Pitung Pagebluk
16
Maringono reang krungu suwara banter teka Umahe Pengeran, sing guneman nang malaekat pitu iku, “Budala, suntek'en pitung mangkok sing isine amuk'ane Pengeran nang ndunya.”
2 Malaekat sing kawitan budal nyuntek mangkok'e nang lemah. Terus saben wong sing nggawe tenger teka Kewan Kereng iku ambek nyembah recane ngalami borok sing nglarani karo njijik'i.
3 Malaekat sing nomer loro nyuntek mangkok'e nang segara. Terus segara iku dadi getih sing warnane abang tuwek, kaya getihe wong mati. Kabeh sing urip ning segara iku pada mati.
4 Malaekat sing nomer telu nyuntek mangkok'e nang kali-kali karo nang kabeh ndase banyu. Terus banyune kabeh dadi getih. 5 Terus reang krungu malaekat sing nguwasai sak'kabehe banyu iku guneman,
“Rika sing sak'iki ana, ya wis ana kawit biyen. Rika sing Maha Suci.
Rika sing adil ning sak'njerone ukumane iki.
6 Wong-wong iku wis ngutahen getihe umate Rika sing suci, ya uga nabi-nabine Rika.
Sak'iki Rika wis ngombeni getih nang wong-wong iku.
Wong-wong iku pantes nerima kabeh ukuman iku.”
7 Terus reang krungu suwara teka mesbah iku guneman,
“Ya, Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa,
Pengakimane Rika bener karo adil.”
8 Malaekat sing nomer papat nyuntek mangkok'e nang sengenge. Terus sengenge iku digewehi kuwasa ngobong menungsa katek geni. 9 Terus menungsa kobong teka panase geni sing medeni temenan. Wong-wong iku ngremehen jenenge Pengeran. Masia Pengeran iku sing nguwasai kabeh blai iku, tapikne menungsa iku orak gelem tobat terus mulyak'en Pengeran.
10 Malaekat sing nomer lima nyuntek mangkok'e nang nduwure tahtane Kewan Kereng iku terus kerajaane dadi peteng dedet. Menungsa ning kono nggeget ilate merga kelaran. 11 Wong-wong iku nyedani Pengeran sing ana ning swarga merga kelaran karo merga borok'e, tapikne wong-wong iku nolak tobat teka kelakuane.
12 Malaekat sing nomer enem nyuntek mangkok'e nang Kali Efrat sing gede iku. Banyune kali iku asat, cekne raja-raja sing teka wetan digewehi dalan. 13 Terus reang nguwasen roh jahat sing akehe telu ngentah kodok. Telung roh jahat iku metu teka cangkeme naga, cangkeme Kewan Kereng, terus teka cangkeme kewan sing nomer loro, yaiku nabi palsu. 14 Roh-roh jahat iku nglakoni mujijat karo tenger cekne nglumpuk'en sak'kabehe raja ning ndunya. Kabeh bangsa diklumpuk'en kanggo dinane perang gede nglawan Pengeran sing Maha Kuwasa.
 
15 Yesus guneman, “Delengen! Reang teka memper maling sing mara-mara teka. Wong sing jejaga, terus tetep nggawe sandangane bakal diberkahi. Nek ngono wong iku orak bebudalan muda blejet sampek isin dideleng wong liya.”
 
16 Maringono roh jahat telu iku nglumpuk'en raja-rajane ndunya ning sak'njerone panggonan sing jenenge “Harmagedon,” nurut basa Ibrani.
17 Malaekat sing nomer pitu nyuntek mangkok'e nang awang-awang. Terus ana suwara teka Umahe Pengeran sing metu teka tahtane Pengeran ngene, “Wis mari!” 18 Maringono ana kedadean kilat, gembleger banter suwarane gluduk, guruhe guntur, terus lindu gede. Orak tau ana lindu sak'gede iku sak'jeke menungsa manggon ning ndunya iki. 19 Kota Babel sing gede iku pecah dadi telung bagean. Ya kota-kota ning kabeh bangsa pada musnah pisan. Pengeran orak lali ngukum Babel sing gede iku. Pengeran nggenehi mangkok sing akeh anggur amuk'ane Pengeran sing medeni temen. 20 Kabeh pulau sirna, ya gunung-gunung orak bisa ditemok'en maneh. 21 Udan es sing gede temenan rotoh teka langit, nibani menungsa. Siji udan es iku petang puluh (40) kilo abote. Menungsa nyedani Pengeran merga malapetaka udan es sing medani temen iku.