Cap nomer pitu
8
Anak Domba mbukak cap nomer pitu. Maringono sepi jlengut ning swarga, kekira setengah jam suwene.
2 Terus reang deleng pitu malaekat sing ngadek ning ngarepe Pengeran. Malaekat-malaekat iku digewehi slompret pitu.
3 Maringono ana malaekat liya sing teka terus ngadek ning ngarep parek'e mesbah. Malaekat iku nyekel prapen teka emas. Terus malaekat iku digewehen pisan akeh menyan cekne diobong bebarengan dedungane kabeh umat pilihane Pengeran. Malaekat iku nyelehen menyan iku ning duwure mesbah iku. Mesbah iku digawe teka emas, terus ana ning ngarepe tahtane Pengeran. 4 Maringono kukuse menyan iku munggah teka prapen ning tangane malaekat iku ning ngarepe Pengeran. Kukus iku munggah bebarengan karo dungane kabeh umat pilihane Pengeran. 5 Maringono malaekat iku njupuk prapen iku mau, terus di'isi karo geni teka mesbah iku. Sak'wise iku, malaekat iku nguncalen geni iku nang bumi. Geni iku ndadek'en gluduk karo unen-unen liyane, bebarengan bledek karo lindu.
Slompret pitu diunek'en
6 Sak'marine ngono iku malaekat pitu sing nyekel slompret pitu iku siap-siap nyebul slomprete.
7 Malaekat sing kawitan nyebul slomprete, terus kedaden udan es karo geni campur getih nibani bumi iki. Dadi kobong sak'protelone (⅓) bumi, sak'protelone (⅓) wit-witan, karo suket sing ijo-ijo kabeh gosong.
8 Malaekat nomer loro nyebul slomprete, terus ana sing persis gunung gede sing kobong mbarek geni, sing diuncalen ning segara. Sak'protelone (⅓) segara dadi getih. 9 Sak'protelone (⅓) makluk sing urip ning segara mati. Maringono sak'protelone (⅓) prau gede sing ana dijuren.
10 Malaekat nomer telu nyebul slomprete, terus ana lintang sing gede sing murup persis oncor rotoh teka langit. Lintang iku rotoh ngebyuki sak'protelone (⅓) teka kabeh kali karo ndase banyu. 11 (Jenenge lintang iku ‘Apsintus,’ sing tegese Pait). Sak'protelone (⅓) banyu dadi pait. Akeh wong mati merga ngombe banyu sing pait iku.
12 Malaekat nomer papat iku nyebul slomprete. Terus sak'protelone (⅓) sengenge, mbulan karo lintang-lintang keantem, merga iku mau dadi peteng dedet. Sak'protelone (⅓) awan karo bengi dadi peteng dedet.
13 Pas reang gek nguwasen, reang krungu manuk bido miber, terus guneman banter, “Blai! Blai! Blai nang wong-wong sing manggon ning ndunya iki merga unine slompret sing bakale disebul nang malaekat telu sing liyane!”