22
Maringono malaekat iku ndudohen kali nang reang. Banyu ning kali iku sing nggenehi urip. Banyu iku, sing bening entah kristal, metu teka tahtane Pengeran ambek Anak Domba, 2 terus mili ning tengahe dalan gede ning kota iku. Ning kiwa tengene kali iku ana wit panguripan. Wit iku nguwoh saben wulan, ping rolas sak'taun. Gegodongan wit iku bisa digawe marasen bangsa-bangsa. 3 Nanak kutuk maneh. Tahtane Pengeran ambek Anak Domba ana ning tengahe kota iku, terus abdi-abdine bakale ngabdi nang Pengeran iku. 4 Abdi-abdi iku bakale nguwasen raine Pengeran, terus jenenge Pengeran bakal ditulis ning batuk'e. 5 Nanak bengi maneh, terus nanak gunane padange teplok maneh utawa padange sengenge. Gusti Pengeran sing bakale madangi. Pengeran ambek abdi-abdine bakal mrentah sak'lelawase.
Yohanes ambek Malaekat
6 Malaekat iku guneman nang reang, “Gunem-gunem iki bener, ya bisa dipercaya. Gusti Pengeran sing nggewehi Rohe dewe nang nabi-nabine. Terus Gusti Pengeran ya ngutus malaekate kanggo ndudohen abdi-abdine paran sing orak kosi suwe kudu kedadean.”
 
7 Yesus guneman, “Gatekna! Reang ndang-ndang teka! Sapa wae sing nuruti kabeh sing ditulis ning njerone kitab iki bakal diberkahi.”
 
8 Reang, Yohanes, sing ngrungok'en karo ndeleng kabeh iki. Pas reang ngrungok'en kabeh iki reang sujud nyembah ning sikile malaekat sing ndudohen kabeh iki. 9 Tapi malaekat iku guneman, “Ajo ngono! Reang iki mek abdi pada karo sira ambek dulure sira, yaiku nabi-nabi liyane, ya mbarek kabeh wong sing nurut nang kabeh sing ditulis ning kitab iki. Sembaha Pengeran!”
10 Terus malaekat iku guneman, “Ajo disingeten gunem-gunem ramalan ning kitab iki, merga wayahe wis parek. 11 Kepe wong sing nglakoni jahat, nglakoni jahat terus. Kepe wong sing orak genah, ya ngono teterusan. Kepe wong sing nglakoni bener, nglakoni bener terus. Kepe wong sing suci, ya ngono teterusan.”
Tuturan sing pungkasan
12 Yesus guneman, “Gatekna! Reang ndang-ndang teka. Ganjarane reang ana ning tangane reang. Reang bakale nggenehi nang saben wong nurut paran sing dilakoni. 13 Reang iki Alfa karo Omega, Sing Kawitan karo Sing Pungkasan, Sing Asal Mula karo Sing Pungkasan.
14 “Bungaha kabeh wong sing ngrijik'i sandangane, cekne duwe hak mangan teka wit panguripan mbarek mlebu gerbang kota. 15 Ning njabane ana ‘kerek-kerek’, yaiku sing nglakoni sihir, sing nglakoni cabul, sing mateni wong, sing nyembah sak'liyane Pengeran, karo sak'kabehe wong sing seneng nglakoni paran sing orak bener.
16 “Reang, Yesus, wis ngutus malaekate Reang cekne nggewehi wekasan iki nang kumpulan-kumpulane wong percaya. Reang iki anak putune Raja Daud. Reang pisan Lintang Isuk sing semorot.”
17 Rohe Pengeran ambek kemanten wedok guneman nang Yesus, “Teka'a!” Kepe sapa sing ngrungok'en pesen iki guneman nang Yesus, “Teka'a!” Kepe sapa wae sing ngelak teka nang kali panguripan. Kepe sapa wae sing gelem ngombe teka banyu panguripan, terus orak kudu mbayar.
18 Reang, Yohanes, ngilingen saben wong sing ngrungok'en gunem-gunem ning wangsite kitab iki: Nek ana sing nambah peparan nang tulisan iki, Pengeran bakal nambah pagebluk sing didongengen ning kitab iki nang wong iku. 19 Terus nek ana sing ngurangi gunem-gunem teka tulisan iki, Pengeran bakale njupuk hak'e wong iku kanggo mangan teka wit panguripan mbarek hak'e wong iku manggon ning Kota Suci, sing didongengen ning kitab iki.
20 Yesus sing nyaksek'en nang kabeh iki guneman, “Ya, Reang ndang-ndang teka.”
Amin. Teka'a Gusti Yesus.
21 Welase Gusti Yesus mbarengi umat pilihane Pengeran. Amin.