Kidungan ning swarga merga kota Babel diukum
19
Sak'wise iku, reang ngrungok'en suwara sing banter, persis suwarane wong akeh ning swarga sing memelung ngene,
“Pujien Pengeran!
Pengeran sing nyelameten!
Kamulyan karo kuwasa iku duwek'e Pengerane kene!
2 Merga sak'kabehe sing Pengeran ngadili iku bener karo adil.
Pengeran wis ngadili senok gede iku,
sing ngrusak ndunya ngliwati nglakoni jinah.
Pengeran wis mbalesen abdi-abdine Pengeran sing dipateni nang wong wedok iku.”
3 Wong-wong ning swarga ya memelung maneh,
“Pujien Pengeran!
Kukuse geni sing ngobong kota Babel ngebul sampek sak'lawas-lawase.”
4 Terus patlikur (24) sesepuh karo papat makluk urip iku sujud nyembah Pengeran sing lungguh ning nduwure tahtane. Makluk iku kabeh memelung,
“Amin! Ayo pada muji Pengeran!”
5 Terus krungu suwara teka tahtane Pengeran sing guneman,
“Pujien Pengerane kene,
he sak'kabehe wong sing ngladeni Pengeran,
ya sing ngajeni Pengeran,
wong cilik karo sing gede.”
Slametane Kemanten Anak Domba
6 Maringono reang ngrungok'en suwara sing ngentah wong akeh, ngentah gembleduge banjir karo gemblegere gluduk sing banter. Unine ngene,
“Pujien Pengeran!
Merga Gusti Pengerane kene sing Maha Kuwasa mrentah.
7 Ayo kene pada bebungah karo seneng.
Ayo kabeh pada mulyak'en Gusti Pengeran!
Merga wis teka dinane Anak Domba kate rabi,
terus kemanten wedok'e Anak Domba wis nyepak'en awak'e dewe.
8 Gombal putih sing alus rijik karo ngilap temenan digewehen nang kemanten wedok.”
(Gombal sing rijik iku nggambaren kelakuane sing apik sing dilakoni umat pilihane Pengeran sing suci.)
9 Maringono malaekat iku guneman nang reang, “Tulisna iki: Bungaha wong-wong sing diundang nang slametan rabine Anak Domba!” Malaekat iku nambah maneh, “Gunem-gunem iki pancen guneman sing bener teka Pengeran.”
10 Mangkane, reang sujud nyembah ning sikile malaekat iku. Tapi malaekat iku guneman nang reang, “Ajo nyembah reang. Reang iki ya abdi sing ngladeni Pengeran persis sira karo dulur-dulure sira sing setia gendelan sing siset nang saksine Yesus. Sembaha Pengeran! Maksute pesen-pesen teka Pengeran, yaiku nyaksek'en ngenek'i Yesus.”
Gusti Yesus diarani Sabdane Pengeran
11 Maringono reang ndeleng swarga kebukak. Ning ngarepe reang ana jaran putih. Wong sing nunggangi jenenge “Sing Setia” karo “Sing Bener.” Wong iku adil pas ngadili wong karo nglakoni perang. 12 Mripate Wong iku persis geni sing murup. Ning duwure ndase Wong iku ana akeh mahkotane. Ning awak'e Wong iku ana tulisan jeneng sing orak diweruhi sapa wae, kejaba Wong iku dewe. 13 Jubahe Wong iku wis dicelupen ning getihe musuh-musuhe. Wong iku dijenengi “Sabdane Pengeran.” 14 Kabeh prajurit swarga melu Wong iku mbarek nunggang jaran putih pisan. Prajurit-prajurit iku mau gawe sandangan alus sing putih karo rijik. 15 Ana wedung landep sing metu teka cangkeme Sabdane Pengeran iku. Nggawe wedung iku, Sabdane Pengeran bakale mbabat sak'kabehe bangsa, ya bakale mrentah nggawe teken raja sing digawe teka wesi. Wong iku bakale meres anggur ning njerone watu gilingan anggur sing nggambaren amuk'ane Pengeran sing Maha Kuwasa. 16 Ning klambine mbarek pupune tetulis jeneng, yaiku,
“RAJANE SAK'KABEHE RAJA
GUSTINE SAK'KABEHE GUSTI”
17 Maringono reang ndeleng malaekat ngadek ning nduwure sengenge. Malaekat iku guneman banter ning kabeh manuk sing miber ning langit, “Ayo nglumpuk'a! Ayo pada melu kajatane Pengeran sing gede! 18 Ayo kumpula kepe sira bisa mangan mayite raja-raja, perwira-perwira, mbarek jago-jago perang. Ayo pada mangan mayite prajurit sing nunggang jaran ambek jarane sing mati pisan. Ayo pada mangan kabeh wong sing mati ning perang gede iki, mboh wong bebas utawa budak, mboh iku wong cilik utawa wong gede.”
19 Maringono reang ndeleng Kewan Kereng iku mbarek raja-raja ning ndunya. Kabeh prajurite wis kumpul kate nglawan Wong iku sing nunggangi jaran putih bebarengan kabeh prajurite swarga sing melu. 20 Tapi Kewan iku wis dicekel, ya nabine sing palsu iku pisan. Nabi palsu iku kewan nomer loro mau sing tau nglakoni mujijat-mujijat kanggo Kewan iku. Nabi palsu iku gawe mujijat kanggo nyesaten wong sing wis nerima tenger teka Kewan iku karo sing wis nyembah recane. Nabi ambek Kewan iku diuncalen urip-urip ning njero segara geni sing welirange mongah-mongah. 21 Kabeh prajurite dipateni katek wedung sing metu teka cangkeme Wong sing nunggangi jaran putih iku. Terus kabeh manuk mangan mayit sing mati iku sampek pada wareg.