Wong wedok ambek naga
12
Ana tenger gede ning swarga, yaiku wong wedok sing nggambaren bangsa Ibrani : Ana wong wedok nganggok'en sengenge memper klambi, terus mbulan ana ning isore sikile. Ndase wong wedok iku nggawe mahkota sing ana lintange rolas. 2 Wong wedok iku mbobot, terus memelung kelaran merga kate nglairen. 3 Terus ana tenger maneh sing metu ning langit, yaiku naga gede sing warnane abang. Naga iku nduwe endas pitu. Ning saben ndase ana mahkotane. Naga iku nduwe sungune sepuluh. 4 Buntute naga gede iku nyeret sak'protelon (⅓) lintang-lintang ning langit terus ngantemen nang bumi. Terus naga iku ngadek ning ngarepe wong wedok sing kate babaran. Naga iku kate ngeleg bayine wong wedok iku sak'wise babaran. 5 Wong wedok iku nglairen Anak lanang. Anak lanang iku “bakal mrentah sak'kabehe bangsa nggawe teken wesi.”† Anak iku dijukuk, terus digawa Pengeran nang tahtane. 6 Wong wedok iku mlayu nang ara-ara amba, yaiku nang panggonan sing wis dicawisen gawe wong wedok iku teka Pengeran. Ning enggon iku wong wedok iku kate dirumat sak'suwene sewu rong atus suwidak (1.260) dina.7 Maringono kedaden perang ning swarga. Mikhael karo malaekat-malaekate nglawan naga iku. Naga iku direwangi nang malaekat-malaekat jahat sing melu naga iku. 8 Tapi naga iku orak kosi kuwat. Naga karo malaekat-malaekate sing jahat orak oleh enggon ning swarga. 9 Naga iku ambek malaekat-malaekate diuncalen mudun nang ndunya. Naga iku mau, ula kuna kala, sing diarani Iblis, utawa Setan, sing nyasaren sak'kabehe ndunya.
10 Maringono reang ngrungok'en suwara sing banter ning swarga guneman,
“Sak'iki wis teka wayahe Pengeran nyelameten wong pilihane.
Sak'iki Pengeran ndudohen kuwasane.
Sak'iki kerajaane Pengeran wis dinyatak'en.
Sak'iki Raja Pilihane Pengeran kate mrentah.
Merga musuh sing ndarani dulur-dulure kene awan bengi ning ngarepe Pengeran,
wis diuncalen nang isor.
11 Dulur-dulure kene wis ngalahen musuh sing ndarani iku
ngliwati getihe Anak Domba karo
ngliwati kesaksiane wong-wong sing ngakoni Yesus iku.
Wong-wong iku orak ngeman nyawane dewe sampek orak wedi nang patine.
12 Mangkane bungaha, he Swarga,
ambek sak'kabehe wong sing urip ning njerone.
Tapi blaen wong sing manggon ning ndunya karo segara,
merga Iblis wis mudun mrana.
Iblis nemen mangkele,
merga wektune nglakoni jahat mek titik.”
13 Naga iku sadar nek wis diuncalen nang ndunya. Dadi naga iku nguber wong wedok sing nglairen anak lanang iku. 14 Nang wong wedok iku digewehen swiwi loro teka manuk bido sing gede cekne wong wedok iku bisa miber nang ara-ara amba, nang enggon sing wis dicepak'en kanggo wong wedok iku. Ning enggon iku dirumat sampek telung taun setengah lawase. Enggon iku adoh teka naga iku.
15 Maringono naga iku ngutahen banyu teka cangkeme sak'gedene kali gede nang wong wedok iku, cekne wong wedok iku kelarot. 16 Tapi bumi ngrewangi wong wedok iku, terus mbukak cangkeme ambek ngeleg banyu kali gede sing diutahen naga iku teka cangkeme. 17 Mulane naga iku tambah ngamuk nemen nang wong wedok iku, terus budal merangi anak-anak'e wong wedok sing liyane, yaiku wong sing nuruti prentahe Pengeran karo setia nyaksek'en ngenek'i Yesus. 18 Terus naga iku ngadek ning pinggire segara.