Wangsite Yesus Kristus
nang Yohanes
Bebuka
Ngapa kok kitab iki ditulis?
Nurut wong Kristen biyen, Yohanes, muride Yesus sing paling ditresnani, ngladeni wong percaya sing manggon ning daerah Asia Cilik, yaiku negara Turki jaman sak'iki. Merga iku Yohanes dicekel nang kerajaan Roma, terus dibuang nang pulau Patmos. Pas meneng ning Patmos, Yohanes oleh wangsit teka Yesus ngenek'i paran sing bakal kedadean sak'durunge kiamat. Sak'marine oleh wangsit iki, Yohanes nulis kitab iki nang pitung kumpulane wong percaya cekne siap pas siksaan gede teka. Kitab iki ditulis kurang luwih taun 94 Masehi.

Pitung kota ning Asia Cilik (1:0)
Pas kitab iki ditulis, wong Kristen ning Asia Cilik iku disiksa nang kerajaan Roma merga kabeh wong dikongkon nyembah nang Raja Gede Roma. Wong Kristen orak gelem, terus guneman nek ana mek siji raja, yaiku Gusti Yesus. Kitab iki ditulis cekne wong Kristen iku orak wedi sampek mundur, tapi madep mantep percaya nang Yesus, masia susah ambek sara.
Ning kitab iki Yesus ndudohen nang Yohanes paran sing bakal kedadean nang Yesus dewe. Ana papat bagean ning kitab iki. Kawitane Yesus iku Rajane Menungsa sing mreksa pitung cagak'e damar, yaiku pitung kumpulane wong percaya. Maringono Yesus iku Anak Domba sing ngadek ning pinggire tahtane Pengeran. Sak'wise iku Yesus dadi Raja sing nunggang jaran putih. Ahire Yesus iku Anak Domba maneh sing mrentah bebarengan Pengeran ning Yerusalem anyar.
Tema : Ning pungkasane jaman Yesus bakale menang, terus urip bebarengan umate sak'lelawase.
Ayat kunci: 21:3 - Terus reang ngrungok'en suwara sing banter teka langit sing guneman, “Sak'iki panggonane Pengeran ana ning tengah-tengahe menungsa. Pengeran bakale urip bebarengan wong-wong iku. Wong-wong iku bakale dadi umat pengalemane Pengeran, ya Pengeran dewe bakale dadi Pengerane wong-wong iku.”
Isine
1. Bebuka (1:1-8)
2. Wangsit sing kawitan: Rajane Menungsa mreksa pitung cagak'e damar (1:9 - 3:22)
3. Wangsit sing ping pindone: Anak Domba ngadek ning swarga terus mbukak gulungan sing ana pitung cap (4-16)
4. Wangsit sing ping telune: Raja sing nunggang jaran putih merangi sak'kabehe musuhe (17:1 - 21:8)
5. Wangsit sing ping papate: Anak Domba rabi ambek kemanten wedok, yaiku Yerusalem anyar (21:9 - 22:5)
6. Pesen sing pungkasan (21:9 - 22:5)