Cap sing kawitan sampek nomer enem dibukak
6
Maringono reang ndeleng Anak Domba iku mbukak cap sing kawitan teka pitung cap iku mau. Reang ngrungok'en siji teka papat makluk urip iku guneman mbarek suwara persis suwarane gluduk. Unine, “Ayo!” 2 Terus reang ndeleng ning ngarepe reang ana jaran putih. Wong sing nunggangi nggawa panah. Wong iku digewehi mahkotane raja. Maringono wong sing nunggang jaran iku maju kate ngalahen musuh-musuhe.
3 Maringono Anak Domba iku mbukak cap sing nomer loro iku. Terus reang krungu makluk sing nomer loro guneman, “Ayo!” 4 Terus ana jaran liyane sing maju. Jaran iku warnane abang. Wong sing nunggang jaran iku mau nggawa wedung sing gede. Wong iku digewehi kuwasa gawe njupuk damang teka ndunya, sampek menungsa kabeh pada mateni siji nang sijine.
5 Maringono Anak Domba iku mbukak cap sing nomer telu. Terus reang krungu makluk sing nomer telu guneman, “Ayo!” Reang ndeleng ning ngarepe reang ana jaran ireng. Sing nunggangi jaran iku nyekel timbangan ning tangane. 6 Terus reang ngrungok'en suwara sing metu teka tengah-tengahe makluk papat iku, jarene, “Sak'kilo gandum dadi regane buruhan sak'dina! Mbarek telung kilo dedek dadi regane buruhan sak'dina! Tapi ajo ngrusak lenga karo anggur.”a
7 Maringono Anak Domba mbukak cap sing nomer papat. Terus reang ngrungok'en suwarane makluk nomer papat guneman, “Ayo!” 8 Reang ndeleng ana jaran sing warnane pucat. Sing nunggangi iku mau jenenge Pepati, terus Neraka ana ning mburine. Lelorone iku digewehi ijin kanggo nguwasani seprapate (¼) ndunya. Lelorone iku diolehi mateni menungsa gawe wedung, paceklik, lelara, karo kewan-kewan alas ning ndunya.
9 Maringono Anak Domba iku mbukak cap nomer lima. Terus reang ndeleng pepirang jiwane wong ning isore mesbah. Pas jiwane wong iku urip ning ndunya wong-wong iku dipateni merga nyampek'en pesene Pengeran ngenek'i Yesus, ya ngakoni percaya nang Yesus. 10 Jiwa-jiwa iku mau guneman banter, “Duh Gusti Pengeran sing suci ambek bener, sampek pira suwene maneh Rika ngadili wong-wong sing meneng ning ndunya? Sampek pira suwene Rika mbales wong-wong sing mateni kene?” 11 Saben jiwa iku mau digewehi sandangan putih. Maringono jiwa-jiwa iku dikongkon ngenteni sediluk maneh merga gek ana dulur-dulur sing ngladeni Kristus sing bakal dipateni, tiru wong-wong iku mau.
12 Maringono reang nguwasen Anak Domba iku mbukak cap nomer enem. Ana lindu sing nemen bantere. Sengenge dadi ireng tiru klambi teka wulune wedus ireng. Mbulan dadi abang tiru getih. 13 Lintang-lintang ning langit rotoh nang ndunya tiru woh ara sing rotoh teka wite merga wite kenek angin sing gede. 14 Langite sigar terus kegulung tiru gulungane kitab. Saben pusung mbarek pulau dijupuk teka enggon maune.
15 Maringono sak'kabehe macem wong pada singetan ning njero gua-gua mbarek sela-selae watu karang ning pusung. Wong-wong iku mau mboh raja-raja ning ndunya, wong-wong gede mbarek perwira-perwira, wong sugih mbarek wong sing nduwe kuwasa, ya wong gede, cilik, buruh ambek budak pada singetan. 16 Wong-wong iku pada guneman nang pusung-pusung mbarek watu karang, “Gugruk'a, nibanana kene! Singetna kene teka Pengeran sing lungguh ning duwure tahta iku. Singetna kene teka amuk'ane Anak Domba. 17 Wis teka dina amuk'ane Pengeran ambek Anak Domba! Nanak sesijia sing bisa urip!”