Kamus istilah ning kitab iki
Abraham : Bapakne bangsa Ibrani sing urip 2.000 taun sak'durunge Yesus. Pengeran tau njanji nang Abraham nek kabeh bangsa ning ndunya bakale diberkahi ngliwati keturunane Abraham dewe. Abraham duwe anak sing jenenge Isak. Isak duwe anak sing jenenge Yakub. Atusan taun sak'marine janji iku, keturunane Abraham pancen dadi bangsa gede sing diarani bangsa Ibrani. Mangkane Abraham iku diarani bapakne bangsa Ibrani.
Ahli agama (Ibrani) : Pemimpin wong Ibrani iki nglakoni pepirang penggawean, yaiku nulis isine Kitab Sucine Nabi Musa maneh cek'ne dadi akeh, mulang isine Hukume Nabi Musa, terus nggewehi nasehat nang Mahkamah Agama. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘Ahli Taurat.’
Ara-ara amba : Enggon amba sing nanak wite, nanak sing manggon, tapi mek wedi tok.
Balai Agama : Enggon iki digawe masyarakat Ibrani ning endi wae kanggo kegiatane agama Ibrani kaya ndedunga karo sinau Kitab Suci. Sak'liyane iku, enggon iki digawe sekolahan, enggone slametan, karo enggone sidang. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘rumah ibadat.’
Daud : Raja Ibrani sing nampa janji teka Pengeran nek salah sijine keturunane bakal dadi Raja Pilihane Pengeran sing bakal mrentah sak'lelawase (2 Samuel 7:13-14). Raja Daud urip 1.000 taun sak'durunge Yesus.
Elia : Nabi Ibrani sing urip ning Israel pas jamane Raja Ahab, yaiku sekitar abad kesanga. Kisahe ana ning kitab 1-2 Raja-raja. Nabi Elia orak mati tapi dijupuk Pengeran digawa nang swarga. Terus Nabi Maleakhi ngramal nek'e Nabi Elia bakale teka maneh nang ndunya sak'durunge Raja Pilihane Pengeran teka (Mal 4:4).
Farisi : Golongane pemimpin agama Ibrani. Wong-wong teka golongane Farisi sregep usaha nglakoni kabeh prentahe Pengeran ambek adate wong Ibrani. Masalahe, ana ewonan prentah iku mau. Tapi, masia sregep nglakoni agama, wong Farisi mek apen-apen apik, terus lali welas asih nang sak'pepadane. Wong Farisi dadi pemimpin agama merga kekarepane dewe, duduk merga dipilih Pengeran.
Herodes : Ning kitab iki ana wong papat sing dijenengi Raja Herodes.
1. Raja Herodes Agung sing nguwasani daerah Yudea pas Yesus lair. Raja iku nyobak mateni Yesus sak'marine lair (Kitab Lukas 1:5).
2. Raja Herodes Antipas, yaiku anak'e Herodes Agung. Herodes Antipas nguwasani daerah Galilea pas Yesus mulang ambek nglakoni mujijat. Herodes Antipas iku sing ngongkon nugel ndase Nabi Yohanes (Kitab Lukas 14:1-12), terus mreksa Yesus sak'durunge dipateni ning kayu salib (Kitab Lukas 23:6–12).
3. Raja Herodes Agripa I, yaiku putune Herodes Agung. Herodes iku nyiksa wong percaya, terus ngongkon Yakobus, cacakne Yohanes, dipateni (RUY 12:1–23).
4. Raja Herodes Agripa II, yaiku buyute Herodes Agung. Herodes iku ngrungok'en Paulus mbelani awak'e dewe sak'durunge dikirim nang Raja Gede Roma (RUY 25:13 – 26:2; 26:19, 27–32).
Hukum agama (Ibrani) : Uga diarani Hukume Nabi Musa, yaiku aturane agama Ibrani sing Pengeran nggenehi nang Nabi Musa kanggo nuturi wong Ibrani. Hukum agama Ibrani ana ning limang kitab sing diarani Kitab Taurat, yaiku Kejadian, Keluaran, Imamat, Bilangan, karo Ulangan. Ning njerone limang kitab sing ditulis Nabi Musa iku, ana 613 aturan sing kudu dilakoni wong Ibrani.
