Kerajaan 1.000 taun
20
Maringono reang ndeleng ana malaekat mudun teka swarga. Malaekat iku nggawa kunci lawange jurang pepati ambek rante gede ning tangane. 2 Terus Malaekat iku nyekel naga, ula kuna kala iku, yaiku Iblis, sing diarani si Musuh. Naga iku dirante suwene sewu (1.000) taun, 3 dibuang nang jurang pepati, ditutup lawange ambek dikonci, terus dicap ning duwure lawang iku. Nek wis ngono naga iku orak bisa nyesaten bangsa-bangsa maneh, sampek jamane sewu (1.000) taun iku wis mari. Sak'marine iku naga iku kudu diculen, tapi orak kosi suwe.4 Maringono reang deleng tahta-tahta. Sing lungguh ning nduwure, yaiku wong-wong sing digewehi kuwasa kanggo ngadili. Terus reang deleng jiwa-jiwane wong sing ndase tau dituggel merga nyaksek'en ngenek'i Yesus, ya merga percaya nang Sabdane Pengeran. Wong-wong iku orak tau nyembah Kewan Kereng utawa recane, terus orak tau nerima tengere ning batuk'e utawa tangane. Wong-wong sing dipateni iku diuripen maneh, terus mrentah bebarengan Kristus sewu (1.000) taun. 5 (Wong mati sing liyane gek durung diuripen maneh sampek sewu (1.000) taun iku mari.) Iku mau wayah tangi teka pati sing kawitan. 6 Mendah bungahe ambek sucine wong-wong sing oleh melu wayah tangi sing kawitan. Pati sing ping pindone orak bisa nguwasani wong-wong iku. Wong-wong iku bakale dadi pengarepe sembahyang kanggo Pengeran karo Raja Pilihane. Wong-wong iku bakale mrentah bebarengane Raja Pilihane Pengeran sewu (1.000) taun.
Iblis diukum
7 Pas sewu (1.000) taun wis mari, Iblis bakale diculen teka buine. 8 Terus Iblis bakale budal kanggo nyesaten sak'kabeh bangsa ning petang pojok'e bumi, yaiku Gog karo Magog. Kabeh bangsa iku bakal diklumpuk'en dijak maju perang. Jumlahe ngentah wedi ning pinggire segara. 9 Kabeh sing melu Iblis iku mlaku sak'ambane bumi sampek ngubengi kemah-kemahe umat pilihane Pengeran ambek kota pengalemane Pengeran. Tapi geni mudun teka swarga terus ngobongi prajurite Iblis mau. 10 Maringono Iblis, sing nyesaten wong-wong iku, dibuang ning njerone ranu welirang sing mongah-mongah. Kewan Kereng ambek nabine sing palsu iku dileboni kana pisan. Ning kana disiksa awan bengi sak'lelawase.
Wong mati diukum
11 Maringono reang ndeleng tahta putih sing gede. Pengeran sing lungguh ning duwure. Langit karo bumi ilang teka ngarepe Pengeran, terus orak katok maneh. 12 Sak'wise iku reang ndeleng sak'kabehe wong mati, ya sing cilik karo sing gede. Kabeh wong iku ngadek ning ngarepe tahta iku. Terus akeh kitab dibukak. Ana kitab liyane sing dibukak, yaiku Kitab Panguripan. Kabeh wong mati diakimi nurut paran sing tau dilakoni sing dicatet ning kitab-kitab iku mau. 13 Kabeh wong sing mati ning njerone segara diuripen maneh cekne diadili. Terus kabeh wong sing ditahan ning kerajaan pepati diuripen maneh cekne diadili. Sak'kabehe wong diakimi nurut paran sing tau dilakoni. 14 Maringono pati ambek kerajaan pepati dibuang ning njerone ranu geni. Ranu geni iku pati sing ping pindone. 15 Sapa wae sing jenenge orak ditemok'en ning njerone Kitab Panguripan, wong iku dibuang ning njerone segara geni.