Jagad sing anyar
21
Maringono reang ndeleng langit karo ndunya sing anyar, merga langit karo ndunya sing kawitan nanak maneh. Segara ya wis nanak maneh. 2 Terus reang ndeleng kota sing suci mudun teka swarga, teka Pengeran, yaiku, Yerusalem sing anyar, sing wis dipaesi memper kemanten wedok sing dipaesi gawe bojone. 3 Terus reang ngrungok'en suwara sing banter teka langit sing guneman, “Sak'iki panggonane Pengeran ana ning tengah-tengahe menungsa. Pengeran bakale urip bebarengan wong-wong iku. Wong-wong iku bakale dadi umat pengalemane Pengeran, ya Pengeran dewe bakale dadi Pengerane wong-wong iku. 4 Pengeran bakal ngilangi kabeh eluhe teka mripate wong-wong iku. Nanak maneh pati, susah, tetangisan, utawa kelaran. Kabeh sing lawas wis nanak maneh.”
5 Pengeran sing lungguh ning nduwur tahtane iku nyabda, “Delengen! Reang ndadek'en sembarang kalir anyar.” Terus Pengeran nyabda maneh, “Tulisna kabeh iku mau merga kabeh guneman iki bener karo pantes dipercaya.”
6 Maringono Pengeran guneman nang reang, “Wis mari. Reang iki Alfa karo Omega,a Sing Kawitan karo Sing Pungkasan. Reang nggewehi omben nang wong sing ngelak teka sumber banyu panguripan, terus orak kudu mbayar. 7 Wong sing menang bakale nerima kabeh iku. Reang bakal dadi Pengerane wong iku, terus wong iku bakal dadi anak'e Reang. 8 Tapi uwong sing keweden, sing orak percaya, sing uripe orak genah, tukang mateni wong liya, sing nglakoni jinah, tukang-tukang santet, sing nyembah sak'liyane Pengeran, ambek kabeh wong sing doyan goroh bakale oleh enggon ning njero segara geni, sing murup mbarek welirang. Iku mau kepaten sing ping pindone.”
Yerusalem sing anyar
9 Maringono salah siji teka malaekat pitu sing nggawa pitung mangkok sing maune di'isi pitung blai sing pungkasan iku marek'i reang. Malaekat iku guneman, “Renea. Reang bakal ndudohen nang sira kemanten wedok sing bakal dadi bojone Anak Domba iku.” 10 Ngliwati Roh Suci, malaekat iku nggawa reang munggah nang nduwure pusung sing nemen duwur karo gede. Didudohen Kota Suci, Yerusalem, sing mudun teka swarga, teka Pengeran. 11 Kota iku bek kamulyane Pengeran, ya semorot persis permata sing larang regane, ngentah permata yaspis, bening memper kristal. 12 Kota iku nduwe tembok gede karo duwur, sing nduwe rolas gerbang. Ning nduwure gerbang-gerbang iku mau ana rolas malaekat. Ning saben gerbang tetulis jenenge rolas suku Ibrani. 13 Telung gerbang ning sisih wetan, telung gerbang ning sisih lor, telung gerbang ning sisih kidul, terus telung gerbang ning sisih kulon. 14 Tembok kota iku nduweni watu pondasine kabehe rolas. Ning watu-watu iku mau tetulis jenenge rolas utusane Anak Domba iku.
15 Malaekat sing guneman nang reang nggawa teken kanggo ngukur. Teken iku digawe teka emas. Malaekat iku kate ngukur kota, gerbang-gerbang, mbarek tembok-tembok'e. 16 Kota iku bentuk'e segi papat. Dawane kota iku rolas ewu (12.000) stadia,b ambane rolas ewu (12.000) stadia, mbarek duwure rolas ewu (12.000) stadia. 17 Malaekat ya ngukur kandele tembok iku, suwidak lima (65) meter. (Malaekat nggawe ukurane wong menungsa pas jaman iku.) 18 Tembok iku digawe teka permata yaspis, mbarek teka emas tulen sing ngilap persis kaca sing murni. 19 Watu pondasi tembok kota iku bahane teka kabeh macem permata sing larang. Dasarane sing kawitan teka permata yaspis, sing kepindo teka watu nilam, sing ketelu teka watu mirah, sing kepapat teka watu jamrud, 20 sing kelima teka watu unam, sing keenem teka watu sardis, sing kepitu teka watu ratna cempaka, sing kewolu teka watu beril, sing kesanga teka watu krisolit, sing kesepuluh teka watu krisopras, sing kesewelas teka watu lasuardi, mbarek pondasi sing kerolas teka watu kecubung. 21 Ning rolas gerbang iku ana rolas pager sing digawe teka mutiara. Saben pager digawe teka siji mutiara. Dalan gede ning kota iku digawe teka emas murni, sing ngilap tiru kaca.
22 Reang orak ndeleng Umahe Pengeran ning njero kota iku, merga Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa ambek Anak Domba sing dadi panggonan iku. 23 Kota iku mau orak merlok'en sengenge utawa mbulan gawe madangi. Kamulyane Pengeran sing bakale madangi. Anak Domba iku mau sing dadi sumber padange kota iku. 24 Bangsa-bangsa bakale mlaku ning njero semorot sing digewehen Anak Domba iku. Raja-raja ning ndunya bakale nggawa kamulyane nang kota iku. 25 Gerbang-gerbang iku orak tau ditutup, merga nanak maneh bengi ning kana. 26 Kamulyan karo dunya branane bangsa-bangsa bakale digawa ning njero kota iku. 27 Peparan wae sing orak suci orak oleh mlebu ning njerone kana. Wong sing nglakoni paran sing ngisin-ngisini utawa gorohan ya orak bakal bisa mlebu ning njerone. Sing oleh mlebu, mung wong-wong sing jenenge tetulis ning njero kitabe Anak Domba, yaiku Kitab Panguripan.