Wong Ibrani sing dicap
7
Mari kedadean iku, reang ndeleng malaekat papat ngadek ning bumi sisih lor, kidul, wetan, ambek kulon. Malaekat-malaekat nahan angin teka lor, kidul, wetan, ambek kulon kepe nanak maneh angin sing semilir ning daratan, segara utawa ning wit-witan. 2 Maringono reang ndeleng ana malaekat liyane. Malaekat nomer lima iku metu teka wetan. Malaekat iku nggawa cape Pengeran sing urip. Malaekat iku guneman banter nang malaekat papat iku mau sing wis nerima kuwasa teka Pengeran kanggo ngrusak daratan mbarek segara. 3 Jarene malaekat iku ngene, “Ajo ngrusak daratan, segara utawa wit-witan sak'durunge kene ngecap umat sing ngladeni Pengeran. Kene kudu ngecapen ning batuk'e.”
4 Maringono reang krungu jumlahe wong-wong sing dicap iku. Jumlahe satus petang puluh papat ewu (144.000) sing asale teka kabeh suku Ibrani.
5 Teka suku Yehuda rolas ewu (12.000),
teka suku Ruben rolas ewu (12.000),
teka suku Gad rolas ewu (12.000),
6 teka suku Asyer rolas ewu (12.000),
teka suku Naftali rolas ewu (12.000),
teka suku Manasye rolas ewu (12.000),
7 teka suku Simeon rolas ewu (12.000),
teka suku Lewi rolas ewu (12.000),
teka suku Isakhar rolas ewu (12.000),
8 teka suku Sebulon rolas ewu (12.000),
teka suku Yusuf rolas ewu (12.000),
teka suku Benyamin rolas ewu (12.000).
Akeh wong percaya sing orak bisa keitung
9 Maringono reang ndeleng akeh menungsa sing orak keitung jumlahe. Wong-wong iku asale teka kabeh bangsa, suku, kaum mbarek basa. Wong-wong ngadek ning ngarepe tahtane Pengeran mbarek ning ngarepe Anak Domba iku. Wong-wong iku nggawe jubah putih ambek nyekel godong-godong piji ning tangane. 10 Wong-wong iku guneman banter ngene,
“Sing nyelameten, yaiku Pengerane kene sing lungguh ning nduwure tahta,
ambek Anak Domba.”
11 Kabeh malaekat ngadek terus ngubengi sesepuh-sesepuh mbarek makluk papat sing ana ning ngarepe tahta iku. Sak'kabehe wong ambek makluk iku mau sujud ning ngarep tahta mbarek nyembah Pengeran. 12 Terus kabeh iku pada guneman,
“Amin! Puja, kamulyan, hikmat, nedanerima, aji, kuwasa, karo kekuwatan
gawe Pengerane kene sak'lelawase! Amin!”
13 Maringono ana siji sesepuh iku sing takon nang reang, “Sapa wong-wong sing nggawe jubah putih iku? Teka endi asale wong-wong iku?”
14 Reang semaur, “Pak, mestine rika weruh.”
Terus wong iku guneman nang reang, “Wong-wong iku mau wong-wong sing wis ngalami pulasara sing nemen. Wong-wong iku wis ngumbah klambine mbarek getihe Anak Domba, terus sak'iki klambine iku wis dadi putih rijik.
15 “Dadi, wong-wong iku sak'iki ngadek ning ngarepe tahtane Pengeran. Wong-wong iku nyembah Pengeran teterusan awan bengi ning njero Umahe Pengeran. Pengeran sing lungguh ning nduwure tahta iku bakale ngayomi wong-wong iku mau.
16 Wong-wong iku orak bakal keluwen mbarek orak bakal ngelak maneh.
Sengenge orak bakal nglarani wong-wong iku,
ya wong-wong iku orak bakal kobong nang panas liyane.
17 Anak Domba sing ana ning tengah-tengahe tahta bakal ngangon wong-wong iku.
Anak Domba bakal nuntun wong-wong iku nang ndase banyu sing nggewehi urip.
Terus Pengeran bakal mbusek kabeh eluh teka mripate wong-wong iku.”