Iblis : Rajane kabeh roh jahat. Nurut ahli Kitab Suci, biyen, sak'durunge ana ndunya, Iblis iku salah sijine malaekat sing ngladeni Pengeran. Tapikne Iblis kepingin dadi pemimpin sing diajeni. Iblis ngejak akeh malaekat liyane nglawan Pengeran. Kabeh malaekat jahat iku dibuang teka swarga nang ndunya. Malaekat-malaekat iku sing dadi roh-roh jahat. Iblis, sing dadi pemimpine, ya uga diarani Setan, Raja Kuwasa Angin, Tukang Goroh, ambek Si Ula. Iblis ambek roh-roh jahat iku bisa nglarani wong, ngrasuk'i wong, ngalangi wong, karo nyesaten wong. Tapi wong sing percaya nang Yesus bisa nglawan kabeh penggaweane Iblis.
Janji Anyar : Pengeran nggewehi akeh janji nang wong Ibrani biyen, sak'durunge Yesus urip. Tapi, sak'marine Yesus teka, Pengeran nggenehi Janji Anyar nang sak'kabehe ndunya, yaiku, sapa wae sing percaya nang patine karo tangine Yesus, dusane bakal disepura. Terus, Rohe Pengeran bakale manggon ning atine wong sing percaya iku cekne wong iku dikuwaten kanggo nglawan gudaan teka Iblis, ndunya, ambek ragane dewe sing kepingin nglakoni dusa.
Kabar Apik : Nurut teks asli, kata iki “Injil.” Injil tegese “kata apik,” “pesen apik,” utawa “kabar sing mbungahen.” Ana rong isi Kabar Apik iku. Sing nomer siji, Yesus wis nggawa Kerajaane Pengeran nang ndunya. Kabeh wong sing dusane wis disepura bisa dadi wargane kerajaan iku. Sing nomer loro, dusane kene bisa disepura ngliwati patine karo tangine Yesus. Yesus bisa nyepura dusane kene, duduk merga penggawean apik sing tau kene lakoni, tapi merga kene percaya tok nang kuwasane Yesus.
Karunia : Rohe Pengeran nggenehen kuwasa nang wong. Kuwasa iku orak diduweni menungsa biasa. Contone 'karunia rohani' yaiku marasen wong, ngerti kekarepe Pengeran, mulang teka Kitab Suci, ngomong nggawe basa liya, negesen basa iku mau, ambek liya-liyane.
Kerajaane Pengeran : Kitab Suci wis jelas nek'e Gusti Pengeran memper raja sing nguwasai sembarang kalir ning swarga ambek ning ndunya (Masmur 19:6, 47:8, 97:1, 113:5). Pas Yesus ngabaren nek Kerajaane Pengeran wis teka, wong Ibrani mikir Pengeran kate ndadek'en kerajaane ning ndunya ngliwati wong Ibrani, merga Pengeran tau njanji nang Raja Daud nek'e kerajaane bakale langgeng (2 Samuel 7:16). Tapi nyatane wilayah karo wujute kerajaan iku orak pada karo pikirane wong Ibrani. Kerajaane Pengeran ana ning atine wong sing tunduk nang Raja Yesus (Lukas 17:21). Uga diarani Kerajaane Swarga. Delengen Yesaya 9:5-6.
Kerajaane Swarga : pada karo Kerajaane Pengeran. Delengen catetan Kerajaane Pengeran.
Kitab Suci : Wong Ibrani duwe 39 kitab sing dianggep suci. Kitab-kitab iku ditulis atusan taun sak'durunge Yesus teka nang ndunya. Limang kitab sing kawitan diarani Hukume Nabi Musa. Kitab liyane ditulis nang nabi-nabi entah Samuel, Daud, Yesaya, dll. Kitab-kitab iku sing dadi aturan agamane wong Ibrani. Tapi wuruk'ane Yesus sing dadi aturan anyar kanggo wong sing kepingin dadi wargane Kerajaane Pengeran. Dadi 39 kitab iku mau diarani Janji Lawas, terus isine kitab iki diarani Janji Anyar.
Kristus : Kata ‘Kristus’ ambek ‘Mesias’ iku pada. Lelorone kata iku mau tegese ‘sing dilengani’ tapi maksute ‘raja sing dipilih Pengeran’. Raja sing dijanjek'en iku diramalen pisan ning kitab-kitab liyane : Masmur 2, 45:2-9, 132:17-18, karo Daniel 9:25. Ramalan-ramalan iku njelasen nek raja iku bakal mrentah ndunya sak'lelawase. Mangkane, sak'durunge Yesus teka, akeh wong Ibrani wis suwe ngenteni tekane raja sing dijanjek'en iku.
