Malaekat nyekel gulungan kitab cilik
10
Maringono reang ndeleng malaekat liya sing duwe kuwasa gede mudun teka swarga. Malaekat iku ditutupi mendung. Ana klowong ngubengi ndase. Raine tiru sengenge, sikile tiru cagak geni. 2 Malaekat iku mau nyekeli gulungan kitab cilik sing wis kebukak ning tangane. Sikil tengene malaekat iku ana ning nduwure segara, mbarek sikil kiwane ana ning nduwure lemah. 3 Malaekat iku memelung banter, ngentah ngaume singa. Pas malaekat iku memelung, reang krungu suwara gluduk pitu pada muni. 4 Pas krungu suwara gluduk pitu iku mau, reang kawit nulis. Tapi, reang krungu pisan suwara teka swarga guneman, “Ajo ditulis paran sing digunem suwara gluduk pitu iku mau. Singetna gunemane iku.”5 Terus malaekat sing tak deleng ngadek ning nduwure segara mbarek ning nduwure lemah iku mau ngangkat tangan tengene nang swarga. 6 Malaekat iku sumpah gawe jenenge Pengeran sing urip sak'lelawase, sing gawe langit sak'isine, ndunya sak'isine, karo segara sak'isine. Malaekat iku guneman, “Wayahe orak bakal diundur maneh! 7 Pas wayah malaekat nomer pitu nyebul slomprete, rahasiane Pengeran bakal dijangkepi. Kabeh iku bakal kedadean persis sing tau disampek'en nang nabi-nabine sing ngladeni Pengeran biyen.”
8 Maringono reang krungu maneh suwara sing pada. Suwara teka swarga iku guneman nang reang ngene, “Budala, terus jupuk'en gulungan kitab sing wis kebukak ning tangane malaekat iku sing ngadek ning nduwure segara mbarek ning nduwure lemah.”
9 Dadi reang budal nekani malaekat iku mau, terus njaluk kepe malaekat iku nggewehen gulungan kitab cilik iku nang reang.
Malaekat iku guneman nang reang, “Jupuk'en gulungan iki, terus panganen. Gulungan iki bakal nggawe wetenge sira krasa pait, tapi ning njero cangkeme sira krasa legi tiru madu.”
10 Maringono reang njupuk gulungan kitab cilik iku teka tangane, terus tak pangan. Ning njero cangkeme reang rasane legi persis madu, tapi sak'wise reang mangan gulungan iku mau, wetenge reang krasa pait. 11 Terus digunemen maneh nang reang, “Sira kudu ngramalen maneh ngenek'i kabeh suku-suku, bangsa-bangsa, basa-basa, ambek raja-raja.”