Babel dimusnahen
18
Maringono, reang ndeleng malaekat liya mudun teka swarga. Malaekat iku nduwe kuwasa sing gede. Kamulyane malaekat iku madangi ndunya. 2 Malaekat iku memelung banter,“Babel wis dimusnahen,
kota sing gede iku wis dimusnahen.
Kota iku wis dadi umah kanggo roh-roh jahat,
kanggo roh sing najis,
kanggo kabeh manuk sing najis ambek sing disengiti wong.
3 Kota iku memper senok,
sing genehi anggur jinahane nang kabeh bangsa sampek pada mabuk,
ya raja-raja pada nglakoni jinah bebarengan senok iku.
Terus bakul-bakul ning ndunya wis dadi sugih
merga senok iku duwe napsu sing gede.”
Mlayua teka Babel sing kate diukum!
4 Maringono reang krungu suwara liya teka swarga sing guneman,
“He umat pengalemane Reang, metua teka kota iku
cekne sira orak melu nglakoni dusane,
cekne sira orak kenek blai sing kate diterima.
5 Dusane kota iku wis numpuk duwur, sampek nang langit.
Terus Pengeran orak nglalek'en kabeh salahe kota iku sing jahat.
6 Wehna nang kota iku persis sing digenehen kota iku nang wong liya.
Balesan nang kota iku ping pindone teka cingkir kelakuane dewe.
Cawisna ping pindone anggur jahate sing luwih kuwat ketimbang anggur sing dicawisen kanggo wong liya.
7 Gewehna nang kota iku siksa karo sara sing sak'akehe
kamulyan karo kesugihan sing wis dirasak'en wedok iku.
Kota iku guneman ning njero atine,
‘Esun Ratu sing lungguh ning tahtane esun.
Esun orak bisa dadi randa merga nanak bojone.
Esun orak bakal tau susah atine memper wedok sing bojone mati.’
8 Mangkane, kabeh blai bakale teka nang senok iku ning sak'dina.
Pepati, kesusahan, karo keluwen.
Wong wedok iku bakale diobong ning geni
merga Gusti Pengeran sing ngadili iku Maha Kuwasa.”
Blai nang kota Babel, sing digambaren senok
9 Pas iku raja-raja ning bumi sing wis mari nglakoni jinah ambek senok iku, ya ngrasak'en sugih bebarengan senok iku, bakale nguwasen kukuse geni sing ngobong senok iku mau. Terus raja-raja iku bakale susah nangisi merga patine senok iku. 10 Raja-raja iku bakale wedi temenan nang siksaan sing dialami kota gede iku, terus memelung,
'Blaen! Blaen, he kota sing gede!
He kota Babel sing kuwat!
Mung sak'jam wae ukumane sira wis teka!'
11 “Maringono bakul-bakul ning bumi bakale nangis karo susah merga kota iku. Wong-wong iku susah merga nanak maneh wong sing tuku barang-barange, 12 yaiku emas, perak, permata, mutiara, kain alus, kain ungu, kain sutera, kain kirmisi, terus macem-macem barang teka kayu sing wangi ambune, teka gading, teka kayu sing larang, teka tembaga, wesi mbarek pualam. 13 Wong-wong iku ya dodolan kayu legi, rempah-rempah, wewangian, mur, menyan, anggur, lenga, glempung alus, gandum, kebo sapi, domba, jaran, kereta, budak, ya jiwane menungsa pisan.
14 “Wong-wong iku bakale guneman, ‘He Babel, paran wae kesenengan sing sira kepingini wis ninggalen sira. Paran wae sing larang mbarek apik wis musnah. Kabeh iku orak bakal bisa ditemok'en maneh.’ 15 Wong-wong iku wedi merga siksaane sing bakal kedaden ning kota iku, dadi wong-wong iku ngadek adoh teka kono. Wong-wong iku pada sugih merga ngedol barang-barang ning kota iku. Wong iku nangis karo susah, 16 terus memelung,
‘Blaen! Blaen, he Kota sing gede!
Maune sira nggawe klambi teka lenan alus, nggawe kain ungu mbarek kain kirmisi.
Sandangane sira semorot mbarek emas, permata, karo mutiara.
17 Mung sak'jam wae kabeh dunya branane sira wis musnah!’
“Kabeh nahkoda, kabeh sing numpak kapal, awak-awak kapal, ambek sing nyambut gawe ning segara bakale ngadek adoh teka kota iku. 18 Pas wong-wong iku kabeh ndeleng kukuse geni teka kota iku sing kobong iku, wong-wong iku bakal guneman, ‘Orak tau ana kota sak'gedene kota iki!’ 19 Wong-wong iku bakal ndekek awu ning ndase mbarek nangis nemen. Wong-wong bakal memelung,
‘Blaen! Blaen, he Kota sing gede!
He Kota Babel sing kuwat!
Kabeh wong sing nduwe kapal ning segara wis dadi sugih merga sugihe kota iku!
Tapikne kota iku sak'jam wae wis musnah.’
20 Bungaha he Swarga, merga kota iku wis musnah!
Bungaha he umat pengalemane Pengeran!
Bungaha he utusan-utusan ambek nabi-nabi!
Pengeran wis ngukum senok iku
kanggo mbales paran sing wis dilakok'en senok iku nang sira kabeh.”
Orak kira Babel urip maneh
21 Ana malaekat sing kuwat sing ngangkat watu gede. Watu iku sak'gedene watu gilingan sing digawe nggiling gandum. Malaekat iku nguncalen watu iku nang segara, terus guneman,
“Ya persis watu iku, kota gede Babel bakale diuncalen sing banter nang isor.
Kota iku orak bakal ditemok'en maneh.
22 Unine kecapi, suling, slompret, mbarek alat musik liyane
orak bakal sira rungok'en maneh.
Terus, wong pinter ning penggawean paran wae orak bakal sira temok'en maneh.
Unine alat giling orak bakal sira rungok'en maneh.
23 Semorote lampu orak bakal katok maneh.
Suwarane kemanten lanang mbarek kemanten wedok orak bakal sira rungok'en maneh.
Bakul-bakule Babel maune dadi wong gede ning ndunya.
Terus kabeh bangsa disesaten nang ilmu sihire Babel sing goroh.
24 Babel diukum merga ning njero kota iku wis ditemok'en getihe nabi-nabi ambek umat pilihane Pengeran sing suci,
mbarek getihe kabeh wong sing dipateni ning ndunya.”