Kewan Kereng metu teka segara
13
Maringono reang ndeleng, terus ana Kewan Kereng sing metu teka segara. Kewan iku ndase pitu terus sungune sepuluh. Saben sungune ana mahkotane. Terus ning saben ndase ana tulisane jeneng-jeneng sing ngenyek Pengeran. 2 Kewan iku ngentah macan tutul. Tapi sikile ngentah sikile beruang. Cangkeme ngentah cangkeme singa. Naga iku nggewehen kuwasane, tahtane, ambek kekuwatan sing gede nang kewan iku. 3 Salah sijine ndase kewan iku ketok'e memper wis kenek catu sing bisa nggarai mati, tapikne catu iku wis waras. Kabeh menungsa sing ana ning ndunya iki pada gawok nang kewan iku, terus ngetuten kewan iku mau. 4 Wong iku kabeh pada nyembah nang naga, merga naga iku nggenehi kuwasa nang kewan iku. Kabeh wong iku ya pada nyembah kewan iku pisan, mbarek guneman, “Sapa sing duwe kuwasa ngentah kewan iku? Terus sapa sing bisa nglawan?”5 Kewan iku digewehi cangkem sing bisa nggunemen omongan sing gendak karo sing ngenyek Pengeran. Kewan iku diolehi duwe kuwasane sak'wene petang puluh loro (42) wulan. 6 Kewan iku mbukak cangkeme kepe ngenyek Pengeran, jenenge Pengeran, Umahe Pengeran, mbarek sapa wae sing manggon ning swarga. 7 Kewan iku diolehi perang nglawan umat pilihane Pengeran ambek ngalahen wong-wong iku. Kewan iku digewehi kuwasa kanggo nguwasani kabeh suku, uwong, basa karo bangsa. 8 Kabeh wong sing meneng ning nduwur bumi kate nyembah kewan iku. Tapi kabeh wong sing jenenge wis tetulis ning njero Kitab Panguripan sak'durunge ndunya didadek'en orak nyembah nang kewan iku. Anak Domba sing duwe kitab iku, merga Anak Domba iku wis dikorbanen.
9 Sapa sing duwe kuping, rungokna!
10 “Sapa wae sing ditentok'en dadi tawanan,
bakale ditawan.
Sapa wae sing ditentok'en dipateni katek wedung,
bakale dipateni katek wedung.” (Yeremia 15:2)
Dadi umat pilihane Pengeran kudu nduweni sabar masia susah, ya tetep percaya.
Kewan sing teka lemah
11 Maringono reang ndeleng ana kewan liya metu teka lemah. Kewan iku nduwe sungu loro ngentah anak domba, tapikne gunemane ngentah naga. 12 Kewan sing nomer loro iku oleh kuwasa teka kewan sing kawitan iku mau. Kewan sing nomer loro iku meksa kabeh wong nyembah kewan sing kawitan, sing catune meh mateni tapi wis waras. 13 Kewan sing nomer loro gawe mujijat gede, sampek ngeduk'en geni teka langit nang bumi ning ngarep mripate kabeh wong. 14 Merga kuwasa sing digenehi teka kewan sing kawitan, kewan sing nomer loro iku nyesaten kabeh wong ning ndunya. Kewan sing nomer loro ngongkon wong sing meneng ning bumi gawe reca kanggo ngajeni kewan sing kawitan, yaiku sing dilarani wedung, tapikne orak mati. 15 Kewan sing nomer loro nerima kuwasa nguripen reca kewan sing kawitan. Terus reca kewan sing kawitan iku bisa guneman. Reca iku nggarai sapa wae sing orak nyembah awak'e dewe cekne dipateni. 16 Kewan nomer loro iku ya meksa kabeh wong, cilik utawa gede, sugih utawa mlarat, sing bebas utawa budak, cekne digewehi tenger ning tangan tengene utawa nang batuk'e. 17 Nanak wong sing bisa tuku utawa dodol sak'liyane sing duwe tenger iku. Tenger iku jenenge kewan iku mau, utawa nomer jenenge.
18 Sapa wae sing nduwe pengerten bisa nemok'en maksut nomer kewan iku. Iki mbutuhen pengerten. Nomer iku nomere menungsa, yaiku enem atus enem puluh enem (666).