Saksi loro
11
Maringono reang digewehi kayu sing gawe ngukur persis teken. Terus ana sing guneman nang reang, “Budala, terus ukuren Umahe Pengeran karo mesbahe. Itungen wong-wong sak'iki sing sembahyang ning kana. 2 Tapi ajo ngukur lataran Umahe Pengeran ning njabane. Jaren wae. Enggon iku wis digewehen nang wong-wong sing duduk Ibrani. Wong-wong iku kate ngidek-ngidek kota suci sampek petang puluh loro (42) ulan. 3 Reang kate nggewehi kuwasa nang lelorone saksine reang. Terus wong-wong iku bakal gawe sandangane wong sing susah atine ambek ngramalen paran sing bakale kedaden suwene sewu rong atus suwidak (1.260) dina.” 4 Lelorone saksi iku digambaren “wit saitun loro” karo “cagak'e damar loro” sing ngadek ning ngarepe Gusti Pengeran sing nggawe jagad.
5 Nek ana wong sing arep nglarani saksi-saksi iku, bakale metu geni teka cangkeme saksi loro iku sing nggosongen kabeh musuh-musuhe. Kabeh uwong sing arep nglarani saksi loro iku bakal mati teka cara iku mau. 6 Wong-wong iku duwe kuwasa nutup langit cekne nanak udan sak'wene wong-wong iku nyampek'en ramalane. Wong-wong iku duwe kuwasa ngrubah banyu dadi getih. Wong-wong iku duwe kuwasa ndadek'en sembarang kalir blai ning ndunya sak'geleme.
7 Pas lelorone saksi iku wis marek'en paran sing kudu disampek'en, kewan sing metu teka jurange pepati kate nyerang wong-wong iku. Kewan iku kate ngalahen karo mateni wong-wong iku. 8 Mayite saksi loro iku bakal dideleh ning alun-alune kota Yerusalem sing agung iku. Kota iku ning basa kiasan diarani ‘Sodom’, ya diarani pisan ‘Mesir.’ Ning kota iku Yesus, Gustine wong-wong iku, dipateni. 9 Wong-wong teka saben bangsa, suku, basa, karo golongan bakale nguwasen mayite wong loro iku sampek telung dina setugel. Wong-wong iku orak ngolehi lelorone mayit saksi iku dikubur. 10 Wong-wong iku sing manggon ning ndunya kate bungah atine merga matine lelorone saksi iku. Wong-wong iku bakale slametan karo pada geweh-gewehan hadiya siji nang sijine. Wong-wong iku pada seneng-seneng merga lelorone nabi iku wis nggawa akeh sarane nang uwong sing urip ning ndunya.
11 Sak'marine, telung dina setengah, ambek'an urip teka Pengeran bakal mlebu maneh nang njero awak'e lelorone saksi iku. Wong-wong iku bakal urip maneh, terus ngadek ning tengah-tengahe akeh wong. Wong-wong sing nyaksek'en iku bakal nemen wedine. 12 Maringono wong-wong iku ngrungok'en suwara sing metu teka swarga sing guneman nang lelorone saksi iku, “Munggaha, mrene!” Dadi wong loro iku munggah nang langit sampek ketutupan mendung. Terus musuh-musuhe nyaksek'en kedaden iku.
13 Pas jam sak'mono, kedaden ana lindu sing gede. Sepersepuluh (¹⁄₁₀) teka kota iku ajur. Terus pitung ewu (7.000) wong pada mati merga lindu iku mau. Wong-wong iku sing orak mati keweden nemen, terus mulyak'en Pengeran sing ana ning swarga.
14 Blai sing nomer loro wis mari. Blai sing nomer telu bakale ndang-ndang nyusul.
Slompret sing nomer pitu
15 Malaekat sing nomer pitu nyebul slomprete, terus krungu suwara-suwara sing banter ning swarga. Kabeh suwara pada iku guneman,
“Kerajaane ndunya wis dadi kerajaane Pengerane kene
ambek Raja Pilihane Pengeran.
Raja Yesus bakal mrentah sampek sak'lelawase.”
16 Maringono patlikure (24) sesepuh sing lungguh ning tahta ning ngarepe Pengeran sujud ambek nyembah Pengeran. 17 Kabeh sesepuh pada guneman,
“Kene nedanerima nang Rika, Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa.
Rika iku sing sak'iki ana karo sing biyen wis ana.
Kene nedanerima merga Rika wis nggawe kuwasane Rika sing gede,
terus wis molai mrentah.
18 Sak'kabehe bangsa wis memoring,
tapi sak'iki amuk'ane Rika wis teka.
Wayahe wis teka kanggo ngadili kabeh wong sing mati,
ya kanggo mbalesen nabi-nabi sing ngladeni Rika,
bebarengan umat pilihane Rika sing ngajeni jenenge Rika,
ya sing gede karo sing cilik.
Wayahe wis teka kanggo musnahen wong-wong sing ngrusak'en ndunya iki.”
19 Maringono kebukak Umahe Pengeran ning swarga. Ning njerone katok Peti Janji.a Terus kedadean kilat, gluduk, gembleger, lindu, karo udan watu es.