Kota Babel digambaren senok
17
Salah sijine teka malaekat pitu sing nggawa mangkok pitu iku teka karo guneman nang reang, “Renea. Reang kate ndudohen nang sira ukuman sing kate digewehen nang senok sing kesuwur iku. Wong wedok iku mau nggambaren kota Babel terus lungguh ning enggon sing akeh banyu. 2 Raja-raja ning bumi wis nglakoni jinah ambek wong wedok iku. Akeh uwong ning bumi wis mabuk ambek anggur jinahane.”
3 Maringono ning njerone roh, malaekat iku nggawa reang, Yohanes, nang ara-ara amba. Ning kana reang nguwasen wong wedok iku lungguh ning nduwure Kewan Kereng sing warnane abang. Ning awak'e kewan iku ana tulisan akeh jeneng sing ngenyek Pengeran. Kewan iku nduwe endas pitu karo sungu sepuluh. 4 Wong wedok iku nggawe klambi ungu karo abang sing didandani emas, permata karo mutiara. Wong wedok iku nggawa mangkok emas sing kebek karo banyu anggur sing nggambaren kelakuane keji ambek jinahane najis sing tau dilakoni. 5 Ning batuk'e ana tulisan jeneng rahasia yaiku:
ESUN IKI BABEL SING AGUNG
EMAKNE SENOK-SENOK
SUMBERE KABEH KELAKUAN
SING NAJIS NING NDUNYA.
 
6 Reang nguwasen wong wedok iku mabuk merga ngombe getihe umat pilihane Pengeran sing ngakoni Yesus. Reang gawok nemen nguwasen iku.
7 Terus malaekat iku guneman nang reang, “Ngapa sira gawok? Reang kate negesen rahasiane wong wedok iku nang sira karo rahasiane kewan sing ditunggangi iku, sing endase pitu karo sungune sepuluh iku. 8 Kewan sing wis sira wasen iku biyen urip, tapi sak'iki wis orak urip maneh. Tapikne kewan iku kate diuripen teka jurang pepati cekne bisa dimusnahen. Uwong ning ndunya sing jenenge orak tetulis ning Kitab Panguripan sak'jeke ndunya didadek'en mesti gawok nguwasen kewan iku. Merga kewan iku biyen urip, sak'iki orak urip maneh, terus kate teka maneh.
9 “Sira kudu bijak cekne bisa ngerteni iki. Ndase pitu ning kewan iku, yaiku pusung sing akehe pitu ning endi wong wedok, yaiku kota Babel, manggon. Ndase pitu iku ya pisan raja-raja sing akehe pitu. 10 Lima raja ning antarane pitu iku wis mati. Siji gek mrentah sak'iki. Terus sing sijine, yaiku ping pitune, gek durung teka. Nek'e raja ping pitune iku wis teka, raja iku kudu mrentah mek sediluk tok. 11 Kewan Kereng sing tau urip terus sak'iki orak urip maneh, iku sing diarani raja sing ping wolune. Raja sing ping wolu iku keitung ambek raja pitu sing maune. Tapi raja sing ping wolune iku bakal dimusnahen.
12 “Sungu sepuluh sing wis sira wasen iku, yaiku raja sing kehe sepuluh. Raja-raja iku durung mrentah tapi kate nerima kuwasa gawe mrentah bareng kewan iku suwene sak'jam. 13 Raja sepuluh iku nduwe tujuan siji. Raja-raja iku kate nggewehi kuwasane nang kewan iku. 14 Kewan iku kate nyerang nglawan Anak Domba, tapi Anak Domba bisa ngalahen kabeh musuhe. Anak Domba iku Gusti ning duwure sak'kabehe gusti, ya Raja ning duwure sak'kabehe raja. Anak Domba ambek wong-wong sing wis dipilih karo sing setia melu Yesus bakale pada menang.”
15 Maringono malaekat iku guneman nang reang, “Banyu sing dilungguhi senok iku nggambaren sak'kabeh suku, bangsa, negri karo basa. 16 Kewan iku ambek sungu sing akehe sepuluh kate nyengit nang senok iku. Sungu sepuluh iku kate nyolong kabeh sing diduweni wong wedok iku, terus ditinggalen muda blejet. Sungu sepuluh iku kate mangan ragane wong wedok iku ambek ngobong ragane ning geni. 17 Merga Pengeran ndadek'en sungu sepuluh iku karo kewan iku kepingin nglakoni paran sing dikarepen Pengeran. Sungu sepuluh iku bakal setuju nggewehi kuwasane nang kewan iku sampek sak'kabehe janjine Pengeran dijangkepi. 18 Wong wedok sing wis sira wasen nggambaren kota gede sing mrentah sak'kabehe raja-raja ning ndunya.”