Mahkamah Agama : Klompok hakim Ibrani sing anggotane 70 ketuane masyarakat. Ya ana sing teka wong Farisi, wong Saduki, guru-guru Kitab Suci, karo pengarepe sembayang. Wong-wong iku duwe kuwasa kanggo ngatur urusane masyarakat karo agama Ibrani.
Malaekat : Makluk teka swarga sing ngladeni Pengeran, ya nggawa pesene Pengeran nang menungsa.
mbaptis : Awak'e wong dilebok'en banyu dadi gambaran nek wong iku wis tobat, terus njaluk dusa-dusane disepura nang Pengeran.
Mesbah : Enggon iku digawe kanggo ngobong korban kewan sing digenehen nang Pengeran. Jamane Nabi Musa mesbah iku digawe teka watu-watu sing disusun sak'gedene meja. Sak'marine Raja Daud, mesbah ning Umahe Pengeran digawe luwih apik maneh.
Musa : Nabi Ibrani sing mimpin bangsa Ibrani metu teka Mesir, terus nampa sepuluh prentahe Pengeran. Musa nulis limang kitab, yaiku Kejadian, Keluaran, Imamat, Bilangan, karo Ulangan. Kitab-kitab iku diarani Hukume Nabi Musa. Musa urip 1.500 taun sak'durunge Yesus.
Nabi : Menungsa sing nerima wangsit, pesen, karo wekasan teka Pengeran cekne digawa nang wong-wong liya.
Paskah : riaya wong Ibrani kanggo iling nang wayahe Pengeran mbebasen bangsa Ibrani teka negara Mesir. Pas iku saben keluarga wong Ibrani kudu ngorbanen anak'e domba, terus neleten getihe ning gapurane lawang cekne slamet teka pagebluk ping sepuluh. Kisah iku ana ning kitab Keluaran pasal 1-20. Rong ewu (2.000) taun marine, pas jaman Yesus, wong Ibrani tetep ngrayak'en dina iku ambek ngorbanen anak'e domba. Riaya iku uga diarani riaya “Roti sing nanak ragine.” Deleng pisan “Perjamuan Suci.”
Paulus : Wong Ibrani sing percaya nang Yesus sak'marine Yesus diunggahen nang swarga. Rasul Paulus urip pepirang taun sak'marine Yesus. Asline jenenge Paulus iku Saulus.
Pengarepe sembahyang : Ewonan taun sak'durunge Yesus, Pengeran nentok'en Pak Harun, yaiku cacakne Musa, dadi pengarepe sembayang sing kawitan. Mek keturunane Harun sing bisa dadi pengarepe sembayang sing nglakoni penggawean ning Umahe Pengeran. Penggaweane iku nggewehi korban, ngobong menyan karo nyampek'en ndunga. Jaman iku, mek pengarepe sembayang sing bisa makili bangsa Ibrani ning ngarepe Pengeran. Istilah pengarepe sembayang njero Alkitab basa Indonesiane ‘imam’. Sak'nduwure pengarepe sembayang ana wong-wong sing dadi Ketuane Pengarepe Sembahyang. Terus sing paling duwur ana siji Pengarepe Sembahyang Agung.
Ketuane pengarepe sembayang : Wong-wong iki ngatur pengarep-pengarepe sembayang terus melu dadi anggotane Mahkamah Agama. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘imam kepala’.
Pengarepe Sembahyang Agung : Yaiku wong siji sing mimpin kabeh pengarepe sembayang karo Mahkama Agama. Mek wong iki bisa mlebu nang Papan Maha Suci ning Umahe Pengeran setaun sepisan. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘Imam Besar’.
Perjamuan Suci : Sak'durunge Yesus mati, Yesus mangan bareng murid-muride kanggo ngrayak'en Paskah. Pas iku Yesus gawe makna anyar kanggo riaya iku. Pas mangan, Yesus njupuk roti terus guneman, “Roti iki nggambaren ragane Reang sing dijuren kanggo sira kabeh.” Maringono Yesus njupuk banyu anggur terus guneman, “Anggur iki nggambaren getihe Reang sing diutahen kanggo sira kabeh.” Dadi Perjamuan Suci iku dilakoni kanggo ngiling nang matine Yesus, sampek Yesus mbalik maneh.
