Malaekat pitu nggawa blai pitu
15
Reang ndeleng tenger liya ning langit sing nggawok'i. Reang ndeleng malaekat pitu ambek blai pitu. Iku ngono blai sing pungkasan merga sak'wise iku amuk'ane Pengeran wis mari. 2 Reang ndeleng ngentah segara kaca campur segara geni ambek kabeh wong sing wis ngalahen kewan iku, recane, ambek nomer jenenge. Wong-wong iku pada ngadek ning pinggire segara kaca. Wong-wong iku nyekel kecapi sing digewehi Pengeran. 3 Wong-wong iku ngidungen kidunge Musa, abdine Pengeran, karo kidunge Anak Domba:
“Gede karo nggawok'i - kabeh penggaweane Rika,
ya Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa.
Adil karo bener - kabeh dalane Rika,
ya Rajane kabeh bangsa.
4 Kabeh uwong bakale wedi nang Rika,
Ya Gusti Pengeran.
Kabeh wong bakale muji jenenge Rika.
Mung Rika sing suci.
Kabeh bangsa bakale teka karo nyembah Rika,
merga penggaweane Rika sing adil wis dinyatek'en.”
 
5 Terus reang ndeleng Umahe Pengeran ning swarga, yaiku Kemah Suci.a Tapi slambu sing nutup Papan sing Maha Suci wis kebukak! 6 Terus metu teka kemah iku malaekat pitu sing nggawa blai pitu. Malaekat-malaekat iku nggawe klambi sing ngilap, ya putih memplak. Sabuk emas nyelempang dadane malaekat-malaekat iku.
7 Maringono salah sijine makluk papat sing urip iku nggewehi mangkok emas pitu nang malaekat pitu iku mau. Mangkok iku bek karo amuk'ane Pengeran sing urip sak'lelawase. 8 Umahe Pengeran iku dibek'i kukus kamulyan karo kuwasane Pengeran. Nanak sesijia wong sing bisa mlebu Umahe Pengeran iku sak'durunge pitung blai teka malaekat pitu iku mari.