Anak Domba ambek 144.000 wong sing ditebus
14
Maringono reang ndeleng Anak Domba ning ngarepe reang. Anak Domba ngadek ning Pusung Sion bareng satus petang puluh papat ewu (144.000) wong sing wis ditebus. Ning batuk'e wong-wong iku ana tulisan jenenge Anak Domba karo jenenge Bapakne Domba iku. 2 Terus reang krungu suwara teka swarga. Suwara iku ngentah coban gede karo gluduk sing gembleduk. Suwara sing tak rungok'en iku unine ngentah unine kecapi sing diunek'en wong. 3 Wong-wong iku ngidungen kidung anyar ning ngarepe tahtane Pengeran, mbarek ning ngarepe makluk papat sing urip karo sesepuh-sesepuh iku. Nanak sing bisa ngerti kidung anyar iku sak'liyane satus petang puluh papat ewu (144.000) wong iku sing wis ditebus teka ndunya. 4 Wong-wong sing satus petang puluh papat ewu (144.000) iku gek rijik, merga durung rabi, tapi wong kabeh iku gek murni memper prawan. Wong-wong iku ngetuten Anak Domba nang endi wae budal. Wong-wong iku ditebus teka antarane menungsa. Wong-wong iku dadi panen kawitan sing digewehen nang Pengeran ambek Anak Domba iku. 5 Nanak gorohan ning njero cangkeme, ya nanak cirine ning uripe.
Malaekat telu nggewehi pesen dewe-dewe
6 Maringono reang ndeleng malaekat liya sing miber duwur ning langit. Malaekat iku nyampek'en Kabar Apik sing langgeng nang menungsa ning bumi - nang saben bangsa, suku, basa, karo golongan uwong. 7 Malaekat iku guneman banter, “Wedia nang Pengeran, ya ajenana Pengeran. Wis teka wayahe kanggo Pengeran ngadili menungsa. Sembahen Pengeran sing wis gawe langit, ndunya, segara karo kabeh ndase banyu.”
8 Maringono malaekat sing nomer loro nyusul malaekat kawitan mau, terus guneman, “Ajur! Ajur kota Babel sing agung. Kota iku wis gawe kabeh bangsa mabuk sampek nglakoni jinah, terus orak setia nang Pengeran.”
9 Maringono malaekat nomer telu nyusul lelorone malaekat mau, terus guneman banter, “Wong sing nyembah kewan galak iku karo recane, mbarek nerima tengere ning batuk'e utawa tangane, 10 ya kate ngombe anggur murni amuk'ane Pengeran. Anggur murni iku wis dituangen sak'kuwate ning njero mangkok amuk'ane Pengeran. Wong-wong iku kate disiksa katek welirang sing mongah-mongah ning ngarepe malaekat-malaekat sing suci karo Anak Domba. 11 Terus kukuse geni sing nyiksa bakale munggah mentas sak'lelawase. Wong-wong iku bakale disiksa awan bengi teterusan, merga nyembah kewan karo recane, mbarek sing wis nerima tenger jenenge.” 12 Dadi umat pilihane Pengeran kudu sabar masia susah. Ya kudu setia nang prentahe Pengeran ambek setia percaya nang Yesus.
13 Maringono reang krungu suwara teka swarga sing unine ngene, “Tulisen iki:
‘Molai sak'iki, bebungaha wong sing sak'durunge mati wis dadi duwek'e Gusti Yesus.’ ”
Roh Suci guneman, “Ya. Iku ngono bener. Wong-wong iku digewehi leren teka penggaweane sing susah payah iku, merga penggaweane bakale mbarengi wong iku.”
Wayah panen ning ndunya
14 Reang ndeleng ana mendung putih ning ngarepe reang. Ning nduwure mendung iku lungguh wong sing katok ngentah Rajane Menungsa. Ning nduwure ndase ana mahkota emas. Ning tangane nyekel arit sing landep. 15 Terus ana malaekat liyane sing metu teka Umahe Pengeran. Malaekat iku guneman banter nang Rajane Menungsa sing lungguh ning nduwure mendung, “Jupuk'en arite Rika. Panenen merga wis teka wayahe panen. Ndunya wis mateng.” 16 Dadi Rajane Menungsa sing lungguh ning nduwure mendung putih iku nebah arite nang nduwure ndunya. Terus ndunya wis dipanen.
17 Maringono ana malaekat liyane sing metu teka Umahe Pengeran ning swarga. Malaekat iku ya nyekel arit sing landep. 18 Terus, ana malaekat maneh sing maune ana ning panggonan ngobong korban. Malaekat iku sing nguwasani geni. Malaekat teka panggonan ngobong korban iku guneman banter nang malaekat sing nyekel arit landep ngene, “Jupuk'en arite sira sing landep iku. Babaten dompolan woh-wohe anggur ning ndunya merga wohe wis pada mateng.” 19 Terus malaekat iku nebah arite nang nduwure ndunya. Malaekat iku nglumpuk'en wohe anggur teka ndunya terus diuncalen nang njerone alat sing digawe meres anggur. Alat meres anggur iku ngono amuk'ane Pengeran. 20 Woh-wohe anggur iku diperes ning njabane kota Yerusalem. Getih sing mili kemlucur teka alat meres anggur iku, jerone kira-kira rong meter, terus adohe telung atus (300) kilometer.