Raja Pilihane Pengeran (sing dijanjek'en biyen) : Ning Kitab Sucine wong Ibrani, Pengeran tau njanji nang Raja Daud nek salah siji keturunane bakal mrentah bangsa Ibrani karo ndunya sak'lelawase (2 Samuel 7:16). Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘Mesias’ karo ‘Kristus’. Kata ‘Mesias’ iku asale teka basa Ibrani. Kata ‘Kristus’ asale teka basa Yunani. Lelorone kata iku mau tegese ‘sing dilengani’ tapi maksute ‘wong sing dipilih Pengeran’. Raja sing dijanjek'en iku diramalen pisan ning kitab-kitab liyane : Masmur 2, 45:2-9, 132:17-18, karo Daniel 9:25. Ramalan-ramalan iku njelasen nek raja iku bakal mrentah ndunya sak'lelawase. Mangkane, sak'durunge Yesus teka, akeh wong Ibrani wis suwe ngenteni tekane raja sing dijanjek'en iku.
Rajane Menungsa : Istilah iki bisa ditemok'en ning kitabe Daniel 7:13-14. Ning kono ana ramalan ngenek'i wong sing bakal didadek'en raja nang Pengeran. Wong iku bakal mrentah kabeh bangsa sak'lelawase. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane: ‘Anak Manusia’.
Roh Suci : yaiku Rohe Gusti Pengeran dewe. Ya diarani pisan Rohe Yesus. Delengen ‘Rohe Pengeran.’
Rohe Pengeran : Gusti Pengeran duwe Roh dewe. Roh iku suci, terus Pengeran bisa nggewehi Roh iku nang sapa wae sing percaya nang Yesus. Istilah iki ning Alkitab basa Indonesiane ‘Roh Kudus’ utawa ‘Roh Suci’.
Sabat : Pengeran gawe ndunya sak'isine sak'njerone enem dina. Pas dina ping pitune Pengeran leren. Merga iku dina ping pitu dianggep suci, terus diarani dina ‘Sabat’. Pengeran tau gewehi prentah nang Nabi Musa soal dina Sabat. Prentahe ngene: “Sira kudu merhatek'en karo nyucek'en dina Sabat. Sira kudu nyambut gawe sak'njerone enem dina, tapi pas dina ping pitune kudu leren” (Kel. 20:8-11). Mangkane wong Ibrani orak oleh nyambut gawe pas dina Sabat. Nek ana wong Ibrani sing nyambut gawe pas dina Sabat, wong iku bisa diukum nang pemimpin agama. Nurut adate wong Ibrani, dina Sabat iku molai pas makrib dina Jumat, terus marine pas makrib dina Sabtu.
Sabda : Gunemane Pengeran dewe, sing duwe kuwasa sing nanak watese. Ngliwati Sabdane Pengeran ndunya iki didadek'en. Nurut Kitab Yohanes pasal 1, Yesus iku Sabdane Pengeran sing dadi menungsa. Ning njero basa Indonesia, Sabda iku “Firman”.
Saduki : Golongane pemimpin agama Ibrani. Wong Saduki mek nerima limang kitabe Nabi Musa tok. Terus orak percaya wong mati bisa urip maneh, ya nanak malaekat, nabi, utawa roh-roh. Memper wong Farisi, wong-wong teka golongane Saduki dadi pemimpin agama merga kekarepane dewe, duduk merga dipilih Pengeran.
Sing Gawe Urip : Ning Kitab Suci Pengeran duwe jenenge dewe, yaiku YAHWEH. YAHWEH iku tegese "Reang ana," yaiku sumbere urip sing wis ana, sak'iki ana, terus bakale ana sak'lelawase.
Sunat : Jaman biyen, menungsa orak lakoni sunat. Tapi wong Ibrani diarani “wong sing disunat” merga nurut hukum agama Ibrani, saben wong lanang Ibrani kudu disunat dadi tenger nek wong iku anggotane umat pilihane Pengeran. (Imamat 12:3) Tapi, suwene-suwe wong Ibrani mikir sunat tok wis cukup kanggo diterima Pengeran, terus lali manut nang kekarepe Pengeran teka ati sing tulus iklas.
