Slompret nomer lima
9
Malaekat nomer lima iku nyebul slomprete, maringono reang ndeleng lintang sing rotoh teka langit nang bumi. Lintang iku mau digewehi kunci sing bisa mbukak jurange pepati sing saking jerone, nanak watese. 2 Dibukak lawange jurang pepati iku, terus munggah kukuse teka bolongane iku persis kukuse teka enggone geni sing nemen gedene. Sengenge karo langit dadi peteng merga kukus teka bolongan iku mau. 3 Akeh walang metu teka kukus iku mau mbarek teka nang bumi. Walang-walang iku mau digewehi kuwasa gawe ngentup, persis kalajengking. 4 Walang-walang iku wis dikongkon kepe ajo ngrusak suket, tetanduran, utawa wit-witan ning bumi. Walang-walang iku mau mek bisa nglarani menungsa sing orak nduwe cape Pengeran ning batuk'e. 5 Walang-walang iku wis diolehi gawe nyiksa menungsa sak'suwene limang wulan lawase. Tapikne walang-walang iku orak digewehi kuwasa mateni menungsa, mek nglarani persis kalajengking sing ngentup wong. 6 Pas wayah iku, merga saking larane, menungsa kabeh bakale pada nggolek cara cekne mati, tapikne orak bisa. Masia kepingin mati, tapikne orak diolehi.
7 Walang-walang iku katok'e kaya jaran sing disiapen gawe perang. Ning nduwur ndase ana sing memper mahkota emas. Raine memper raine menungsa. 8 Rambute tiru rambute wong wedok. Untune tiru untune singa. 9 Dadane tiru klambi wesi. Unine swiwine tiru unine grobak'e akeh jaran sing maju ning peperangan. 10 Buntute ana entupe tiru kalajengking. Ning njero buntute ana kuwasa gawe nglarani menungsa limang wulan lawase. 11 Malaekat sing nguwasani jurang pepati iku dadi rajane walang-walang iku. Jenenge malaekat iku “Abadon” ning basa Ibrani, karo “Apolion” ning basa Yunani.a
12 Blai sing kawitan wis klewat, tapikne gek ana maneh loro blai sing bakal nyusul.
Slompret nomer enem
13 Malaekat nomer enem nyebul slomprete. Reang krungu suwara teka sungu papat sing ana ning mesbah emas. Mesbah iku ana ning ngarepe Pengeran. 14 Suwara iku guneman nang malaekat nomer enem iku sing nyekel slompret iku, “Culna malaekat papat sing ditaleni ning Kali Efrat sing gede iku!” 15 Malaekat papat iku wis dicawisen persis wayah iki, yaiku jame, dinane, wulane karo taune. Malaekat-malaekat iku diculen kanggo mateni sak'protelone (⅓) menungsa ning ndunya iki. 16 Reang nguwasen akehe prajurit sing nunggang jaran akehe rong atus juta (200.000.000).
17 Ning wangsite reang ndeleng jaran-jaran karo wong sing nunggangi. Wong-wong iku nggawe klambi perang sing warnane abang murup, biru tuwek karo kuning persis welirang. Ndase jaran iku persis ndase singa. Teka cangkeme metu geni, kukus karo welirang. 18 Sak'protelone (⅓) menungsa dipateni merga blai telu iki sing metu teka cangkeme jaran-jaran iku, yaiku geni, kukus karo welirang. 19 Kekuwatane jaran-jaran iku mau ana ning njero cangkeme mbarek ning njero buntute. Buntute tiru ula sing nduwe ndas gawe nyokot mbarek nyiksa menungsa.
20 Tapi menungsa liyane, sing durung mati merga blai iku mau, gek orak gelem tobat teka kelakuane dewe sing jahat. Wong-wong iku ya gek nyembah roh-roh jahat mbarek reca dewa teka emas, perak, tembaga, watu karo kayu, yaiku reca dewa sing orak bisa nguwasen, ngrungok'en utawa mlaku. 21 Terus wong-wong iku orak tobat teka mateni uwong, teka sihir, jinah, ambek nyolong.