh-aneh. Mangkane kota-kota iku wis digenehi udan geni, terus wonge diobong sak'lelawase. Kedadean iku bakale ngilingen nang sak'kabehe menungsa.
8 Ya ngono pisan, guru-guru palsu iku. Wong iku mikir sing di'impeni asale teka Pengeran, sampek ngregeti awak'e merga nglakoni dusa. Wong iku nolak kuwasane Pengeran, karo maneh ngenyek malaekat-malaekat ning swarga. 9 Ilinga malaekat Mikael sing mimpin kabeh malaekat liyane. Mikael iku orak tau nggawe masalah ngentah ngono. Pas tukaran karo Iblis ngenek'i sapa sing bakale oleh mayite Nabi Musa sak'wise mati, Mikael orak wani nyalahen Iblis ambek ngenyek. Tapikne Mikael guneman, “Gusti Pengeran sing ngukum sira!” 10 Tapikne, guru-guru palsu iku ngenyek sembarang kalire sing orak dingerteni. Wong-wong iku orak duwe akal, tapi mek melu napsune tok entah kewan. Merga teka iku dimusnahen.
11 Blai'a wong-wong iku, merga melu dalane uripe Kain,† sing biyen mateni adekne. Wong iku ya memper Bileam† sing srakah. Gara-gara doyan picis disogok kanggo nyedani wong Ibrani. Wong iku ya entah Korah† sing nglawan Musa, terus dimusnahen.
12 Guru-guru palsu iku sing ngrusak'en saben perjamuane wong percaya. Ya orak duwe isin pas mangan, ya mentingen awak'e dewe. Wong-wong iku entah awan sing orak nekani udan, tapi mek kegawa angin ngalor-ngidul. Ya entah wit mati sing wis dijebol, sing garing, sing rontok godonge, ya nanak wohe pisan. 13 Ya entah pisan ombak'e segara sing kereng, sing metu wuntuk'e, kelakuane sing ngisin-ngisini metu teka cangkeme. Ngentah lintang sing orak duwe panggonan, tapi ngalor-ngidul sak'karepe, wong-wong iku bakale dilebok'en enggon peteng sak'lelawase.
14 Nabi Henok biyen, pitung keturunan teka Adam, tau ngramalen masalah guru-guru palsu iku mau ngene, “Sak'temene, Gusti Pengeran bakale teka bareng ewonan wong sing suci 15 kanggo ngakimi sak'kabehe wong. Ya bakale pisan ngukum wong-wong bejat merga kelakuane sing bejat, ya guneman sing bejat ning ngarepe Pengeran.” 16 Wong-wong iki mek nggremeng tok karo sambat uripe. Kekarepane mek nyenengen ragane. Tapi cangkeme ngetok'en gunem sing orak-orak, terus ya nggolek rai pisan cekne oleh untung.
Kabar Apik sing dadi dasare imane kene
17 Tapikne dulur-dulure reang sing tak tresnani, ilinga nang wulangane utusan-utusane Gustine kene, Yesus Kristus. 18 Merga sira kabeh wis digenehi weruh nek'e pas wayah pungkasane jaman bakale metu wong-wong sing ngenyek sira, yaiku wong-wong sing urip nuruti kekarepane napsune. 19 Wong-wong iku sing ndadek'en kabeh semburat, merga orak dikuwasani Rohe Pengeran, tapi dikuwasani kekarepane ndunya.
20 Tapikne dulur kabeh sing ditresnani, bangunen uripe sira ning duwure dasar imane sira sing suci. Terus, ndedunga'a nggawe kuwasane Rohe Pengeran. 21 Ambek pisan, uripa sira ning njerone welas asihe Pengeran sak'wene sira ngenteni sepurane Yesus Kristus, Gustine kene, sing nggewehi urip langgeng nang sira.
22 Mesakna wong-wong sing kebimbang imane. 23 Mbatek'en kanca-kancane teka dusa entah wong sing dibatek teka geni. Mesakna pisan wong-wong liya sing dusa, masia sira wedi nang dusane. Tulungana wong-wong iku masia klambine wong iku njijik'en merga wis diregeti napsune raga sing dusa.
Yudas nutup surat nggawe dunga
24 Pengeran iku bisa njaga sira kabeh cekne orak nyasar teka percaya nang Yesus. Pengeran ya bisa nguwaten sira cekne bungah ambek nanak cirine ning ngarepe kamulyane Pengeran dewe. 25 Pengeran iku siji-sijine sing bisa nyelameten kene ngliwati Yesus Kristus, Gustine kene. Pengeran iku sing duwe kagungan, kuwasa, karo kamulyan, teka biyen, sampek sak'iki, terus kanggo sak'lelawase! Amin.