Umahe Pengeran : Siji-sijine enggon sembayange wong Ibrani sing ana ning kota Yerusalem. Enggon iku duwe papane loro:
1. Ana Papan Maha Suci. Mek Pengarepe Sembahyang Agung sing diolehi mlebu nang papan iku setaun sepisan.
2. Ana Papan Suci. Biasae pengarepe sembayang mlebu nang papan iki kanggo makili wong Ibrani nang Pengeran. Ning kono pengarepe sembayang ndunga nang Pengeran, ngobongi menyan, karo nglakoni tugas liyane. Ning antarane Papan Suci karo Papan Maha Suci ana slambu gede. Slambu gede iku nutupi Papan Maha Suci cekne nanak sing bisa ndeleng nang njerone papan iku. Sak'liyane rong papan iku, ana petang latar Umahe Pengeran.
3. Ana latar kanggo pengarepe sembayang.
4. Ana latar kanggo wong Ibrani sing lanang.
5. Ana latar kanggo wong Ibrani sing wedok.
6. Ana latar kanggo wong sing duduk Ibrani.
Latare nomer telu iku paling parek nang Umahe Pengeran. Latare nomer enem kanggo wong sing duduk Ibrani iku paling adoh teka Umahe Pengeran. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘Bait Allah’.
Utusan : Yesus milih rolas muride sing paling raket cekne dadi kongkonane. Rolas murid iku diarani utusane Yesus. Yesus ngutus rolas utusan iku kanggo nyampek'en karo nerusen wuruk'ane. Sak'marine Yesus urip maneh, pepirang wong liya dadi utusane Yesus, salah sijine, yaiku Paulus. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘rasul’.
Wangsit : Pesene Pengeran sing digenehi langsung nang menungsa ngliwati ngipi utawa cara ajaib liyane. Istilah iki njero Alkitab basa Indonesiane ‘penglihatan’.
Welas : yaiku paran wae sing apik teka Pengeran kaya pitulungan, kuwasa, karo dusa disepura. Nurut Kitab Suci nanak wong sing apik sampek bisa nyelameten awak'e dewe. Tapi merga welase Pengeran, menungsa bisa dislameten. Iku duduk merga nglakoni apik, tapi merga welase Pengeran, ngliwati Yesus sing dadi korban gantine menungsa. Ning njerone basa Indonesiane ‘kasih karunia’ utawa ‘anugerah’.
Wong Ibrani : Rong ewu (2.000) taun sak'durunge Yesus, ana wong jenenge Abraham. Abraham iku dadi bapakne suku Ibrani. Pengeran milih suku Ibrani dadi umat pilihane. Suwe-suwe suku Ibrani iku dadi bangsa sing duwe basa dewe, agama dewe, karo daerah dewe, yaiku Kanaan (sing sak'iki diarani Israel). Wong Ibrani nganggep suku-suku liyane najis merga orak melu kabeh aturan ning Kitab Sucine wong Ibrani. Yesus karo wong-wong sing kawitan melu Yesus, ya wong Ibrani pisan. Jaman sak'iki, wong Ibrani diarani wong Yahudi.
Wong Lewi : Wong Lewi iku keturunane mbah buyute wong Ibrani sing jenenge Lewi, yaiku salah sijine putune Abraham. Kabeh keturunane Lewi iku digewehi tugas ngladeni pengarep-pengarepe sembayang ning Umahe Pengeran.
Yesaya : Nabi Ibrani sing ngramal soal tekane Raja Pilihane Pengeran. Nabi Yesaya urip 700 taun sak'durunge Yesus.
Yesus : Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en Pengeran nang wong Ibrani. Gusti Yesus urip 2.000 taun biyen. Nurut tukang sejarah, Yesus lair kurang luwih taun 4 S. M., terus mati taun 29 M., pas umure 33 taun.
Yohanes : Ana wong loro sing dijenengi Yohanes ning Kitab Suci iki. Sing siji, yaiku sing mbaptis wong, dulure Yesus sing mati sak'taun sak'durunge Yesus. Sing sijine, yaiku muride Yesus sing paling ditresnani. Yohanes iku sing nulis Kabar Apik nurut Yohanes, 1-3 Yohanes, karo Wangsite Yesus.